You are on page 1of 4

NASIBE MANUNGSA Srengenge menthor-menthor. Panase sumelet ngobong kulit.

Dhasar wis patang minggu ora udan, lemah-lemah sing dak encik kaya nglocotake dlamakan sikil. Dakdengak srengengene, jane ya wis sauntara dohe karo kulminasi langit, wis lingsir mengulon. Nanging panase isih wae panggah, ora suda-suda. Dalan setapak sing wuda tanpa pinayungan kekayon terus wae dakpecaki. Kiwa tengene dalan setapak , tegal sawah bera bawera. Ana sawetara ijoning godhong-godhong jagung kang katon sapendeleng ing adoh kana. Sauntara gubug-gubug ing sakiwa tengene dalan padha suwung, racak-racake sing duwe gubug padha urban golek dhuwit menyang kutha sing jare luwih gampang. No, Darno ! Reneya ! Sakala aku mlengak. Pas olehku mlengak, Kang Parman mudhun saka njero gubug, ngundang lan ngawe aku. Sajake ana gawe. Tanpa piker dawa aku jumangjah marani Kang Parman. iki lho leren sik. Aku mau nggawa tela godhog karo teh. Ayo diserbu dhisik, sumeh, grapyak semanak, lan eseme sing ngatonake untu gingsule, sak weruhku ora tau copot saka lageyane Kang Parman. Aku dijak munggah gubuge. Banjur bontote, tela godhog sing dibuntel gpdhong lan tehe sing diwadhahi botol aqua, didhasarake ing amben-ambenan gubug. Rumangsaku pakah gubugmu sempal Kang, kok celuk-celuk. Tiwas kebeneran, malah ana undangan pesta kebun, sautku nggo pantes-pantes. Kang Parman ngetokake rokok sing durung dibukak segelane. Ponakanmu wingi rak tilik ngomaj, tangane Kang Parman uwet mbukak bungkus rokok. Banjur ndudur sak ler, terus disumet. Aku sing saben dina udutku mung mbako gewol, ya melu-melu makmum ngrasakake nikmate rokok. Kerjane neng endi ta, Kang? Neng pabrik plastic. Mbuh, saiki jare wis munggah dadi mandhor. Jare lumayan ceperane. Yen dadi mandhor ya pancen lumayan tenan, Kang. KErjane yang penak, mungkari ngawas-ngawasi, sambungku karo ngleleg tela. Maune lulusan apa, Kang? aku nyambi nglangga teh ning botol aqua sawise gorokanku krasa seret. Wah, tehe kok ya ngungkuli teh sosro. Legi sepet-sepete krasa tenan. Mung SMA, jane ya njaluk kuliah maune. Ning kowe dhew rak ya ngerti kahananku. Nyekolahake tekan lulus SMA wae wi mengkis-mengkis ning dhadha, kok ndadak arep nekat nguliahke, ya sida pedhot napasku. Yen bocahe ngono yap inter, wong oleh rangking siji terus, kok. Tangane Kang Parman ndudut tela sak puk. Aku ya ngandel yen anakmu kuwi pinter kaya bapake, eseme Kang Parman mlethek nyigar lambene krungu pangalembanaku. Ning tenan, nalika isih sekolah Kang Parman kuwi biyen pinter dhewe sak kelas. Ning pinter iku jebul kalah karo sing jeneng begja. Kowe rake ling Umar ka eta? Kancane dhewe sing goblog, ngowoh, pahpoh, ka? takonku. Kang Parman manthuk. Pancene kabeh kancane sekelas Umar kalebu aku lan Kang Parman, padha ngarani yen Umar kui bocah sing paling bodho. Mosok nalika guru biologi takon kebo kuiwi manak apa ngendhog, wangsulane jare ngendhog. Mesthi bocah sakelas padha ngguyu cekakakan, kalebu Pak Guru kang kudune nesu. Lucu meneh yen wayahe nembang utawa nyanyi, tembang utawa lagu sembarang dhengah, iramane padha wae, kaya wong menek. Saka ngisor mendhuwur tanpa cengkok, ndlujur. Dadi yen Umar giliran nembang utawa nyanyi, padha karo ing kelasku ana dhagelan. Nganti kaku neng weteng marga kemekelen. Malah Bu Guru Eni, guru kesenian, rikala lagi sepisanan krungu tembang lan nyanyiane Umar, merga saking ngempet ngguyu nganti mlayu neng kamar mandi.

Kok kowe ngerti, Umar kae saiki dadi Kepala Sekolah, kandhan Kang Parman gawe kejotku. Mripat nganti mblalak amba. Lha kok bisa ! Kepala Sekolah kuwi wiwitane rak kudu dadi guru dhisik. Kamangka guru kuwi dadi narasumber kang pener lan bener. Gek-gek ndang menehi soal marang muride, kebo kuwi ngendhog dibenerake. Rak payah ! utawa gek-gek nalika didhaular muride supaya nembang utawa nyanyi, eh, ora bisa mbayangake aku. E, lha sapa ngerti yang nembang utawa nyanyi dadi guyon, ndang lagu dhangdhut utawa pop malah jagone. Sapa ngerti ! kok kowe ngerti yen dadi Kepala Sekolah, sing menehi kabar sapa ta , Kang ! Banjur Kang Parman crita. Biyen saluluse SMP (bocah bodho kok ya bisa lulus), Umar ngulandara golek gaweyan ning kutha Semarang. Saben dina Umar ngleyeng menyang kantor-kantor, menyang pabrik, nawakake tenagan supaya ditampa nyambut gawe. Nanging kantor-kantor sing dilebini, racak ora ana lowongan. Mung bandha ijazah SMP wae, arep diselehke ngendi. Lowongan sig pas ya mung penjaga utawa pesuruh. Emane kantor-kantor sing dileboni wis ana penjagane. Saben dina dheweke ditampik saka kantor siji menyang kantor sijine meneh. Saka pabrik siji menyang pabrik liyane. Nanging Umar sajak ora nglokro. Najan yen bengu direwangi turu ing mesjid utawa terminal, esuke panggah nerusake niyate golek gaweyan. Mbok menawa iki sing dadi kehebatane utawa kaluwihane Umar. Yen cita-citane durung kecekel, ora bakal mandheg dalan. Nganti ing sawijining dina, Umar mlebu sawijining Kantor Kelurahan. Kebeneran Pak Lurahe butuh tenaga ora kanggo kantor, nanging kanggo tenaga omah. Gampangane Pak Lurah butuh pembantu utawa buruh lanang. Umar cekat-ceket nampa, tanpa lakon sesasine dibayar pira. Pokoke sing penting bisa temangsang dhisik. Soale wis krasa kesel olehe rana-rene, mlebu metu kantor apa dene pabrik. Soale mengko neng kene kepenak utawa ora, dipikir mburi karo mlaku. Ing daleme Pak Lurah,Umar bisa ngepek atine keluargane Pak Lurah. Kabeh putraputrane Pak Lurah padha seneng karo Umar. Yen mung perkara gaweyan, sepisan dikandhani, Umar mesthi ndalan, ora ndadak mindhan-mindhoni. Soal mangan memangan, Umar ora tau protes piye-piye. Kabeh panganan ora ana sing disiriki. Ora ana sing dipantangi. Ora ana sing alergi. Merga saka kemuarahane Pak Lurah, Umar disekolahake ning SMA, najan olehe mergawe minangka pmbantu isih dibayar. Ora mung tekan SMA, nanging diterusake nganti kuliah lan lulus nggondol sarjana. Terus mulang ing SMP, terus dientukake putrane Pak Lurah. Dadi mantune Pak Lurah ? kang Parman manthuk. Kok gelem-geleme ra bocahe wadon putrane Pak Lurah? protesku . banjur Kang Parman mbisiki aku, kabare putrane Pak Lurah sing kuwi jare idiot. Aku njomblak. Olehku mamah tela godhog daklerenke. lhah kok Umar gelem? jodho, rejeki, pati, kuwi wewenange Gusti Allah. Menungsa ora bakal kuwawa nolak utawa ngemohi. Yen kon bukak dalil bab kaya ngono Kang Parman pancen jagone. Sing kurang siji ta, Kang? sambungku rada keminter. Drajat lan pangkat. Kudune rak kowe ya Kang sing dadi Kepala Sekolah. Wong nalika sekolah, Umar kae pintere kalah adoh karo kowe. Kang Parman mung mesem kecut.

Aku ora bisa nerusake sekolah tekan kuliah. Aku ora ngenger neng nggone Lurah kaya Umar. Mula akhire aku ya mung dadi wong tani gurem kayak owe. Najan mung tani gurem, nanging kepinteranku dakturunke menyang anak-anakku . buktine, sekolahe oleh rangking siji wiwit saka SD tumeka SMA. Nalika kerja, najan ing pabrik, lagi sedhela wis dadi mandhor. Mulih wingi, eh, kowe rung dakcritani ya? Aku gedheg karo ngglogok teh. Apa Kang? Mulih wingi wis nggawa Karisma gres, ninggali dhuwit mboke, ninggali rokok aku. Balik Umar? Geneya Umar Kang? Ora duwe anak. Jare emoh gawe anak. Merga miturut keterangane dokter, gen-e sing wadon luwih dominan. Dadi kemungkinan yen anak-anake lair, dheweke ngeri mbayangake. Rak dheke dhewe sang nglakoni, yen dheweke pancen bodho. Weruh-weruh telane wis entek. The sak botol aqua ya gusis. Mung jarum 76-e sajake sin isih. Terus diwenehake aku. Wis wengi, ya dha bali wae, pangajake Kang Parman karo mudhun saka amben-ambenan gubug. Aku mlaku lon-lonan, nggagas nasibe manungsa kang pancn werna-werna.

CERKAK Karo wong-wong ing sakupenge kanthi njlentrehake watak lan sipate para paraga. Wacanen Karya sastra (cerkak) ngisor iki kanthi premati ! Kerdhus Parmin kepengin banget mbiyanti bapake sing thenger-thenger merga ora duwe kerdhus kanggo gawe terompet. Dluwang wis cumepak sajogan ruwang tamu. Tumpukan dluwang ing mengkilap ulese maneka warna turahan setaun kepungkur isih bisa digunakake. Lem saka pathi kanji uga wis cumepak. Kerdhuse mepet ya Pak? takone Parmin karo nyedhaki bapake. Ing sekolahan akeh kerdhus ora kanggo, aku wingi ditawani Pak Kepala Sekolah. kok apik temen Kepala Sekolahmu? Merga aku asring juara kelas. Saliyane kuwi, aku uga juara karate nalika porseni tingkat kecamatan. Kapan kerdhus-kerdhus mau bisa mbok jupuk? Kerdhuse wis ora kanggo tenan? Tenan, Pak. Pak Kepala Sekolah nawani mengkono amarga pirsa yen bapak bakulan trompet. Pak Kirno manggut-manggut mantep. Bubar sarapan Parmin njranthal tumuju sekolah. Sanadyan sekolah prei, bapak kepala sekolah piket. Sida golek kerdhus, Min? Sios Pak. Endhi wadhahmu? Kulo sunggi kemawon, Pak. Becike, bapakmu diaturi mrene. Yen ana grobag, gawanen sisan Min. Matur nuwun sanget, Pak. Kula wangsul rumiyin. *** Parmin lan Pak Kirno mbongkoki tumpukkan kerdhus ing ruwang kepala sekolah. Kerdhuse pirang-pirang bentel, kaloron gumbrobyos. Kerdhus niki kangge hadhiah Parmin. Sekolah dereng saged maringi hadhiah ingkang pantes kangge Parmin. Mengkono ature Pak Kepala Sekolah. Batine Pak Kirno, hadhiah kerdhus iki yen diregani dhuwit bisa kapetung luwih saka skeet ewu. Pak Kirno lan Parmin pamitan mulih. Mesthi wae ora lali ngaturake panuwun marang Kepala Sekolah. Kerdhus-kerdhus mau nambahi pepake ruwang tamu. Pak Kirno bisa nggawe trompet lan dodolan ing kutha.

You might also like