You are on page 1of 1

Prasasti Nang kn,nang bumi dsa Guci wis tak pendhem siji prasasti aranku sing tak ukir

nang watu lintang aran kowen sing tansah tak undang-undang nganti dadi kemlandhang moni saben ngimpi Nang kn,nang bumi dsa Guci bumi sing tansah teles suk-suk wis adus grimis bocah-bocah sang payungan godhong tales tetawa jagung bakar ana mbok tuwa ngiyub nang mpr kios tetawa wortel karo godhong slada Nang kn, luh kowen tau nts nang gigir kowen sing lndhotan pedhut sing ngaw-aw mga nyawang umur sing semingkir alon-alon karo ninggali pitakon sing ora bakal tak jawab embuh,embuh,embuh Nang kn, nang bumi dsa Guci ana prasasti sing wis tak pendhem aranku aran kowen lebur dadi lemi kntir nang kali

Sang Waktu
M.Hadi Utomo

Ngadega terus nang kono aja mingser Apa maning nglangkahi ayang-ayangku Ngadega terus nang kono aja nganti ora ngonangi ana malingumur sing lagi mindhak-mindhik arep nylius alon-alon (akh.jebul, sang waktu pancn ora gelem krungu)

You might also like