You are on page 1of 1

WEDHARING PANGANDIKA PASRAH ING MIDODARENI (Nyantri saha Pasrah sarana)

- Assalamualaikum wr. wb. - Nuwun, sanggyaning para sesepuh saha pinisepuh ingkang tuhu kinabekten, sumawana para rawuh kakung saha putri ingkang dahat kinurmatan, - Langkung rumiyin kula hangunjukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti ingkang maha Agung, dene sampun kepareng hangayomi lampah kula sakadang, satemah wiwit saking Unggul Pawenang dumugi ing papan menika tansah manggih kawilujengan - Salajengipun, mugi kalilanana kula matur wonten ngarsanipun R. Harjuna sarimbit ingkang tuhu kinurmatan - Kula pun Setiaki, kairing sagung para kadang pangayab, kautus dening panjenenipun R. Werkduoro sekaliyan, ingkang lenggah dedalem ing Unggul Pawenang, supados : 1. Ngaturaken kasugengan saha salam taklim , saking R. Werkudoro sekalian mugi katur wonten ngarsanipun R. Harjuno sarimbit. 2. Gayutan kaliyan manunggaling karsa, anggenipun badhe sami mangun bebesanan lumantar palakraminipun Bgs, Kaca Negoro kalian Rara Ayu Pregiwo, putra putri panjenenganipun R. Harjuna, pramila ndalu punika kula kautus nglarabaken sowanipun Calon Pianganten kakugn, ingkang wigati caos palapuran bilih Calon pinanganten kakung sampun siyaga ing dhiri lan rumanti ing pakarti, badhe nampi nikahipun Rara Ayu Pregiwa, saking penjenenganipun R. Harjuno, ing dinten benjang-enjang, cundhuk kaliyan wanci ingkanga sampun rinantam. 3. Sowan kula ing dalu menika ugi kautus, hangaturaken uborampe sarat sarana, kinarya netepi tatacara adat Jawi ingkang lumampah. Wondene wujuding uborampe sarat sarana ingkang saged kula aturaken : a. Awujud Pisang raja setangkep ingkang sinebat pisang sanggan rinengga sigi sapethet myang sekar sapelik, kinarya tandha yekti R. Werkudara hamasrahaken sesanggan anggenipun badhe andhaupaken calon pinanganten sarimbit b. Maskawin utawi mahar, awujud Sapengadeg busana Sholat, kinarya sarat sarana abashing akid nikah samangke c. Busana sapengadeg sha rerenggan saking kencana/ mas-masan, kagem calon pinanganten putri, kinarya tandha sih katresnanipun Bgs. Kacanegara dhumateng Rara Pregiwa. d. Sawetasis redana, pinangka sarana hanyengkuyung lumaksaning upacara wiwahan dhauping pengantin sarimbit e. Awujud Dedhaharan , minangka sarana nyupeketaken manunggaling kekadangan saking brayat Werkudaran dalah brayat Harjunan. Sanadyan sedaya uborampe ingkang sampun kula aturaken ing ngajeng, mboten sepintena lamun kinerta aji ing arto, namung mugi wontena keparengipun R. Harjuno sekalian, hanampi kanthi suka lega legawaning penggalih. - Ing wasana, ambok bilih wonten kiranging trapsila myang subasita sowan kula sakadang , menapa dene wonten kithal kuciwaning atur kula ingkang mboten damel rena ign penggalih panjenengan sedaya, keparenga kula nyuwun agunging pangaksami - Pinangka panutuping atur Wassalamualaikum wr. wb

You might also like