You are on page 1of 4

Suhing Kawula Hamengku Praja Kabupaten Magelang Artikel Disusun Untuk Mengikuti Lomba Mengarang Lima Bahasa ( Bahasa

Jawa ) Tingkat SMA/MA/SMK Kabupaten Magelang Tahun 2008

(GBR PUNTADEWA)

Oleh : Nama NIS Kelas : Reni Kartikasari : 5446 : XII Bahasa

SMA Negeri 1 Grabag Kabupaten Magelang Alamat : Jalan Raya Grabag Magelang Suhing Kawula Hamengku Praja Kabupaten Magelang inggih punika salah satunggaling kutha ingkang lumebet ing tl atah Jawa Tengah sarta sampun kawentar ing saindhenging nuswantara. Kabupaten Ma gelang dumadi saking 21 kecamatan, ingkang saben-saben kecamatan anggadhahi tlat ah ingkang teba wiyar. Tlatah wiyar punika dipun lenggahi dening masyarakat kant hi pakulinan tuwin padamelan ingkang mawarni-warni. Pramila minangka suhipun par a kawula anggenipun angayahi jejibahan luhur ingkang adil wicaksana kedah leland hesan wursitanipun wewarah ingkang winastan Astha Brata, kados ingkang sampun ka anggit wonten ing satunggal pada sekar Dhandhanggula ing ngandhap : Sekar Dhandhanggula Wursitaning wewarah sayekti Minangka suhing para kawula Astha Brata pawitane Mengku piwulang luhur

Wewolu watak wigati Hangayoni yuwana Kang tansah winantu Mangreh pranata Negara Murih adil sarta makmur murakabi Astha Brata den asta ( Kaanggit dening : Reni Kartikasari )

1 .Astha Brata Minangka Lelandhesan Para Pangarsa Astha Brata anggadhahi pangertosan. Astha punika wolu dene Brata punika lelampah an utami. Watak wantunipun alam wewolu ingkang anglimput watakipun bumi, agni, t irta, samirana, surya, candra, kartika, lan mega. Sepisan watakipun bumi. Bumi watakipun amot, momot, sarta mengku tumrapipun page sangan. Makaten hambegipun pangarsa kedah tansah momot saliring perkawis, priksa dumateng labuh labetipun para kawula, den agung asung dedana, sarta ajiwa budi santosa. Kaping kalih watakipun agni. Watak punika migunani tumrapipun pagesangan, sarta mbrastha reretu tanpa pilih-pilih. Makaten ugi hambegipun pangarsa praja kedah s embada mbrastha dur memalaning negari boten mawas kadang warga miwah tiyang sane s. Kaping tiga hanuladha watakipun tirta. Dene watakipun adil, warata, hangasrepi s arta andhap asor. Pangarsa praja kedah ngendhani sipat hadigang, hadigung, hadig una, hangasrepi tyasing kawula, datan ngungkul-ungkuli nanging ugi boten kenging ingungkulan. Kaping catur hanuladha watakipun samirana, sumusup, ngalembut, murakabi sarta pa ring daya pagesangan. Pangarsa praja kedah hapambegan titi taliti, talaten atul, hanggung titi priksa dumateng kawula saindhenging papan anggenipun jumeneng dad os pangarsa praja. Sedaya dipun srambah paniti priksa miwah kawicaksanan. Kaping panca hanuladha watakipun surya, minangka underanipun pepadhang sarta par ing cahya pagesangan. Pangarsa praja kedah paring cahya tyasing kawula ingkang k apetengan budi ugi paring suluh dumatang ingkang tuna ing kawruh. Kaping nenem hangastha watakipun candra. Candra punika watakipun paring pepadhan g mberat petenging ratri. Sunaripun hangayemi. Makaten ugi pambeganipun pangarsa praja, kedah alelandhesan alusing budi, tandang tandukipun merak ati, manis sum ehing pasemon, paring padhang mberat ruwet rentengipun sarta sembada hamadhangi petengipun tyas sagunging kawula. Kaping sapta hangasta watakipun kartika. Mungguh hambegipun lintang punika dados kembangipun antariksa, tulus boten cidra minangka kekembangipun keblat. Jejerip un pangarsa praja ingkang apambegan kartika kedah saged dados kekembangipun praj a, sembada dados keblatipun tepa tuladha sarta pandam pandoming kawula dasih, su pados anelat lekasing laksita tama hangeblat dhumateng utamanipun pangarsa ingka ng asolah susila. Kaping pungkasan hanuladha watakipun mega. Watakipun akarya dhawahipun riris ing kang mahanani tuwuhipun thethukulan, rembuyunging patra. Hambegipun pangarsa pra ja kedah saget hamemengit wingitipun pangaribawa, murih boten gampang ginegampan g dening nayaka mandhapipun dhumateng kawula. Tumandukipun pangaribawa kinarya m amayu hayuning praja hangesti kamulyaning kawula. Makaten menggah wursita adi As tha Brata minangka ageman anggenipun mangreh pranatanipun negari, hangayomi yuwa nanipun kawula. 2. Otonomi Dhaerah Minangka Mandhirenging Pamarentahan Dhaerah Adhedasar ewah-ewahan pranatan dhaerah sarta pamarentahan langku ng-langkung ingkang magayutan kaliyan kawicaksanan otonomi dhaerah ingkang wetah kanthi Undhang-Undhang Nomer 22 Taun 1999 babagan pemerentahan dhaerah sarta Un dhang-Undhang Nomer 25 Taun 1999 babagan imbangipun arta ing pusat sarta dhaerah , dene kawicaksanan punika nuduhaken ewah-ewahan ingkang tumuju dhateng kesaenan , pramila Pamarentah Dhaerahkedah ngawontenaken kemajengan kanthi sami makarya l

elandhesan Visi tuwin Misi. Kagem nglajengaken perkawis punikakula anggadhahi ra ntaman visi nun inggih : Dumadosipun Masyarakat Kabupaten Magelang ingkang Taqwa Mandhire nging Pribadhi sarta Anggadhahi Budaya Tembung-tembung kala wau kawedharaken kanthi makaten : Masyarakat ingkang taqwa inggih punika masyarakat ingkang kawulanipun tansah men embah dhumateng Gusti ingkang Murbeng Gesang, nengenaken sesrawungan sesami ugi ngurmati dhumateng paugeran. Mandhirengung pribadhi inggih punika masyarakat ingkang kaajab saged anggadhepi kawontenan social, ekonomi sarta saged nyekapi kabetahanipun lair tuwin batos, n gudi ungguling kekiyatan, mumpuni, mandhirenging pakaryan, sarta anggadhahi kaun ggulan. Masyarakat ingkang anggadhahi budaya inggih punika masyarakat ingkang kawulanipu n tansah memetri paugeran kawuri ingkang sae, nampi saha ngrembakaaken paugeran enggal ingkang langkung sae sarta boten nalisir saking pranatan. Dene Visi kala wau kawedharaken wonten salebetipun Misi, inggih punika : Ningkataken panggulawenthah babagan agami tuwin budaya masyarakat sarta ningkata ken unggulipun sarana prasarana. Ngrembakaaken budaya karya ingkang nyengkuyung ketrampilan. Ngrembakaaken babagan panggulawenthah ingkang tumuju dhateng kawontenan dhaerah. Ngrembakaaken pamedalan dhaerah kagem ningkataken pambudidaya ekonomi masyarakat . Sesarengan saiyeg saeka kapti, saeka praya mbudidaya antawisipun masyarakat kali yan pamarentah amrih saged lumampah sesarengan. Ngrembakaaken supremasi hokum kagem masyarakat tuwin aparat sarta pambudidaya ba bagan politik tuwin dhemokrasi. 3. Pambudidaya Amrih Gemah Ripah Iman Cemerlang ( Gemilang ) Otonomi dhaerah dipun kersaakan kagem ngudi unggulipun kekiyatan masyara kat, ningkataken pangayubagya masyarakat wonten ing salebetipun pamarentahan sar ta kagem mujudaken Pamarentah Dhaerah ingkang sae, aparat ingkang resik saking k orupsi, kolusi tuwin nepotisme. Gegayuhan ingkang luhur punika kaemoting selebet ipun labuh labetipun masyarakat Kabupaten Magelang tumuju gegayuhan nasional In donesia. Pramila dipun rantam Program Pemberdayaan Kabupaten Magelang. Program pu nika mundhut tuladha ingkang sae saking dhaerah sanes kanthi studi bangding sart a alelandhesan panggayuhan luhur. Sesanti Magelang Gemilang dumugi samangkih boten saged uwal saking peran ganipun pambudidaya. 1. Pambudidaya ing babagan pawiyatan. Pawiyatan punika minamgka perangan wigatos kagem nuwuhaken pangertosan inggil. P awiyatan ingkang dipun gegulang kanthi sae migunani tumrap pambudidaya ungguling budi pakarti luhung. Sarana nuwuhaken pawiyatan ingkang unggul inggih punika ka nthi ningkataken krentegipun manah para siswasami maos pustaka wujudipun wedhari ng ngelmu pangertosan punapa kemawon, amargi saking pustaka kala wau nalaripun t iyang saged ngrembaka. Magayutan kaliyan pawiyatan , kanthi pamedalan APBD dipun tengenaken kagem wragad pambudidaya pawiyatan SD, SMP, SMA inggih arupi pustaka migunani tumrapipun siswa, sarta saperlu ngawontenakan pawiyatan kanthi wragad ingkang mirah. 2. Pambudidaya ing babagan piwulang agami. Boten wonten daya kekiyatan ingkang linuwih kejawi saking Hyang Maha Suci. Raos kala wau satemah andadosaken pangajab, minangka titah sawantah tansah bekti dhum ateng Gusti. Dene wujudipun nun inggih nindakaken dhawuhipun agami, upacara peng etan magayutan babagan agami kanthi siraman rohani, gegulang raos welas asih, in gkang wosipun ningkataken para kawula anggenipun manembah dhumateng ingkang Murb eng Gesang. 3. Pambudidaya ing babagan budaya sarta pariwisata. Budaya punika babaripun nalar, pambudining titah arupi kapinteran lan kawruh. Ng

engeti bilih Kabupaten Magelang kawentar pramila sumangga dipun uri-uri papan p ariwisata arupi wewangunan candi kadosta candi Borobudur, candi Pawon, lan candi Mendut ingkang saged ningkataken pamedal APBD tlatah Kabupaten Magelang saking pariwisata. Kanthi tansah memetri wewangunan cagar budaya ing tembe ndadosna tla tah Kabupaten Magelang kawentar minangka kutha wisata budaya. 4. Pambudidaya ing babagan tetanen sarta industri. Menawi dipun pirsani laladan Kabupaten Magelang ingkang teba wiyar lan saperanga n ageng masyarakatipun sami anggadhahi padamelan wonten ing pasabinan pramila pa marentah kedah langkung migatosaken punapa ingkang dados kabetahanipun para tani . Raos bekti dhumateng gusti andadosaken raos suka sokur amargi kanugrahan lalad an ingkang subur makmur. Sedaya anugrah kala wau temtunipun magayutan kaliyan p ambudidaya ningkataken suburipun siti, pranatan tetanen ingkang kedah dipun pari ngaken saking Dinas Pertanian, ugi pambudidaya supados para petani gampil pikant uk pupuk kagem ningkataken asil tetanen. Ing babagan industri Pamarentah Dhaerah mahanani ampilan wragad kagem madegipun industri alit kadosa kuningan, tembaga, ugi industri alit sanesipun. Makaten kala wau menggah rantamaning pambudidaya saking kula ingkang ang gadhahi pangajab Kabupaten Magelang saged manggihi kuncaraning praja Gemilang. An anging sedaya pambudidaya kala wau boten saged menawi antawisipun pamarentah dha erah kaliyan masyarakat samudayanipun boten saiyeg saeka kapti,saeka praya maran tasi karya. Ing pungkasan kanthi nglenggana jejering manungsa sumangga tansah Ma mayu Hayuning Bawana, tumungkul sahandhap pepadaning Gusti kanthi sesanti Jaya-ja ya Wijayanti, Lebur dening Pangastuti, Magelang Gemilang, Mugi Karaharjan Ingkan Samya Pinanggih.

You might also like