You are on page 1of 1

Parikan karya : prastiti ani

1. Sugeng ndaluu denmas diajengg... Lomba mlayu, tekan ngarep gerbang... Paras ayu, tapi mlakune ngambang. 2. Bulek Tin ngundang sukuran, aku ra teko polahe cacar. Valentine malah kepikiran, solae aku rung duwe pacar. 3. Wit Klopo kuwi arane Glugu, Disigari diporo dadi pitu. Saben dino aku ora bisa turu, Kangen sopo, ora jelas ning atiku. 4. Jajan sekoteng, no prapatan karang ayu.. Opo artine ngganteng, nek ora payupayu. 5. Sing abang wae akeh, sing ijo-ijo kok di unduhi, sing prawan wae akeh, sind duwe bojo kok dirusuhi. 6. Kembang mawar warnane abang, langit warane biru. Rasane nganti saliwang, nurut karepe atimu. 7. Tugu yogya lampu bangjo. Urip wis mulya gari golek bojo. 8. Lungo Indramayu karo mlayu-mlayu.. Jarene ayu tapi kok rak payu-payu. 9. Ijone sawah disawang karo mlaku.. Tresna mu koyo hadiah, syarat dan ketentuan berlaku 10. Nang stasiun Tawang njogo toko. Pisang molen nggo tombo ngelih. Isaku nyawang lewat poto. Rasane kangen kudu ndang mulih

You might also like