You are on page 1of 1

Unggah-Ungguh Basa Marang Wong Tua

Ing bebrayan jawa unggah-ungguh basa tansah penting. Tegese unggah-ungguh yaiku sopan santun, tata krama. Kathah sing ngarani yen wong enom ing jaman saiki wis ora nduweni unggah-ungguh maneh. Bedo kaleh wong enom ing jaman biyen sing nggadahi unggah-ungguh basa ingkang trep marang wong tua. Wong jawa ilang jawane menika ukara ingkang saged nggambarake wong enom ing jaman saiki. Basa Jawa sing biyene dadi basa pokok saiki wis ora. Saiki malah akeh wong Jawa sing wis ora gelem nganggo basa jawa maneh. Akeh wong jawa sing wis ora ngerti basa Jawa krama inggil. Wong enom ing jaman saiki yen ngendikan marang wong tuwa kathaipun wis ora nganggo basa krama alus. Kathahipun ngangge basa krama ngoko, sawetoro ing unggahungguh basa marang wong tuwa niku salah kaprah.wonten adat menika nggeh mboten sopan. Kita menawi generasi muda kedah ngajeni marang wong tua. Mula menika wau kedah dipun gatosaken maleh supaya basa krama alus mboten ilang utawi punah. Menawa unggah-ungguh basa marang wong tuwa sampun diajarke nalika tasih alit menika saged mbentuk watak ingkang sae kangge anak. Menawi saking alit anak sampun ngajeni marang wong tuwa, yen wis dadi wong mesti bakal di ajeni. Kita bisa urip tentrem lan ditresnani marang tiyang sanesipun.

You might also like