You are on page 1of 4

Atur Pambagyaharja Dhumateng Tamu Ing Pahargyan Sunatan/Tetesan Assalamualaikum wr. wb.

Nuwun I Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kula bekteni, Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha para rawuh kakung sekaliyan garwa ingkang satuhu bagya mulya. Kula nuwun, keparenga sumela atur, nggempil kamardikan panjenengan sekaliyan, rikalanipun nembe wawan pangandikan. Kula minangka tetalanging tanggap wacana kalinana matur ing ngarsanipun para rawuh kakung miwah putri, bilih saking keparengipun Bp. . sekaliyan, kula ingkang tinanggenah ambabaraken raos pangraos ingkang mijil saking teienging manah. Langkung rumiyin Bp. . sarimbit mocap puji sukur Allhamdulillah dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi, dene saged hanjenengi pawiwahan supitan (tetesan) putranipun ingkang angka .. nama pun Kaping kalihipun, Bp. . sekaliyan mboten kesupen ngaturaken pambagya sugeng rawuhipun para tamu kakung sumawana putri. Bp. . sekaliyan ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami dene panjenengan sami sampun kepareng nglonggaraken wekdal saha penggalih saged hanjenengi ing pahargyan punika kanthi rila legawaning manah, saha kersa paring donga pamuji dhumateng anak kula ingkang sampun dipunkhitan. Bp. . sekaliyan rumaos karoban ing sih sutresna bebasan kadi lelumban wonten samodra, sakalangkung ndadosaken bombong bingahing manah. Kaping tiganipun, mboten kesupen ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para sanak sadherek kadang kadeyan pamong mitra saha tangga tepalih tuwin para muda-mudi ingkang sampun kanthi rila legawa paring pambiyantu Ian panyumbang ingkang awujud punapa kemawon ingkang ndadosaken kemayaranipun ingkang hamengku gati. Sarehning Bp. . sekaliyan mboten saged ngaturaken lelintu punapa-punapa, pramila sagedipun namung ngaturaken pudya pudyastuti mugi-mugi lumebering sih kanugrahaning kautaman panjenengan pikantuk lelintu kanugrahaning Pangeraningkang langkung ageng. Kaping sekawan, Bp. . sekaliyan nyuwun gungan dhumateng panjenengan sadaya kersaa paring puji pangastuti wilujeng, mugi putranipun ingkang mentas dipunicali sukeripun tansah manggih widada nir ing sambekala, tundhonipun kadiwasaning lare kasebat mangertos tanggel jawab, bekti dhateng para sepuh Ian murakabi mring bebrayan kathah, labuh labet dhateng bangsa Ian nagarinipun. MBok bilih: wonten kiranging trapsila anggenipun ngacarani rawuh saha mapanaken lenggah dhumateng panjenengan sadaya, kiranging trapsila saha bojakrama para sanak sadherek ingkang tinanggenah among rawuh, kiranging trapsila para sinoman anggenipun nglantaraken bojakrama, wonten kuciwaning pasugatan lan lelangen, kersaa para tamu paring agunging samodra pangaksami. Ing wasana, para tamu kasuwun kanthi sanget keparenga anglajengaken anggenipun sami pinarak lelenggahan kanthi sukaning manah sinambi ngrahabi sadaya pasugatan Ian lelangen

ingkang katur dhumateng ngarsa panjengan sami, ngantos paripurnaning pahargyan prasaja punika. Minangka puput pepuntoning atur, mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana pambagya harja punika taksih kathah cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang trapsila, kirang Ian cupeting pangertosan kula, mugi para tamu kersaa anglunturaken gunging samodra pangaksama. Akhirul kalam, biilahit taufiq wal hidayah. Wassalamualaikum wr. wb. Nuwun!
Assalamualaikum Wr.Wb. - Dhumateng panjenengan para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu kula bekteni - Sagunging para tamu kakung sumawana putri ingkang winantu ing karahayon - Sarta para kadang werda muda ingkang tuhu pantes sinudarsana Sakderengupin kula matur, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken monjuk puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung inggih awit peparing nikmat, taufik hidayah, sarta inayahipun, kula panjenengan sami saged kempal wonten adicara punika kanthi widada nir ing sambekala. Wonten ing kalodhangan menika, keparenga kawula sawetawis paripaksa nggempil kamardikan panjenengan sami ingkang ketemben lelenggahan saha wawan pangandikan. Karana mestuti dhawuh kersanipun Bapa Aji Budi Harto, kinen matur pinangka talanging basa sulih sarira. Ing madyaning pepanggihan menika, Bapa Aji Budi Harto lumantar kula ngaturaken sugeng rawuh dhumateng para tamu sedaya. Sudeng rawuh, sugeng lenggah. Mugi para rawuh kersa lenggah kanthi mardikaning penggalih. Ugi Bapa Aji Budi Harto saestu ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami awit panjenengan sedaya kersa nglonggaraken wekdal kangge rawuh wonten adicara menika. Inggih karana manunggaling cipta, rasa, karsa lan karyanipun, Bapa Aji Budi Harto ing kalodhangan menika netepi dharmaning asepuh, malakramakaken putra putrinipun ingkang sesilih Nak Ayu Fatimah, kadhaup kaliyan Nak Bagus Radhitya, putra kakungipun Bapa Riswanto. Dene ijab qobul sampun kalampahan kalawau enjang, wanci tabuh 08.00 kanthi mboten wonten alangan setunggal punapa. Karawuhanipun para lenggah sedaya, panjenenganipun Bapa Aji Budi Harto nyuwun donga pangestu saha peseksen dumateng para lenggah sedaya. Mugi-mugi temanten kekalih anggenipun bibar nggebyur bebrayan enggal dadoso kaluwarga ingkang Sakinah Mawadah Warahmah, enggalo pikanthuk tangsuling katresnan. Ingkang tembenipun saged migunani dumateng agami, tiyang sepuh, saha nagari. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kula bektosi, penejenenganipun Bapa Aji Budi Harto

nyuwun mugio para lenggah sedaya kerso nyrantos pawiwahan punika wiwit purwa, madya, dumugi wasana. Panjeneganipun nyumanggaaken mugio para lenggah sedaya kersa ngedapi pasugatan ingkang cumawis, sak kawontenanipun. Dumateng para rawuh sedaya, Bapa Aji Budi Harto nyuwun pangapunten menawi wonten kekiranganipun aruh, lungguh, suguh. Saha mbok bilih anggen kawula pribadi matur wonten galap gangsulipun atur karana kirang sesserepan saha andhaping pawiyatan, kula nyuwun lumunturing sih agunging samudro pangaksami. Wassalamualaikum Wr. Wb.

Teks Sesorah ing Acara Ambal Warsa


Kababar | January 17, 2011 | Durung ana sing nyelathu Nuwun, Agunging pakurmatan konjuk dhumateng ngarsanipun , nun inggih panjenenganipun Bapak ingkang satuhu minulya ing budi. Mekaten ugi dhumateng Bapak/Ibu, para lenggah ingkang dahat sinuba ing panakrami. Sumarambah dhumateng para kanca ingkang tansah manggih begja mulya. Mirungganipun dhumateng ingkang hanggung kinurmatan. Puja astawa, puji astuti mugi konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang tansah kasdu paring lumebering kanugrahan, awujud kabagaswarasan, satemah kula dalasan panjenengan sadaya saged makempal kanthi sinongsongan kayuwanan, saperlu mengeti ambal warsa kamardikan Negara Kesatuan Republik Indonesia ingkang kaping 60. Para lenggah ingkang kinurmatan, perlu kawuningan bilih kamardikaning bangsa Indonesia ingkang kalampahan kagayuh wiwit tanggal 17 Agustus 1945 menika mujudaken kanugrahan paringanipun Gusti ingkang sakalangkung ageng sanget. Saestu mokal kalampahanipun lamun Gusti Ingkang Maha Kuwaos boten paring kawelasan dhateng kupiya lan pandonganipun para leluhur anggenipun kepengin uwal saking penjajahan. Cetha kacathet ing sejarah, 350 warsa lawasipun bangsa Indonesia karegem dening panguwasanipun bangsa Manca ingkang tumindak sawiyah-wiyah. Kawiwitan saking bangsa Portugis, Walandi, Inggris, lan Jepang, sedaya sami dene mrakosa dhateng kamardikaning gesang bangsa Indonesia, sedaya sami njarah rayah bandha donyaning bangsa, sedaya sami ngrisak adi luhungipun budaya Nuswantara. Para lenggah ingkang kinurmatan, ugi kaserat ing sejarahipun bangsa Indonesia, maewu-ewu kusuma bangsa, pejuang kamardikan, para pahlawan ingkang saestu toh nyawa bela pati kangge ngrungkebi tanah tumpah rah, ibu pertiwi suci menika. Sinaosa meksa kathah ingkang gugur ing madyaning palagan, nanging pindhanipun jamur ing mangsa rendheng: gugur satunggal thukul pejuang cacah kalih, gugur kalih thukul sedasa, ical sedasa timbul maewu-ewu. Sedaya kalawau kabekta saking adrenging manah anggenipun kepengin uwal lumepas saking regemanipun bangsa penjajah. Saengga ing pepuntonipun bangsa Indonesia saestu manggih ing kamardikan rikala tanggal 17 Agustus 1945.

Ngengeti semanten agengipun lelabuhan ingkang dipuntindakaken para pahlawan, para pejuang kesuma bangsa mligi kagem kamardikanipun bumi pertiwi saengga ngantos manggih kasidan jati, pramila sampun samurwatipun bilih kula lan panjenengan para generasi mudha ingkang namung kantun ngraosaken asil saking kamardikan menika, asung pakurmatan dhumateng para pahlawan menggah lelabuhanipun mring nusa lan bangsa Indonesia. Wujuding pakurmatan ingkang kula aturaken wonten ing ngajeng kalawau boten ngemungaken pakurmatan wadhag, tegesipun namung cekap kanthi tabur bunga utawi mengheningkan cipta kewala. Nanging langkung awrat saking menika tanggel jawabipun generasi mudha, menggah kamardikan warisanipun para pejuang. Para kanca, jumbuh kaliyan jejibahan kula lan panjenengan minangka pelajar, pramila wujud pakurmatan dhumateng para pahlawan boten sanes inggih menika sinau, sinau, lan sinau. Nanging ugi boten ateges sinau ingkang tanpa asil, cekakipun kula lan panjenengan minangka generasi penerus perjuangan bangsa mundhi tanggel jawab, nedahaken dhumateng bangsa manca bilih Indonesia ing samenika satunggaling negari ingkang majeng ing samukawisipun. Saengga generasi mudha ing samenika kedah tetep puguh berjuang mengisi kemerdekaan. Kanthi menika sumangga kula lan panjenengan minangka generasi mudha sareng-sareng asesanti, mbangun tekad ingkang kukuh, sedya ngisi kamardikan kanthi sae minangka tandha asung pakurmatan dhumateng para pahlawan kesuma bangsa. Para lenggah ingkang kinurmatan, cekap semanten atur kula. Mbokbilih wonten klenta-klentuning atur, kula nyuwun pangapunten. Nuwun.

You might also like