You are on page 1of 2

Astaghfirullah rabbal baraya Astaghfirullah Minal kHotoya Rabbi zidniy Ilman nafia wa wafiwny amalan sholiha. Ya Rasulallah..

salamun Alaik. Ya Rafia Syani wad Daraji Atfata yaji ratal Alami YA Uhailaljudi wal karomi. Ngawiti insun nglara syiiran kelawan muji dateng Pengeran kang paring rahmat lan kenikmatan rino wengine tanpo pitungan 2x duh bolo konco prio wanito ojo mung ngaji syareat gogo gur pinter ndongen nulis lan moco tembe mburine bakal sangsoro 2x akeh kang apal quran haditse seneng ngafirke poro kiyai kafire dewe gak digatekke yen isih kotor ati akale 2x gampang kabujuk Nafsu angkoro ing pepaese gebyare dunyo iri lan meri sugihe tonggo mulo atine peteng lan nisto 2x ayo sedulur jo nglaleake wajibe ngaji sak pranatane nggo ngedalake iman tauhide baguse sangu mulyo matine 2x Kang aran soleh bagus atine kerono mapan .. ilmune laku torekot lan marifate ugo hakekot manjing rasane 2x Alquran Qodim wahyu Minulyo Tanpo tinulis Iso diwoco Iku wejangan Guru Waskito Den tancepake Ing njero Dodo

Kumantil Ati lan pikiran merasuk ing badan kabeh jerohan Mujizat Rasul Dadi pedoman Minongko Dalan Manjinge Iman 2x Kelawan Allah Kang Moho Suci Kudu rangkulan Rino lan wengi Ditirakati diriyadhohi Dzikir lan suluk jo nganti lali Uripe ayem, rumongso aman dununge roso tondo yen iman Sabar Narimo najan pas-pasan Kabeh tinakdir sangking Pengeran2x Kelawan Konco dulur lan tonggo kang podo rukun ojo ngesio Iku Sunnahe Rasul Kang Mulyo Nabi Muhammad Panutan Kito 2x Ayo nglakoni sekabehane Allah Kang Bakal ngangkat drajate Senajan asor toto Dhohire Ananging mulyo maqom drajate 2x Laufal Asro ing pungkasane orah kesasar roh lan sukmane Den Gadang Allah swargo manggone Utuh mayyite ugo ulese 2x Ya Rasulallah.. salamun Alaik. Ya Rafia Syani wad Daraji Atfata yaji ratal Alami YA uhailaljudi wal karami

You might also like