You are on page 1of 1

Kabar kurang kepenak teka saka kutha Padang mentas iki.

Klub bal-balan saka pabrik semen iki duwe rencana arep narik pemaine saka timnas Indonesia kang dinane iki lagi siap-siap ngadhepi Piala AFF 2012 ing Malaysia lan Thailand. Bab iki ditindakake gegandhengan klawan disharmonis kang ana ing timnas kang ora rampung-rampung engga seprene. Komisaris Utama PT Kabau Sirah Semen Padang, Toto Sudibyo Dinane iki, sanga pemain Semen Padang pancen padha ana ing timnas PSSI, yakuwi Elie Aiboy, Hengky Ardiles, Wahyu Wijiastanto, Novan Setya, Jajang Paliaman, Titus Bonai, Hendra Ade Bayauw, Nur Iskandar lan Hendri Movu. Komisaris Utama PT Kabau Sirah Semen Padang, Toto Sudibyo kepara aweh wektu engga tanggal 1 November wae kanggo mberesake masalah dualisme timnas iki. Merga akehe pemain Semen Padang kang mbela timnas, mula kita bakal gawe tindakan kang gegandhengan klawan harmonisasi ing timnas. Kita aweh wektu engga 1 November. Yen ora, kita bakal narik pemain Semen Padang saka timnas ujare Toto Sudibyo nalika konferensi pers ing Gelora Bung Karno, Jumat kepungkur (12/10). Kaya kang kita mangerteni, Semen Padang mentas wae nggabung ing kompetisi ISL. Nanging, Toto kanthi mandhes ngandhakake ora ana gegandhengane klawan pindhahe menyang ISL mau. Ora ana kang meksa, merga ISL lan IPL legal kabeh. Kita mung kabotan klawan gunggunge pemain. Sasuwene iki kita malih ora tau latihan kanthi skuad komplit jlentrehe. Ora lali Toto uga aweh usulan kanggo harmonisasine timnas iki. Solusine yakuwi masang Alfred Riedl minangka pelatih timnas, dene Nil Maizar kang njabat minangka direktur teknik. Nanging yen tetep ora kasil harmonis, mula kita ora bakal ngidini pemain main ing timnas imbuhe. Timnas KPSI saya Kompak Abdul Rahman, ngrasakake swasana kompak ing KPSI Sauntara kuwi, beda klawan Timnas PSSI kang bisa wae morat-marit, Timnas KPSI kang dinane iki lagi Training Camp (TC) ing Ustrali malah kahanane saya kondusif lan kompak. Bab iki dikandhakake salah sijine pemain mburi timnas, Abdul Rahman. Kepara, ganjel lawang klub Sriwijaya FC iki ngaku betah nyengkuyung skuad Garuda momongane Alfred Riedl ksb. Situasine apik mas. Merga ing kene sapadha-padha pemain padha ngajeni, pokoke swasana tim iki penak. Dikantheni guyon ing sabendinane ujare Rahman mentas iki. Ora mung kuwi wae, manut bek kang sukses methik medhali perak bebarengan Timnas U-23 ing SEA Game 2011 kuwi, tekane Alfred Riedl minangka pelatih kepala ndadekake kabeh pemain kang ana rumangsa nyaman nalika latihan. Dheweke pelatih kang disiplin, cedhak klawan kabeh pemain. Dheweke uga gelem nampa saran saka pemain. Dheweke uga seneng guyon, pokoke apik lan materi latihane uga apik imbuhe pemain kang nduweni julukan The Bodyguard ksb. Rahman ngajab, yen timnas kang disengkuyung iki mujudake tim kang bakal makili Indonesia ing Piala AFF. Dheweke pengin methik asil maksimal ing turnamen antar negara-negara Asia tenggara kuwi. Aku lan pemain liyane pengin nguntapake timnas iki juara lan bali dadi tim kang disungkani ing Asia, utamane Asia tenggara dhisik tandhese pemain kang bakal omah-omah tanggal 5 Januari mengko. (d)***

You might also like