You are on page 1of 8

MALING

Nalika sepedha motor sing ilang iku during ketemu, Pak Gendhon tanggaku sing brengose nilamprang kaya warok Ponorogo, kuwi tansah muring-muring. Sebab ana sassus yen seng nyolong pit montor mau si Gendhon, anake. Nadyan wis dak kandhani, ora susah nanggapi kabar angina sing during karuwan juntrunge kuwi, nanging Pak Gendhon tetep mbregudul. Jare, kupinge dadi panas yen ngrungokke. Nanging Gendhon bener-bener dudu malinge, ta? pitakoku mantebke. Ya ora mungkin anakku tumindak nistha mangkono, wangsulane tegas. Wiwit cilik Gendhon iku bocah sing nurut. Aku pancen sing ndhidik mangkono. Yen ta dheweke iku gelem nyolong, biasa ta, yen sing dijupuk kuwi dhuwitku utawa dhuwite embokne? Yen pancen ngono, kena ngapa Pak Gendhon mesthi nesu-nesu? Aku ora nesu. Sapa sing nesu? Aku mungkepenin nerangake nyang wong-wong kuwi yen anakku becik-becik wae anane. Nanging wong-wong kuwi dha ra gelem ngerti. Apa kabeh tangga-tangga sing meri marang kesuksesane Pak Gendhon, kaya-kaya kok ana empere. Selagine aku dhewe, sing ora duwe perasaan kaya mangkono, gedhe cilik uga nyimpen rasa sujana jroning ati. Sebab, sak ngertiku Pak Gendhon, lan anake iku ora duwe gaweyan kang mesthi. Dheweke iku dudu petani, wong sawah wae yo ora duwe. Yen ono wong ngira Pak Gendhon iku pedagang, malah ana empere, awit yen nyandhang memper banget kaya dagang sapi. Nanging sejatine ya dudu. Sak ngertiku Pak Gendhon kuwi gaweyane mung mrana-mrene. Embuh, menyang ngendi wae parane. Nalika ing sawijining wektu bab iku sengaja dak takokake marang dheweke, Pak Gendhon mangsuli, menawa menawa anggone lunga mrana-mrene lan apa gaweyane, ora perlu dikuwatirke. Sing penting mulih bias nggawa dhuwit, wangsulane karo ngguyu nggleges. Mosok sampeyan ki kaya ora ngerti wae. Asal sampeyan rak saka kutha. Lan aku uga melu ngguyu. Ndalem batin aku kurang percaya. Nanging gendheng katone dheweke tetep ora gelem ngaku apa gaweyane., mula amrih ora gawe gela atine, aku ngenggokake gunemku menyang bab liya. Nalare, wong kaya Pak Gendhon sing sekolah SD wae mbuh lulus mbuh ora, tur ora duwe ketrampilan liya, katone kok mung cocog minangka kuli angkut beras ing pasar utawa paling dhuwur dadi manol ing terminal. Lan iku kabeh ora mungguh karo kasugihane kang ngluwihi sugihe tangga-tanggane. Apa maneh lungane, kaya sing bias dak gatekake, mesthi ora kurang saka sepasar, malah sok-sok nganti rong minggu barang. Dene Gendhon dhewe, nadyanaku wis meh limang taun dadi tanggane, during tau sapejagong pisanpisana. Pol-pole mung winates manthuk utawa mesem yen pas pethukan ing ndalan utawa yen dhong liwat ngarep omah. Uga kaya Bapakkne, Gendhon yen lunga ya nganti pirang-pirang dina lagi mulih.

Prasangka alane tangga-tangga marang Gendhon lan Bapakkne, dak kira disebabake klawan sipate wong loro iku dhewe. Mbok menawa yen urip ing kutha ora dadi masalah, nanging beda kutha beda ndesa. Urip ing ndesa wae digethingi wong akeh amarga ora tau gelem teka kerja bakti utawa ora gelem nekani bebrayane desa. Sikap lan sipate Gendhon lan Bapakke iku pancen wis suwe dadi pocapan. Yen olehe ora gelem srawung lan kumpul, ya olehe sok nyombongake kasugihane, ya sing ora cetha apa gaweyane, lan sapanunggalane.

JOKO BODHO MENYANG NGAYOGYAKARTA

Joko..Joko, wis rampung aduse durung! Durung Pakdhe, lhacepet-cepet ana apa tha Pakdhe?. Saking Pakdhe Darsono wis wanyel karo Joko Bodho, Pakdhe Darsono ora jawab pitakone Joko Bodho. Joko Bodho sing tenang-tenang kawit mau ora ngerti maksude Pakdhene kok deweke dokokon cepet-cepet aduse. Bubar adus Joko Bodho banjur nemoni Pakdhene sing tenguk-tenguk ana ngemper omah lagi jagongan karo Pak Burhan. Ana apa tha Pakdhe, kok sajake wong meh ketinggalan sepur wae tha Pakdhe?. Woalahle..le..bocah paling lelet dhewe. Ana..apaanaapa kawit dek mau. Lha kowe ora ngerti tha dina iki jarene arep menyang Malioboro tuku klambi anyar dienggo bagdan. Wis tak tunggu malah lelete.Masyaallah.paringana sabar!. Wo.iyoyo..Pakdhe nuwun sewu aku lali tha Pakdhe!. Uwis gawe wong nunggu saiki njaluk duwit sewu karepmu iku apa tha le..!!!!. Pakdhe niki pripun tha aku iku njuluk pangapura boten nuwun duwit sewu!. Yowiswis ayo padha mangkat silak ketinggalan sepur mengko!. Joko Bodho karo Pakdhene menyang stasiun Solo Balapan numpak sepur Paramex menyang stasiun sing cedhak kara Malioboro. Saben wong mbayar 10000 lagi enthuk karcis lan bias numpak sepur. Pakdhe Darsono ora duwe pilihan kudu mbayar karcise Joko Bodho amarga deweke ora ngawa duit amarga dikesusukake Pakdhene. Bubar entuk karcis Joko Bodho karo Pakdhene nungggu ana kursi. Ora ana sepuluh menit sepur sing arep menyang Yogya teka. Mbanjur Jaka Bodho lan Pakdhene numpak neng sepur, saking wakehe uwong Joko Bodho kara Pakdhene mlencar ana panggonan bedha. Bubar enthuk panggonan Pakdhe Darsono lagi eling yen dheweke kelangan Joko Bodho. Banjur dheweke goleki Joko Bodho ana ing gerbong-gerbong sepur. Dheweke was-was yen Joko Bodho didhuke ana ing dalan amarga ora duwe karcis sepur, amarga karcis sepure digawa Pakdhene. Bedha karo Jaka Bodho, dheweke malah enak-enakan turu semenden ana jendelane sepur bubar enthuk panggonan sing kepenak. Dheweke ora krasa yen dheweke pisah kara Pakdhene. Kernete wis njaluki karcis sepur, nanging Jaka Bodho tetep wae turu malah nganggo ngorok. Kernet sepur ngerti Joko Bodho durung mbayar, banjur nangekake Jaka Bodho. Jaka Bodho kaget, Ana apa iki? Lagi kepenak turu malah diganggu!, wisngaliha kana aku arep turu maneh ngatuk, dhek wingi aku randha nganti bengi, aku isih ngantuk!. Wo..alah.mas-masnjenengan niku dereng mbayar , pundhi karcis sepure?. Waduhwaduh mas..mas karcise digawa kara Pakdhe..ku! omonge Jaka Bodho Karo nduding kursi sebelahe, nangging sing neng sebelahe ora pakdhene nangging wong liya. Pundhi mas Pakdhe jenengan, napa niki?. Mbotenmboten kula mboten Pakdhene mas niki, kula niku Mahasiswa ajeng sekolah menyak Yogya!!!. Nuwun sewu mas darakake njenengan niki Pakdhe kula?. Raine Joka Bodho langsung abang branang amarga kisinan, mbanjur kernet sepur njaluk maneh karci sepure menyang Joko Bodho. Joko Bodho binggung piye carane mbayar karcis lha wong dheweke ora ngawa duwit. Joko Bodho karo kernete padha sesumbar sing ora jelas, nganti anggawe tontonane wong akeh.

Pakdhe Darsono ngerti wong rame-rame ana apa, banjur ditekano ana apa tha?. Mbareng wis chedak dheweke ngerti yen bocah gedhe duwur iku ponakane Joko Bodho. Mbanjur dheweke nekani lan ngomong apa tha masalahe nganti polahe ponakane kuwi ngawe tontona sak sepur. Iki ana apa tha?. Allhamdullilah Pakdhe tasih urip tha?. Bocah ora ngerti aturan, aku dikirane wis mati, yo..wis tak tinggal maneh wae!. Ampunampun Pakdhe kula mboten ngomong niki maleh. Yo.wis ana apa iki padha rame-rame neng kene?. Ngenten lho pakdhe kernet niki nyuwun karcis kalih kula, lha kula khan mboten gadah karcisipun Pakdhe. Yo wis iki mas karcise aku karo ponakanku. Nggih pak matur nuwun. Mung siji setengah jam wae sepure wis tekan ana stasiun cedhak karo Malioboro. Joko Bodho karo Pakdhene banjur mudhuk lan mlaku ara ana 500 meter wis teka ana Malioboro. Teka Malioboro Joko Bodho ndelok-ndelok klambi ana ing toko lan eperane toko akeh sing dodolan klambi apik-apik. Joko Bodho kepincut karo klambi batik motif kembang dicampur manuk merak warnane ijo rada biru. Dheweke mbajur ngamong Pakdhene yen dheweke kepingin klambi kuwi. Pakdhe kula nuwun klambi niku nggih. Yo wis ndang cepet dibungkus silak kesoren, kowe yo during tuku kathok karo sepatu sandal dienggo solat id tho?. Inggih Pakdhe, njenengan niku moten pelit-pelit sanget. Dadi aku kudu mbayari klambi, kathok, karo sepatu sandalmu. Masyaallah nuwun sabar ngadepi bocah koyo ngene. Yo.iya..thak mbayari neng mengko tekan ngomah duwitku diganti ya?. Inggih Pakdhe pasti niku. Bubar Joko Bodho rampung blanja keperluane, mbanjur pakdhene ngajak mangan ana restoran padang. Neng kono Joko Bodho mangan akeh banget saking kekeselen blanja menyang Malioboro. Telung piring Jaka Bodho enthek mangan, Pakdhene mbatin rugi tenan yen ngajak Joko Bodho lunga. Pakdhene ngumun blanja lan mangane Jaa Bodho wis enthek wolungatusewu. Pakdhene kapokkapok tenek aro arep ngajak lunga Joko Bodho maneh. Pokokke kapokkapok tenan, pantesan wae bapak ibune njenengi anake Joko Bodho, lha uwonge koyo kebo sawah ngendulak-ngenduluk.

KATHOK KODHOK

Ponakanku sing cilik dhewe lagi nangis. Tangise ora kaya biyasane. Iki gawe jengkele ibune sing lagi sibuk nyiapake mulang. Bojone durung mulih saka nyambut gawe. Dene anak-anake liyane wis padha mlebu neng kamare dhewe-dhewe, njekut sinau nyiapake ujian komprehensif. Kang Letug, tulung ya, dijaga anakku iki. Dineng-nengi ben ora ngganggu. Aku jan lagi buneg tenan lho. Panjaluke adhiku wadon iki. Ya, dak neng-nengane. Aku banjur mlaku nyedhaki ponakanku sing umure durung ana limang taun. Udah yahMama sedang sibuk tuh. Kan kasihan kalau adik nangis terus.. Aku omong nganggo basa Indonesia. Pancen bocah jaman saiki basa jawa sing alus ora padha ngerti. Mulane ing kulawargane adhiku, basa padinane campur. Malah luwih akeh padha nganggo basa Indonesia. Rasane lucu yen aku nyoba nganggo basa jawa sing alus. Bocah-bocahe padha ora seneng. Banjur miwiti nganggo basa Indonesia. Bocah-bocah uga wis ora nyebut rama utawa ibu marang wongtuwane, nanging wis migunakake tembung Papa utawa Mama. Kenapa menangis terus Teta? Apa karena dinakali Mama? Weweeee Teta mau dibelikan baju baru wewee.. Teta jenenge ponakanku mau, kepengin ditukokake klambi anyar. Mbok menawa bapak ibune mung durung sempat wae. Besok Pak Dhe belikan yamau enggak? Krungu jawabanku mau, dheweke banjur ketok lega. Ngusap luh neng pipine, senajan ta isih mimbikmimbik manja banget. Besok Pak Dhe belikan yang namanya celana kodok ya? Tahu enggak kamu? Jawabane ponakanku mung gedhek-gedhek. Ora ngerti apa kuwi sing jenenge kathok kodhok. Kamangka dhek jaman cilikanku, kathok kodhok kuwi istimewa banget. Saben bocah yen krungu tembung kathok kodhok bisa banjur senenge ora mekakat. Kathok kodhok dadi favorite bocahbocah. Mergane yen dienggo anget tur ora mlotrak-mlotrok. Aku banjur crita marang ponakanku ngenani kathok kodhok kuwi. Sawatara crita bab kathok kodhok, pikiranku kelingan dhek jaman semana aku duwe kathok kodhok sing anyar. Aku dolanan ingkling karo kanca-kancaku neng ngomah. Nanging, blaik, ing tengahtengahe dolanan ingkling, aku ngebrok (ngising neng kathok). Suara pret. preet. preeet. banjur ambune wahjan ora karuwan! Kanca-kancaku banjur padha bengok alok: Oeeee, Letug ngebrok! Letug ngebrok! Mboko siji kanca-kancaku padha mlayu nyingkiri aku karo nutup irunge. Aku mung bisa nangis nggugug ditinggal kanca-kancaku. Aku nangis merga kathok kodhokku sing anyar dadi reged kena abyuran saka wetengku.

Ora let suwe, nanging, sing nyedhaki aku ora liya ya ibuku. Aku ora dinesoni. Ibuku malah mung gumujeng. Aku banjur dicandhak digawa menyang wc. Ibuku ora wegah ngresiki regedanku. Ibuku ora wegah nyedhaki ambune regedanku. Ibuku ora wegah nyandhak awakku lan nyawiki aku. Ibuku ora duka weruh kathok kodhok anyarku dadi reged. Lan aku banjur meneng anggonku nangis. Aku mandeng ibu sing isih gumujeng lan gawe tentreme atiku. Kelingan pengalaman mau, aku mung bisa ngguyu dhewe. Kathok kodhokku sing anyar wis reged lan mambu. Nanging aku bisa nemu gumuyune ibu sing ora ilang saka rasaku. Yen ing kulawarga isih ana ibu sing bisa gumuyu, ngresiki reregedaning anak, sepira begjane wong neng alam donya yen akeh sing isih padha bisa gumuyu uga ngresiki reregeding urip bebrayan.

Balapan

Ing jaman saiki akeh bocah cilik ingkang pada iso nunggang motor. Salah sijine Aji ingkang ngumur sewelas tahun utawa kelas lima SD. Amerga wis ngrasaake kepenake nunggang motor, dadi kebiasane Aji yen dolan-dolan nganggo motor. Menawa miturut Negara sing oleh numpak montor iku tiyang kang uwis anduweni SIM utawa Surat Ijin Mengemudi. Ing wayah sore, Fatih kancane aji moro ing ngomahe. Ji, ajiaji. Fatih bengak-bengok ing ngarep omahe Aji. Woi..dilit suarane Aji saka njero ngomah. Let sadela suara pating gedebuk kaya ana lindu dirasake Fatih . Wah. Iki apa sek tak goleki,lagi ngopo Ji kok suwe banget? pitakone Fatih marang Aji kang lagi wae mlayu marani Fatih. He..he..he..he lagi wae madang, alhamdullilah wareg!! Wuuuuu..awak wae sing digedeke, pikiran ya digedeke !calethune Fatih. Kadingaren dolan sore-sore, ana apa? pitakone Aji. Ayo Ji mubeng-mubeng nganggo motor. engko balapan wis, gelem ra?jawabe Fatih karo cengar-cengir. Ayo!!! paling sampeyan yo kalah mas bro. Weh aja ngremehke,ngeneki aku wis tau juara balap karung jhe. Apa hubungane ro ciduk??? Haha..ha dingo adus. Jawabe fati karo nguyu cekikikan. Sak banjure Aji mlebu ing garasi ngetoake motore. Trengtrengteng.tengtengsuarang motor jet collede Aji lan Fatih kaya wajan kang ditutuki marang ibune aji Pas lagi duka. Siap rung tih?pitakone Aji kang wos siap arep balapan. Siap ndan. Wangsulane Fatih Sijilorotelu Treng ..treng.teng.teng..aji lan fatih pada banter-banteran numpak montorr mubeng ndesa. Wong loro kuwi pada selip-selipan kaya balapan motor antarane Valentino Rossy lan lorenzzo. Ana ing pertelon aji lali ora ngurupake klakson. Ora nyongko ing lawan arah ana bakul some. Aji kaget banget,dheweke bingung lan gugup.

Lik.lik.likawas Grubyuk,klonteng , tlepok-tlepok-tlepok. Some kang ana ing kwali pada menculat ing lemah. Praupane Aji lan Fatih mbalek sak untara,dadi pucet kaya mayet kanga arep dikubur. kepriye tha le? Nek numpak motor aja banter-banter. Daganganku temumplak kabeh , piye nek ngeneki?pituture bakul some. Kula nyuwum pangapunten pak, sak estu kula mboten sengaja jawabe Aji kang kaweden. Saiki daganganku uwis ora payu,amerga someku tak tumplakke. Kowe kudu ngijoli duit seket ewu Injih pak, kula tetep tanggung jawab. Kula tak mantuk rumiyin mendet arta. Ahire Aji lan Fatih tarikan selawe ewu-selawe ewu kanggo ngijoli tukang some kang uwis ditabrak sewau. Sakwise kajadian kasebut Aji lan Fatih uwis ora wani nupak motor banter-banter.

You might also like