You are on page 1of 1

Jeneng; angga hanunggraha Kelas;x5 Nomer absn;03

contoh Geguritan Puisi Bahasa Jawa Berjudul Wayah Esuk Pedut Angendanu

Rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene Saklawase ora nate ketemu Saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi Gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk Wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur Wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih Ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur Ana cerita rinajut endah Dik, kala kala sliramu isih dadi impenku Pirsanana ana nduwur kae Ana teja manther ing sela-selaning gegodongan Lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene Saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen Simpenen kangenmu ana impen

You might also like