You are on page 1of 1

PIDATO PERPISAHAN SMP AL-ISHLAH

SEMARANG,29 APRIL 2013

Assalamualaikum wr.wb
Ingkang kinurmaten Bapak Kepala Sekolah SMP AL-ISHLAH, Bapak/Ibu guru ingkang kula kurmati lan sedaya rencang-rencang ingkang kula tresnani. Ingkang sepindah, Sumonggo kita sedoyo ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT. Ingkang sampun maringi rahmat serta hidayah, dumateng kita sedoyo dumugi kita saget kempal wonten ing mriki kangge acara perpisahan sekolah kanthi sehat walafiat boten wonten alangan menapa-menapa. Ingkang saklajengipun, kula ngaturaken matur suwun kagem bapak/ibu guru ingkang sampun maringi wektu kangge kula ing mriki. Wonten ing adicara menika, kula nyuwun pangapunten saking bapak/ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten mriki kula mbo menawi gadhah kalepatan ingkang disengojo utawa mboten disengojo lan kula nyuwun donganipun saking Bapak/ibu guru mugi kula sakwise lulus dumugi sukses. Mugi-mugi bapak/ibu guru ngapuntenaken kalepatan kula lan maringi dungo maring kula. Cekap semanten pidato saking kula, Bokbilih wonten kirang sarta kalepatanipun , kula nyuwun agunging samudra pangaksami.

Wassalamualaikum wr.wb

Disusun Oleh; Nama Kelas No Mapel : NOVI KHUSNUL Q : IX : 18 : BAHASA JAWA

You might also like