Sapala Pambagyo Harjo
Pujo lan puji katur dhumateng Gusti Ingkang Moho Kuwaos, kaciknowonten kalodhangan wekdal puniko sampun maringaken mapinten-pinten karohmatan ugi kasarasan dhumateng kita sedaya, saenggorencang-rencang saking paguyuban Detik Forum Regional Jogja sampunsaget ngawontenaken salah satunggaling pustoko ingkang dipunparingi irah-irahan “ PARIKAN – Nguri-uri Kabudayan Jawi”Pustoko puniko dipun pendhet saking salah satunggaling trit wontenDetik Forum regional Jogja inggeh meniko BAB Parikan. Awit sakingwontenipun softcopy parikan meniko, ing pangajab mugi-mugi sagetonambah regengipun DF Reg Jogja lan saget andadosaken talikekadangan kagem para sederek sedaya.Mboten kesupen dipun aturaken agunging panuwun dhumateng sedoyopanyengkuyung wontenipun softcopy parikan meniko. Matur nuwunkagem siMbah Sang Moderator, Parto_Sentono, Ki Manteb, hyde ryano,Kripik, mas Iwan Noor, Mbak Kembang, Pesisir Kidul lan sedayakemawon ingkang mboten saget dipun sebataken setunggal-setunggalipun.Ingkang pungkasan, mbok menawi tasih kathah kekirangan anggenipunnyawesaken softcopy meniko dipun antu-antu paringipun masukaningkang saget nambah saenipun bab meniko. Lan ugi mbok bilih kathahkalepatan nyuwun lumunturing sih samodro pangaksami.Ngayogyokarto @ 2009Editor
http://forum.detik.com2