You are on page 1of 2

Nama : Rr. Arifah Candrakusuma Kelas / No. Absen : XI IPA 3 / 23 Assalamualaikum Wr.

Wb Nuwun ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah saha Bapak Ibu guru ingkang kula hormati, Bapak Ibu wali murid, tamu undangan ingkang kinurmatan, para kanca ingkang sutresna. Langkung rumiyen mangga kula Arifah Candrakusuma dherekaken muji syukur dumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun kepareng paring kanugrahan ingkang arupi kasarasan, sehengga ngantos wekdal menika panjenengan sedaya lan kula, saged ngrawuhi acara Perpisahan Kelas XII SMA Negeri 6 Yogyakarta. Bapak Kepala Sekolah tuwin Bapak Ibu guru ingkang dahat kinurmatan kula ingkang jinejer mingangka adicara, langkung rumiyen badhe ngaturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun rinacik dening para kadang panitia. 1. Adicara ingkang sapisan Pambuka. 2. Tanggap wacana saking Bapak Kepala Sekolah. 3. Tanggap wacana saking wakil kelas XII 4. Tanggap wacana saking wakil kelas X/XI. 5. Panutup donga. Bapak Ibu tamu undangan ingkang kinurmatan, mekaten urutaning adicara ingkang badhe lumampah ing wekdal menika. Dumateng adicara ingkang kaping kalih inggih menika tanggap wacana saking Bapak Kepala Sekolah, ingkang menika dumatheng Bapak Kepala Sekolah sasana pangandikan mugi katur. ---------------------------------------------------------------------------------------------------------------Matur nuwun dumatheng panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah. Adicara ingkang kaping tiga ingih menika tanggap wacana sakil wakil kelas XII, dhumateng sederek Rio kasumanggaken. ----------------------------------------------------------------------------------------------------------------

Matur nuwun dhumateng sederek Rio. Adicara ingkang kaping sekawan inngih menika Tanggap wacana sakil adik kelas wakil kelas X/XI, dhumateng sederek Bimo kasumanggaken. ---------------------------------------------------------------------------------------------------------------Matur nuwun dhumateng sederek Bimo. Salajengipun adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup minangka pranatacara ing adicara dinten menika, mbok bilih kathah kalepatan atur, kula nyuwun agungin pangaksama. Mingangka pratanda raos panuwun, ing pungkasan adicara menika, sumangga kita ngaturaken Puji Syukur dumatheng Gusti Allah SWT, kanthi sesarengan maos Hamdallah, Sumangga. Ing wasana cekap semanten. Sugeng kondur mugi-mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih. Wassalamualaikum Wr. Wb.

You might also like