You are on page 1of 12

Paribasan; Bebasan, Saloka

Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe. Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani bebasan Manawa lereging teges nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungsa. Diarani saloka menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake.Anak-anakan timun = wong kang ngepek bojo anake pupon Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira bakal kalah prakarane 1. 2. 3. 4. 5. 6. 7. 8. 9. 10. 11. 12. 13. 14. 15. 16. 17. 18. 19. 20. 21. 22. 23. 24. 25. 26. 27. 28. Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kang ilang Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene Abag-abang lambe = guneme mung lamis Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe Angin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidheman Angon kosok = ngreti ulah kridhaning wong liya lan bisa empan papan tumindake Asor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu Adhang-adhang tetese embung = nJagakake barang mung sakoleh-olehe Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget) Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani. Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi. Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak. Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kaanan, yen limpe banjur dicolong Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugih Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur panguwasane Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang Asu marani gebug = njarag bebaya

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html

29. 30. 31. 32. 33. 34. 35. 36. 37. 38. 39. 40. 41. 42. 43. 44. 45. 46. 47. 48. 49. 50. 51. 52. 53. 54. 55. 56. 57. 58. 59. 60. 61. 62. 63. 64. 65.

Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe panguwasa) Banyu pinerang ora bakal pedhot = pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan melu tanggung jawab mBarung sinang = nyela-nyela wong guneman mBalithuk kukum = mbudidaya ucul saka ing kukum utawa angger-angger mBaguguk ngutha waton = mbangkang marang pamarentah mBondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara mBuru kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung karuwan wekase mBuwang rase nemu kuwuk = nyingkiri piala, nanging malah nemu piala kang luwih saka ala mBuwang tilas = rewa-rewa ora mentas tumindak pagawe ala Bathang lelaku = lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune mBidhung api rowang = ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi Blilu tau pinter durung nglakoni = wong bodho nanging sering nglakoni iku luwih pinter tinimbang wong pinter nanging durung tau nglakoni Balung tinumpuk = anak loro dimantu tunggal dina Bathang lelaku = wong lungan ijen liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati Bathang ucap-ucap = wong loro lungan liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati Bubuk oleh leng = wong duwe niyat ala oleh dalan Bung pring petung = bocah kang longgor (gelis gedhe) Buntel kadut, ora kinang ora udut = wong nyambut gawe borongan, ora oleh opah dhuwit, mangan, lan udut Busuk ketekuk, pinter keblinger = sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara Belo melu seton = bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake Mburu uceng kelangan deleg = nguyak barang sepele kelangan barang sing aji Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran, utawa wong ala rupane nanging manis bebudene Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa Bebek mungsuh mliwis = wong loro padha dene pintere mungsuhan, nanging sing siji luwih trengginas Bima akutha wesi = wong gedhe kang kukuh panguwasane Bramara mangun lingga = wong lanang gumagusan ing ngarepe wong wadon kang disiri Brekithi angkara madu = wong kacilakan marga barang kang banget dikaremi Byung-byung tawon kambu = wong ela-elu, senengane padha kumpul tanpa ana prelune Calak cangkol kendhali bol, cemethi tai = nyela-nyela gunem kang ora ana pedahe Carang canthel = ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug Car-cor kaya kurang janganan = ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik Cathok gawel = seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman Cecak nguntal elo = gegayuhan sing ora jumbuh karo kahanane

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html

66. 67. 68. 69. 70.

Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake Cebol nggayuh langit = wong duwe panjangka kang tanpa ana kawusanane Cecak nguntal cagak = gegayuhan kang ora imbang kekuwatane Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala Cengkir ketindhihan kiring = wong lanang didhisiki anggone rabi dening adhine 71. Cikal apupus limar = wong oleh kabegjan kang luwih saka mesthine 72. Cobolo mangan teki = wong bodho banget tur tumindak asor 73. Cocak nguntal elo = wong tumandang gawe kang ora laras karo kaanane 74. Cumbu laler = wong kang teka lunga pamanggone 75. Ciri wanci lalai ginawa mati = pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati 76. Cincing-cincing meksa klebus = karepe ngirid nanging malah entek akeh, karepe mung climen wekasan entek wragat akeh 77. Criwis cawis = seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki) 78. Cuplak andheng-andheng, yen tan pernah panggonane = wong kang tansah sulaya karo rembuge wong akeh 79. Crah gawe bubrah, rukun gawe santosa = pasulayan njalari ringkih, karukunan njalari kuwat. 80. Cedhak kebo gupak = sesrawungan karo wong ala bisa melu-melu 81. Dahwen ati open = nacad nanging mbenerake wong liya 82. Digarokake dilukokake = dikongkon nyambut gawe abot 83. Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan = senajan wong liya yen nemoni rekasa bakal dibelani 84. Duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga = wong kang nesu banget 85. Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = bab ala dikandhakke becik, bab becik dikandhakkke ala 86. Derman golek momongan = wong wis akeh kewajibane isih golek gawean kang ngimbuhi ribed 87. Desa mawa cara negara mawa tata = saben panggonan duwe tata car dhewedhewe 88. Dadia godhong moh nyuwek, dadia banyu moh nyawuk = wis emoh sapa aruh 89. Dhalang kerubuhan panggung = wong tanpa bisa kumecap marga nemu wiring 90. Dhandhang diunekake kuntul = wong ala dikira becik 91. Dhandhang ngelak = wong kang ngajab patining liyan 92. Dhadhap ketuwuhan cangkring = kumpulane wong becik kaworan wong ala atine 93. Dhayung oleh kedhung = wong tumandang gawe kanthi kepenak jalaran cocog lan saranane 94. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan = ana ngendi papan tansah slamet 95. Dibeciki mbalang tai = mbeciki wong liya oleh pinwales piala 96. Dikempit kaya wade, dijuju kaya manuk = banget ditresnani 97. Dolanan ula mandi = njarag tumindak gawe kang ngemu bebaya 98. Dudu berase ditempurake = nyambungi guneman, nanging ora cundhuk karo sing dirembug 99. Durung cundhuk, acandhak = ora ngerti perkarane melu urun gunem 100. Dhadhakan anglayoni = mementahi rembug sing wis mateng 101. Dudutan lan anculan = wong loro padha kethikan: sing siji ethok-ethok ora ngerti 102. Durung ilang pupuk lempuyange = dianggep isih kaya bocah cilik

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html

103. 104. 105. 106. 107. 108. 109. 110. 111. 112. 113. 114. 115. 116. 117. 118. 119. 120. 121. 122. 123. 124. 125. 126. 127. 128. 129. 130. 131. 132. 133. 134. 135. 136. 137. 138. 139. 140. 141. 142. 143.

Durung pecus keselak betus = durung sembada wis duwe kekarepan neka-neka Duk sandhing geni = wong lanang jejer turu karo wong wadon dudu bojone Diwenehi ati ngrogoh rempela = diwenehi sithik isih kurang panarima Dipalangana mlumpat, ditalenana medhot = arepa dikaya ngapa yen wis takdhire bisa kalakon Dom sumuruping banyu = telik sandi (mata-mata), laku sesidheman kanggo meruhi wewadi Eman-eman ora keduman = karepe eman malah awake dhewe ora keduman Embuh nila embuh etom = wong kang nyaruwe alaning liyan, nanging dheweke ugamelu nglakoni Embat-embat celarat = wong nyambut gawe kanthi ngati-ati banget Emprit abuntut bedhug = wong kang nggedhekake perkara sing maune sepele Enggon welut diedoli udhet = wong pinter dipameri kepinteran sing ora sepiraa Endhas gundhul dikepeti = wong sing wis kepenak uripe oleh kamukten Esuk dhele, sore tempe = ora antep, atine molah-malih Emban cindhe, emban siladan = tumindak ora adil Entek amek, kurang golek = diuneni akeh-akeh Entek jarake = wis entek kasugihane Gajah alingan teki = wong gedhe sendhen prekarane wong cilik Gajah marani wantilan = wong kang njarag nemoni bebaya ngGajah elar = wong kang sarwa kasembadan kekarepane Gajah ngidak rapah = wong gedhe (agung) nrajang wewalere dhewe Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah = wong gedhe padha pasulayanwong cilik sing dadi korban Galuga sinalusur sari = wong becik rupane, utama bebudene Gambret singgang mrakatak ora ana sing ngeneni = wong wadon kenes ora ana wong lanang sing nakokake Gagak nganggo laring merak = wong cilik tumindak kaya-kaya wong gedhe Garang garing = wong semugih nanging sejatine kekurangan Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput = samubarang kang dikarepake ora bis keturutan Gliyak-gliyak tumindak, sareh pikoleh = senajan alon-alon anggone tumindak nanging bisa kelakon Golek banyu bening = meguru golek kawruh sing becik Nggutuk lor kena kidul = ngarani/ndakwa sing ora bener Nggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi Gawe luwangan, ngurugi luwangan = utang kana, nyaur kene nGGayuh tawang = tumandang gawe kang tanpa pituwas Gecul ngumpul bandhol ngrompol = wong ala padha saiyeg tumindak ala Gedhang apupus cindhe = wong duwe kamelikan kang ora salumrahe Geguyon dadi tangisan = gegojegan, wasana gawe susah Gemblung jinurung, edan kawarisa = tumindak nekad, nanging malah nemu kabegjan Gendhon rukon = tumindak bebarengan amrih padha kepenake Geni guntur nila bena = dhawuhing nagara kudu linakonan nGgenteni watang putung = nglungsur kalungguhane wong kang wis mati nGgepuk kemiri kopong = tumindak gawe kang tanpa kasil nGgered ori saka pucuk = tumandang tanpa petung, wasana gawe rekasa awake dhewe Giri lusi janma tan kena ingina = wong katone bodho jebul sugih kawruh

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html

144. Golek-golek ketanggor wong luru-luru = arep tumindak ala, wasana kepergok wong kang uga tumindak ala 145. Gondhelan poncoting tapih = nggantungake urpe marang bojo 146. Gotong mayit = lungan mung wong telu ngliwati papan sing mbebayani 147. Greget-greget suruh = nggregetake ati nanging ngemu rasa seneng 148. ngGugat kayu aking = mrakarakake wong kang wis mati 149. Gumembrang ora adang = kelangan barang tanpa ana sing weruh 150. Gumendheng ora nggoreng = kelangan barang tanpa ana sing weruh 151. ngGutuk api lamur = mitenah wong liya kanthi ethok-ethok ora ngerti wong sing dipitenah 152. Gupak pulute ora melu mangan nangkane = melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake 153. Glugu ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kecampuran wong ala bebudene 154. Glundhung semprong = wong wadon omah-omah ora nggawa bandha mapan ing omahe sing lanang 155. Gong lumaku tinabuh = wong geleme omong mung yen ditakoni 156. Idu geni = sakuni-unine kelakon 157. Idu didilat maneh = njabel rembug sing wis kawetu 158. Iwak kecemplung wuwu = kena diapusi kanthi gampang 159. Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani = yen ana ngarep nyontoni, ana tengah menehi greget (karep), ana mburi menehi daya 160. Jer basuki mawa beya = sakabehing gegayuhan mbutuhake wragad (pengorbanan) 161. nJabung alus = ngapusi kanthi tembung manis 162. nJaring langit = tumindak gawe kang tanpa asil 163. nJaring angin = tumindak gawe kang tanpa asil 164. Jinjang api goyang = ora nggugu kandhaning liyan nanging malah gawe kapitunan 165. Jalma tan kena kinira = manungsa iku ora kena diremehake 166. Jati ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kelebon wong ala 167. Njagakake endhoge si blorok = ngarep-arep barang sing durung mesthi 168. Njajah desa milangkori = wis tekan ngendi-endi 169. Jalma angkara mati murka = nemoni cilaka jalaran angkara murkane 170. Jamur tuwuh ing sela = wong kang uripe memelas 171. nJalukan ora wewehan = seneng njaluk ora gelem menehi 172. Jaran kerubuhan empyak = wong kang wis kanji (kapok, wedi) banget marga lelakon sing wis tau gawe wedi 173. Jarit luwas ing sampiran = wong duwe kepinteran nanging ora ana sing nganggo utawa ngangsu kapinterane, lawas-lawas wong iku tanpa guna 174. nJujul muwul = prakara kang nambah-nambahi rekasa, utawa wis sarwa akeh lan torah (kecukupan) isih oleh wuwuh (tambahan) maneh 175. nJunjung ngantebake = ngalembana nanging duwe niyat ngasorake 176. Kaduk wani kurang deduga = watak wong enom sing grusa-grusu kurang petung 177. Kalah cacak menang cacak = samubarang pagawean luwih becik dicoba dhisik bisa lan orane 178. Karna binandhung = kabar kang lumembar sarana gethok tular 179. Kebak sundukane = wis akeh anggone gawe piala 180. Kebak sundukane = kakehan dosa, akeh sing disulayani

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html

181. 182. 183. 184. 185. 186. 187. 188. 189. 190. 191. 192. 193. 194. 195. 196. 197. 198. 199. 200. 201. 202. 203. 204. 205. 206. 207. 208. 209. 210. 211. 212. 213. 214. 215. 216. 217. 218. 219.

Kebanjiran segara madu = nemu kabegjan kang gedhe banget Kebat kliwat, gancang pincang = tumindak kang kesusu mesthi ora kebeneran Kebo bule mati setra = wong pinter ning ora ana sing merlokake Kebo ilang tombok kandhang = wis kelangan ngetokake wragat maneh kanggo nggoleki malah ora ketemu Kebo lumumpat ing palang = wong gedhe nggagahi prakarane sadulur utawa kaluwargane dhewe Kebo kabotan sungu = wong ngrekasa uripe marga kabotan butuh, kakehan anak Kebo lumaku dipasangi = wong kang gelem tumandang gawe yen dituntun (diwarahi) Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom Kebo mulih nyang kandhange = wong sing wis suwe lelana bali nyang asale Kebo mutung ing pasangan = wong ninggal pagaweane sing durung sida ditandangi Kecing-kecing diraupi = tumindak gawe kanthi wani njejaluk tanpa ngrasa isin Keduwung nguntal wedhung = wis kebanjur tumindak, arep mundur wis lumaku, arep maju wis rekasa Kepaten obor = kelangan aluran pasedulurane Keri tan pinecut = gelem tumindak gawe tanpa diprentah Kulak warta adol prungon = oleh kabar banjur ditularake marang liyan Kumrisik tan kanginan = rumangsa tanpa disaruwe Kuping budheg dikoroki = ora ngreti kathik dikandhani, wasana kepengin ngreti prekarane Kakehan gludhug kurang udan = akeh sing diomongake ananging ora nyata Kaya banyu karo lenga = paseduluran kang ora bisa rukun Kadang konang = wong kang diaku sedulur yen wonge sugih (duwe pangkat) Kacang atinggal lanjaran = anak kang ora memper bebudene wong tuwane Kacang mangsaa ninggal lanjaran = anak iku lumrahe bebudene memper wong tuwane Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega = ora duwe papan (omah) Katepang ngrangsang gunung = wong asor pengin nggayuh pangkat luhur Katon cempaka sewakul = wong kang manjila dhewe, beda klawan pepadhane Kajugrukan gunung menyan = oleh kabegjan gedhe banget Kawuk ora weruh slira = wong cilik ambeke kaya wong gedhe Kebanjiran segara madu = nemu kebegjan (rejeki) sing gedhe Kegedhen empyak kurang cagak = wong kang duwe panjangka ning ora sembada Kekudhung walulang macan = ngapusi nganggo jenenge wong kang diwedeni Kelacak kepathak = ora bisa mungkir jalaran wis kebukti Kemladhean ngajak sempal = wong mondhok gawe rusak sing dipondhoki Kendhit miming kadang dewa = wong kang ora pasrah ing paeka Keplok ora tombok = melu seneng ananging ora melu wragad, utawa wong kang senengane maido ning ora gelem melu cawe-cawe Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ananging ora sembada Kena iwake aja nganti butheg banyune = ngrampungi prakara kanthi ngati-ngati Kejugrukan gunung madu = nemu kanugrahan Kethek saranggon = grombolane wong ala Kencana katon wingka = arepa becik disawang ora becik

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html

220. Kendel ngringkel, dhadhag ora godhak = ngakune kendel tur pinter jebule jirih tur bodho 221. Kenes ora ethes = wong sing sugih nanging ora disenengi 222. Kriwikan dadi grojogan = prakara sepele dadi prakara gedhe 223. Kere munggah bale = wong asor diprecaya dadi panguwasa (wong pangkat) 224. Kere nemoni malem = wong miskin kinembong ing pangan 225. Kere menangi Mulud = wong miskin kinembong ing pangan 226. Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ning ora duwe wragad 227. Kerubuhan gunung = wong nemoni kesusahan sing gedhe banget 228. Kesandhung ing rata kebentus ing tawang = oleh cilaka sing ora dinyana-nyana 229. Ketula-tula ketali = wong kang tansah nandhang sengsara 230. Kethek saranggon = kumpulane wong kang tindake ala 231. Kinjeng tanpa soca = wong tandang gawe ora ngerti ancas tujuwane 232. Kaleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang = wong sing ora duwe panggonan utawa omah tetep 233. Klenthing wadhah masin = wong ala sanajan tumindak becik, tabet-tabete wong ala isih ketara (angel ninggalake pakulinane tumindak ala 234. Kodhok nguntal gajah = wong duwe trekah sing mokal kalakone 235. Kongsi jambul uwanen = nganti tumekan tuwa banget 236. Kriwikan dadi grojogan = prakara kang maune cilik dadi gedhe 237. Krokot ing galeng = wong kang mlarat banget 238. Kucing-kucing diraupi = wong duwe gawe kanthi nekad, sanajan direwangi wiring isin 239. Kudhi pacul singa landhepa =wong adu kapinteran, sing pinter sing bakal nemu kabegjan 240. Kudhung walulang macan = wong golek utangan nganggo sendhen asmane wong gedhe utawa wong kuwasa 241. Kumenthus ora becus = seneng umuk nanging ora mrantasi karya (sembada) 242. Kuntul diunekake dhandhang = wong becik dianggep wong ala 243. Kurung munggah lumbung = wong rena dipek bojo sing duwe omah 244. Kutuk nggendhong kemiri = wong kang nganggo kang sarwa aji (apik) liwat dalan kang mbebayani 245. Kutuk marani sunduk, ula marani gebuk = wong kang njarag (marani) bebaya 246. Kuncung nganti tumekan gelung = suwe banget anggone ngenteni 247. Ladak kecangklak = wong kang angkuh nemoni pakewuh marga tumindake dhewe 248. Lahang karoban manis = wong kang rupane bagus-ayu tur luhur bebudene 249. Lanang kemangi = wong lanang kang jirih 250. Lawas-lawas kawongan godhong = wis lawas pangabdine, nanging ora banjur dibuwang, tanpa oleh pangkat 251. Lebak ilining banyu = wong asor kanggo tiban-tiban yen ana prakara 252. Ledhang-ledhang nemu pedhang = nemu kabegjan tanpa kanyana-nyana 253. Legan golek momongan = wong kang wis kepenak malah njarag golek gawean (rekasa) 254. Lambe satumang kari semerang = menehi pitutur nganti kesel, ora digubris 255. Lumpuh ngideri jagad = duwe gegayuhan sing mokal kelakon 256. Lungguh klasa gumelar = ora melu rekasa nanging nemu kepenak 257. Macan guguh = wong gedhe (kuwasa) wis ora kajen keringan 258. Madu balung tanpa isi = rebutan samubarang kang tanpa guna

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html

259. Malang-malang tanggung = ngewuhake, arep ditinggal nggrundel, yen dilokake ora mrantasi gawe 260. Mancak wadhah tulupan = wis suwe nyambut gawe nanging tanpa duwe celengan 261. Mecel manuk miber = sarwa kasembadan, sabarang tindake mawa kasil 262. Mendhak alingan, wekasan katon = tumindak nylamur, nanging wekasan ngaku, jalaran konangan wong akeh 263. Maju tatu mundur ajur = prakara kang sarwa ndadekake pakewuh, utawa mbudi daya kepiye wae nanging ora kasil 264. Matang tuna numbak luput = tansah luput kabeh panggayuhane 265. Mbuwang tilas = ethok-ethok ora ngerti marang tumindake kang ala kang dilakoni 266. Meneng widara uleren = katone anteng nanging sejatine ala atine 267. Menthung koja kena sembagine = rumangsane ngapusi, nanging sejatine malah kena apus 268. Merangi tatal = mentahi rembug kang wis mateng 269. Micakake wong melek = ora nganggep wong sing meruhi dhewe 270. Midak sikil, njawil mungkur = kethikan ora ngetarani 271. Midak tembelek ora penyek = ora duwe kekuwatan kanggo tandang gawe 272. Mirong kampuh jingga = mbalela marang nagara 273. Mrojol ing akerep = nyebal saka kalumrahaning wong akeh 274. Milih-milih tebu boleng = kakehan milih, wekasan oleh kang ora becik 275. Mikul dhuwur mendhem jero = bisa njunjung drajade wong tuwa 276. Mubra-mubru mblabar madu = wong kang sarwa kecukupan 277. Meneng kitiran = ora bisa anteng 278. Mbrojol saselaning garu = ora ana sing madhani kepinterane, utawa wong kang luput saka bebaya 279. Nabok nyilih tangan = tumindak ala kanthi kongkonan wong liya 280. Naga mangsa tanpa cala = wong kang mrana-mrana ngrasani alaning liyan 281. Ngagar metu kawul = ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojok-ojoki ora mempan 282. Ngajari bebek nglangi = panggawean sing ora ana paedahe 283. Ngalasake Negara = wong sing ora manut pranatane Negara 284. Ngalem legining gula = ngalembana kapinterane wong kang pancen pinter (sugih) 285. Ngaturake kidang lumayu = ngaturake barang kang wis ora ana 286. Nagara mawa tata, desa mawa cara = saben papan duwe adapt lan aturan dhewe-dhewe 287. Nampel puluk = mitenah kabegjane wong liya 288. Nandur wiji keli = ngopeni turune wong kasrakat 289. Nasabi dhengkul = nutup-nutupi kekurangane sadulur supaya oleh kauntungan 290. Natas tali gumantung = putusan kang ora ana kawusanane 291. Nebak wong mangan = gawe rugine wong kang oleh kamukten 292. Nemu kuwuk = wong njaluk tulung marang liyan ora nganggo mara ing omahe 293. Ninggal bocah ing waton = nyumelangake samubarang sing wis kelakon 294. Nitipake daging serep = titip anak wadon marang besan 295. Nucuk ngiberake = wis disuguh mulihe isih mbrekat suguhan 296. Nulung menthung = karepe aweh welas, nanging malah gawe rekasane 297. Nuntumake balung pisah = bebesanan karo sedulur kang wis adoh alurane 298. Nututi baling wis tiba = njabel wicara kang wis kawetu

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html

299. Nututi kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung cetha lan durung mesthi olehe 300. Ngadu singating andaka = gawe dukaning panggedhe 301. Ngadhepi celeng boloten = cedhak-cedhak wong ala bebudene 302. Nglungguhi klasa gumelar = nindakake pegawean kang wis tumata 303. Ngotragake gunung = wong cilik-asor bisa ngalahake wong gedhe-luhur, nganti gawe kagete wong akeh 304. Nguthik-uthik macan dhedhe = njarag wong kang wis lilih nepsune 305. Nguyahi segara = weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase 306. Nyangoni kawula minggat = ndandani barang kang tansah rusak 307. Nguthik-uthik macan turu = gawe nesu (golek gaweyan) 308. Nyolong pethek = luput saka pangira 309. Ngobak banyu bening = gawe rerusuh ing papan kang tentrem 310. Nguyahi segara = nulung wong sing kecukupan 311. Nandur pari jero = gawe ngamal kabecikan 312. Nututi layangan pedhot = nggoleki barang sing angel ketemune 313. Ngaji mumpung = ngatogake kekarepan mumpung ana wektu becik 314. Ngalem legining gula = ngalem kepinterane wong winasis 315. Ngandel tali gedebog = mrecaya barang kang ora mitayani 316. Ngantuk nemu kethuk = enak-enak ora nyambut gawe nanging oleh kabegjan 317. Ngangsu banyu ing kranjang = golek ngelmu nanging ora pinter marga ngelmune 318. Ngaub ngawar-awar = golek pangayoman marang wongmiskin 319. Nguwod gedebog = wong nemu kacilakan merga panggawene wong liya 320. Nguyang lara nempur pati = njarag marang kacilakan 321. Nguyuh aling-alingan sada = ngumpetake kekurangane, nanging ora murwat lan sranane 322. Ngabuk wong meteng = milara wong kang tanpa daya 323. Ngemping lara nggenjah pati = njarag marang kasangsaran 324. Ngempukake watu item = nganggep remeh prakara abot 325. Ngemut legining gula = ngrumat baranging liyan, bareng ngreti yen ana gunane banjur dipek dhewe, ora diwenehake sing duwe 326. Ngenteni timbale watu item = ngarep-arep samubarang kang ora bakal teka 327. Ngetutake poncoting tapih = melu sapari lungane bojo 328. Nggepuk kemiri kopong = tumandang gawe kang tanpa pituwas 329. Nglancipi singating andaka = natang wong kang kawasa 330. Nglangi ing tengah mati ing pinggir = apa kang digarap tanpa karampungan 331. Nglumahake, ngurepake = bebesanan anak loro lanang wadon padha nggawa lan padha olehe 332. Ngarebake sikut = nenonton mung kanggo golek sukan-sukan 333. Ngrampek-ngrampek kethek = nyanak marang wong ala 334. Ngrangsang-ngrangsang tuna = samubrang kang ginayuh ora kena 335. Ngrusak pager ayu = ndhemeni bojoning liyan 336. Nrenggiling api mati = wong ethok-ethok ora ngrungu guneme liyan, nanging sabenere niling-nilingake 337. Numpal keli = wong lelungan mung nunut kancane 338. Nusup ngayam alas = wong lelungan kanthi mlebu metu padesan lan ngliwati omah-omahe wong akeh 339. Nyambung watang putung = ngruunake sedulur kang cecongkrahan

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html

340. Nyawat mbalang wohe = duwe panpgangkah sarana pitulungane sedulur sing diangkah 341. Nyeret pring saka pucuk = pagawean gampang malah dingel-ngel 342. Nyundhang bathang bantheng = ngangkat priyayi turunane bangsa luhur kang wis ora duwe pangawasa 343. Nyunggi lumpang kentheng = rabi ayu turune wong luhur 344. Obor blarak = mung sawetara wae 345. Obah owah = barang dadi becik mbutuhake wragad 346. Obah mamah = yen gelem makarya, bakale akeh rejeki 347. Obah ngarep kobet mburi = wani rekasa dhisik, mbesuke bakal kepenak 348. Opor bebek, mentas dhewek = rampungae saka reka dayane dhewe 349. Ora ana banyu mili mandhuwur = watak iku tumurun marang anak 350. Ora ana kukus tanpa geni = ora ana akibta tanpa sebab 351. Ora gonja ora unus = wis rupane ala, bebudene uga ala 352. Ora jaman ora makam = ora genah asal kamulane 353. Ora mambu enthong irus = ora ana sambung rapete bab aluran paseduluran 354. Ora ngerti kenthang kimpule = ora weruh prakara sing dirembug 355. Ora polo ora uteg = bodho banget 356. Ora tembung ora lawung = njupuk barange liyan tanpa jawab 357. Ora weruh alip bengkonge = ora ngreti aksara 358. Othak-athik didudut angel = katone sarwa ganpang bareng ditemenani ora ana nyatane 359. Ora kingan ora udut = ora mangan apa-apa 360. Ora uwur ora sembur = ora gelem cawe-cawe (aweh pitulung) 361. Palang mangan tandur = wong kang diwenehi kapercayan njaga nanging malah ngrusak 362. Pandengan karo srengenge = memungsuhan karo panguwasane 363. Pandhitane antake = laire katon suci batine ala 364. Pecruk tunggu bara = wong kang dipasrahi tunggu barang kang dimelik (dadi kesenengane) 365. Pupur sadurunge benjut = becik jaga-jaga utawa tumindak ngati-ati 366. Pupur sawise benjut = ngati-ati sawise nemu bebaya 367. Pinter keblinger busuk ketekuk = sarwa cilaka, tansah kena paeka 368. Pitik trondhol diumbar ing padaringan = wong miskin dipracaya manggon ing papan kang mubra-mubru pangan 369. Pupur sawise benjut = tumindak ngati-ati bareng wis ketaman 370. Raga tanpa mule = rana-rene mung disawiyah, ora kajen 371. Rupak jagade = ora duwe papan pasrawungan 372. Rame ing gawe, sepi ing pamrih = gelem tandang gawe ora amarga golek opah 373. Ramban-ramban tanggung = wong ngira alaning liyan, nanging isih ragu-ragu 374. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung = sakehing pepalang bisa disingkirake 375. Rampek-rampek kethek = wong kang nyedhak-nyedhak wong ala, ora wurung oleh piala saka wong iku 376. Rebut balung tanpa isi = pasulayan marga barang kang sepele 377. Regem-regem kemarung = wong kang ngrangkani wong liya kang sok nglarani (gawe cilaka) 378. Renggang gula kumepyur pulut = wong kang raket banget anggone kekancan 379. Rindhik asu digitik = dikongkon nindakake pegawean kang ora cocog karo kekarepane

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html

380. Rupa nggendhong rega = merga barange apik mula regane ya larang 381. Rukun agawa santosa, crah agawe bubrah = yen padha rukun mesthi padha santosa, yen padha congkrah mesthi bakal rusak 382. Rubuh-rubuh gedhang = wong kang ela-elu tumindake liyan (melu-melu) 383. Sing salah seleh = sing salah bakal nampa akibate 384. Sembur-sembur adas, siram-siram bayem = bisa kaleksanan marga pandongane wong akeh 385. Sadumuk bathuk sanyari bumi = pasulayan dilabuhi toh pati 386. Satru munggwing cangklakan = wong kang dadi mungsuh ing lingkungan sanak sedulur 387. Satu munggwing rimbagan = wong loro kang anggone kekancan padha cocoge 388. Suduk gunting tatu loro = nampa kesusahan (kasangsaran) bareng-bareng (ngiwa nengen) 389. Sabar sareh mesthi bakal pikoleh = tumindak samubrang aja kesusu 390. Sabaya pati sabaya mukti = kerukunan nganti tekaning pati 391. Sadumuk bathuk senyari bumi = pasulayan nganti dilabuhi tekan pati 392. Sandhing kirik gudhigen = wong kang srawung karo wong ala, ora wurung ketularan alane 393. Sandhing kebo gupak = wong kang cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala 394. Sanggar waringin = wong kang dadi pangayomane wong akeh 395. Sepi ing pamrih rame ing gawe = nindakake pagawean kanthi ora duwe kamelikan apa-apa 396. Sluman-slumun slamet = sanajan kurang ngati-ati nanging isih diparingi slamet 397. Sumur lumaku tinimba, gong lumaku tinabuh = wong kang geleme tumandang gawe yen diajak utawa dikancani wong sing wis pinter 398. Sadawa-dawane lurung isih dawa gurung = kabar iku mesthi sumebar adoh, lan adoh karo kanyatane 399. Sapikul sagendhongan = andum barang kanthi kukum kang murwat lan kaanane 400. Sendhen kayu aking = prakaran gondhelan wong kang wis mati 401. Singidan nemu macan = dhelikan marga tumindak ala nanging malah kawruhan panggedhene 402. Si gedheg lan si anthuk = wong loro kang wis padha kangsen tumindak ala bebarengan 403. Simbar tumrap sela = wong kang uripe ngrekasa, awit ora duwe sumber pangan sing gumathok 404. Tebu tuwuh socane = wong sing alus lan mans tembunge nanging ala atenatenane 405. Tekek mati ulone = wong kang nemoni cilaka marga saka gunemane dhewe 406. Tembang rawat-rawat, bakul sinambewara = kabar kang durung mesthi salah lan benere 407. Tulung menthung = katone aweh pitulungan, nanging gawe susah 408. Tega larane ora tega patine = arepa kaya ngapa sedulur iku perlu dibelani 409. Tigan kaapit sela = wong kang ana ing sajroning bebaya, tansah was-sumelang atine 410. Timun jinara = prakara gampang banget 411. Timun wungkuk jaga imbuh = wong kang kanggo genep-genep (jaga-jaga yen kekurangan) 412. Timun mungsuh duren = wong ringkih mungsuh wong kuwat

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html

413. Tuna satak bathi sanak = rugi petung (bandha) nanging tambah sedulur 414. Tunggal banyu tunggal guru 415. Tinggal glanggang colong playu = ora wani tanggung jawab (keplayu ing peperangan) 416. Tumbak cucukan = wong kang seneng pradul (adu-adu) marang liyan 417. Tumbu oleh tutup = wong loro sing cocog aten-atenane 418. Tumper cinawedan, wedang lelaku = wong kang angger duwe bojo, bojone mati (wong kang diseriki kanca-kancane) 419. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati = turune wong cilik bisa dadi wong gedhe, turune wong gedhe ora bisa oleh kalungguhan dhuwur, utawa prakara ala ngambra-ambra dene prakara becik kari sethithik 420. Tunggak kalingan rone = tilas wong gedhe wis ora katon gedhene utawa luhur pangkate 421. Tunggak kemadhuh = wong kang maune dadi mungsuh 422. Tunjung tuwuh ing sela = wong kang maune dadi mungsuh 423. Thenguk-thenguk nemu kethuk = nyambutgawe sakpenake nanging meksa nemu kabegjan 424. Ucul saka kudangan = luput karo gegayuhane 425. Ula marani gitik (gebug) = wong kang njarag marang bebaya 426. Ulat madhep ati kareb = wis manteb banget kekarepane 427. Ungak-ungak pager arang = duwe melik marang bojoning liyan 428. Ulangan cumbon = angger lunga, ora suwe bali maneh 429. Uyah kecemplung segara = menehi barang sethithik marang wong sugih banget 430. Undhaking pawarta sudaning kiriman = kabar sing sumebar beda nyatane 431. Udan tangis = akeh wong sing kesusahan amarga ketaman bencana 432. Uwod gedebog = wong kang ora kena diprecaya kanggo lantaran rembug 433. Wastra bedhah kayu pokah = wong nandhang tatu, babak kulite, putung balunge (wong ketula-tula uripe) 434. Watra lungset ing sampiran = wong pinter ora diguroni wong liya nganti tuwa 435. Wedi rai wani silit = wanine mung saka mburi, wedi yen adhep-adhepan 436. Wedhus diumbar ing pakacangan = wong mlarat dipercaya njaga barang pakaremane 437. Weruh ing grubyug, ora weruh ing rembug = melu-melu tumindak nanging ora ngerti kang dikarepake 438. Wiwit kuncung nganti gelung = nuduhake wektu sing suwe banget (saka bocah nganti tuwa) 439. Welsa tanpa alis = arep tetulung (melasi) wong liya nanging malah dadi bilaine 440. Waras-wiris = sehat 441. Wong wadon cowek gopel = drajating wong wadon kang ora pangaji 442. Wis kebak sundukane = wis akeh banget kaluputane 443. Yuwana mati lena = wong becik nemu cilaka jalaran ora ngati-ati 444. Yitna yuwana, lena kena = sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana cilaka 445. Yuyu rumpung mbarong ronge = wong kang nyantosani omahe, amarga wedi diganggu gawe wong liya kang ala pakartine 446. Yiyidan munggwing rampadan = biyene wong durjana saiki dadi wong alim 447. Yoga anyangga yogi = murid nirokake piwulange guru

Sumber

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html

You might also like