You are on page 1of 3

NGELMU KASUNYATAN

Kanggo gagaran nyumurupi manunggale KAWULA GUSTI, apa dene pratikele supaya
bisa damang gelare Sastra Cetha, yaiku tulisan kang nyata, tulisan kang muni dewe tanpa
diwaca yaiku blegere urip. Dadi amrih bisa nyumurupi marang uripe, garise dew kang
landesan kukum sebab lan akibat (daruna lan wahana).

Kang minangka tulada dadi gagaran neniteni dumunung ana ing kahanane wong kang
berbudi cukup, lire wong kang ngenggoni sipat-sipat kamanungsane, awatak asih marang
sapadane tumitah, ambeg welasan gelem tetulung tanpa pamrih apa-apa, sing tumrap
awake dewe lsp. Yen menawa tetembungan saiki, ya wong sing ajiwa sosial, kang
gemblengane banjur dadi wong sing bisa ngayomisesamaning ngaurip tanpa melik apa-
apa.

Mung perlu wae diimuti yen sipat sing kaya mangkono mau senajan ta becika pisan
nanging yen kurang wicaksana anggone ngetrapake wahanane malah dadi kosok balen.
Welas marang sak pada-padane tumitah kan kanti wicaksana iku ateges welas marang
soksapoa kang mula pancen patut lan wajib diwelasi. Karana yen ora mengkono dadine
malah banjur welas tanpa alis, semono uga ngenani prakara tetulung, yen kleru cak-
cakane wahanane malah malah ngapitunani sing ditulung. Dadi bakune tindak
kautamankasebut ing duwur kang kudu dilekasi adedasar kawicaksanan iku, kajaba
wujud dadi kasuyatan uga kudu kang wahanane ora bakal agawe kapitunane jiwa maran
sapa wae kang ditamnduki kautaman mau.

Tindak sing kaya mangkono iku ateges nuhoni dharmaning ngaurip amrih rahayuning
jagad, mungguhung jagad pakeliran kaya lekase Sri Ramawijaya sing tumanduk marang
maharesi Subali ing Guwa Kiskenda lan Rahwanaraja ing Ngalengkadiraja, utawa lekase
Sri Kresna ing Dwarawati sing tumanduk marang para kadang Kurawa jroning perang
Barata Yuda Jayabinangun. Kawicaksananing amrih rahayuning bawana nganti pantog
tekan “tegel” ngrampungi para kang pada tumindak dur. Ora kena rasa sengit utawa
getting, nanging karana rasa welase. Yen ta ora enggal disirnakake, kajaba kang pada
ngawaki bakal saya gede durhakane, kahanane jagad uga banjur ora bakal leren anggone
gasrek marga saka daya angkarane mau. Tindak tanpa kendat lan ajiwa sosial alambaran
kawicaksanan, dayane mesti tumimbal-balik lire : sing sapa ngayomi liyan, prasasat
ngayomi pribadine. Tabate ora ana liya kajaba mung kabecikan lan babrayan mesti gede
panarimone marang wong kang sipate kaya mangkono mau.

Anadene kang diarani bisa mranata lakune nafsu lan meper sakehing pakarti kang tuwuh
saka rangsang saya krekating jasad kadagingan iku, mranata bekaning urip lair lan
bekaning urip batin. Bekaning urip lair kang tuwuh dening pakartining pancadriya lan
bekaning urip batin kang tuwuh dening ubaling nafsu patang perkara, yaiku ; Mutmainah,
Supiyah, Luwamah lan Amarah.

Nafsu patang perkara kasebut sarta pakartining pancadriya, iku samangsa ora
dikendaleni, lire diuja tumindak ing salonggar-longgare, wahanane tumrap salira pribadi
banjur dadi mbakar kasenengan lan kemareman, ambeg candala ing budi, watak dara
cidra, demen fitnah lan nganiyaya ngumbar nguja ubaling nafsu, dene ing sabanjure dadi
demen marang tumindak crobo (ora bisa weruh ing ukuran), laku nista, ambeg degsura,
kesed lan sungkanan sarta lumuhmarang tarak brata. Kabeh mau pada mujudage
sambeganing laku tumraping urip ya lait ya batin.

Ing sarehne wis bisa meper hawa nafsu lan ngeker pakartining pancadriya, temah bisa
mranata jiwane sarta banjur ora wigih ngadepi sakehing goda rencana maheka warna
sarta wasis nyabili seprelune. Yen wis kaya mengkono, dadine mestibanjur ora bakal
kasamaran samangsa kudu ngadepi pati, karana jeroning uripe ora ninggalake tabe
bebibget apa-apa.

Ngudi murih jiwa raga sarta sakabehane iku bisa lestari slamet iku kudu katindakake
kalwan tanpa leren ing salawase urip, kanti awawaton sing wis ditetepake dening
ngelmune, lakune supaya bisa tetep, ojo kongsi sulaya karo gegebengane.

Mula mangkana jalaran samangsa wis niyatingsun nggilud marang sawijining ngelmu,
panggilutu kudu sing kalawan temenan, ora kena sulaya utawa nyulayani sakabehing
angger-angger jer kabeh mau kena ingaranan sawijining prajanji kang kawetune lan
kalakone mung sapisan. Bener ya sapisan iku, yen ta luputa ya ora kena diambali maneh
dadi samangsa ora ngati-ati, wahanane bisa drawasi.

Srana kang bisa kanggo ngayuh marang iku mau kabeh kajaba tindak kaya kang wus
kawedar ing katerangane ing duwur uga kudu bisa manunggalake KAWULA lan GUSTI,
ya manunggalake raga lan sukma. Rehne karo-karone iku manunggal lan blegere pada dai
prasemon gaibing Hyang Widi, ing samubarang rehe kudu sing kalawan tumata, solah
bawa, muna-muni lsp. Kudu tansah diemuti yen kabeh mau atas asmane Pangeran.
Tindakake roga karono dikemudeni dening sukma, dadi uga ateges tindake nyawa,
tindake kawula pada karo tindake Gusti jer loro-lorone manunggal ana ing badan sawiji.

Ing antaran srana kang menika warna, srana panggayuke bisa kanti nggladi murih lair lan
batine bisa tumata lan tentrem, meneng, wening lan dumunung – Tegese meneng iku ya
menenge raga kang kaprabawa dening nafsu, wening iku weninge pikir, ngedohake
gagasan sing tumuju marang tindak ora perlu lan ora utama, temah dumunung ana ing
pusaraning gegayuhan. Jiwa raga sakojur gumolong gilik dadi siji ngadepi pajumbuhan
kang pratitis nganti bisa klakon.

Yen laku sing kaya mangkana mau bisa digawe pakulinan lan bisa ajeg, samangsa ana
gawe parigawe sawanci-wanci bisa diecakake kalawan ndadak sarta lekase bisa titis lan
tatas. Satumungging rimbagan, gilig kaya gilige jladren kang munggah ing cithakon.

Surasane ngelmu sejati iku yen dirasakake temenan mula pancen nyenengake, karana bisa
miyak sakabehing warana sing nutupi gaibing Pangeran bisa gelar wewadine jagad dalah
saisine kabeh, wiwit kang agal kasar, nganti tekan sing alus ngrawit.

Mula keh-kehane banjur dadi kasegsem, kentir ing daya enggala bisa nyakup sakabehing
isine wiwit “HA” nganti tekan “NGA”. Sing kaya mengkene iki njalari kurang
pramareming panggudi lan suusurapane banjur mung grambyangan wae, kebat-kliwat, iki
marga saka kapiluyune – malah marga anggone kayungyun lan kesusu nyumuruppi iku
mau, nganti lali ing weweka. Ana ing ngendi-endi sing diujarake tansah ngelmune wae,
ora ngemuti marang kahanane papan lan empane sarta wewalere. Ilang kaprayitnaning
bantin ninggal pepacuh endi sing kena lan endi sing ora kena diwedharake, lekase kaya
wong guru aleman, kepengin diarani sugih ngelmu utawa saora-orane digolongake
marang wong sing anduweni reh kebatinan.

Tindak sing kang kaya mangkono mau kajobo ora prayoga, ugo ora bener, nyamari
banget. Mula kudu sing bisa mapanake giludane ngetrapake surasaning ngelmune
kalawan kawicaksanan – Tindak lan tanduk solah bawa muna-muni supaya sing tumata,
tajem prayitna lan was pada ing samubarange katone jatmika.

Kanti laku kang kaya mangkono mau sarta kanti tansah nggladi murih Gusti manunggal
lan Kawula samangsa wis bisa nyandhak marang tataraning gagayuhan kang sejati
pindane prasasat bisa nemu pepadang kang sumunar cahyane amblerengi.

You might also like