You are on page 1of 6

PAMBAGYOHARJO

Bismillahir rahmanir rahiim. Assalamu alaikum wr. Wb. Para sesepuh, pinisepuh saha para Bapak, Ibu mitra sutresno ingkang ginanjar (kinayoman) ing karahayon. Sakderengipun kula ngaturaken (menggah) esthining sedya, langkung rumiyin ngetrepi patrap pakartining trah Pancasila ingkang titikanipun tansah hangagungaken (hangagung-agungaken) asmaning Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, mugi kaparengno kula ndherek lan dherekaken mboten kendhat-kendhat ngunjukaken puji syukur ing ngarsaning Gusti Ingkang Murbeng Jagad, karana peparingipun rochmat, wujud pinten-pinten (kathah sanget) raos nikmat, ing antawisipun titiwanci punika, panjenengan lan kula ginanjar ing bagas waras, kiyat, saget hangestreni anggenipun Bapa .kagungan hajad.

Para tamu ingkang sinuba ing pakurmatan. Kula ingkang minangka sulih sariranipun (wakilipun) Bapa. Sekalian Ibu saperlu : 1. Ngaturaken pambagya wilujeng, saha ngaturaken sanget agenging panuwun awit kapareng panjenengan sampun kerso merlokaken rawuh ing pahargyan / pasamuan ngriki, minangkani / mituruti ingkang dados panyuwunipun Bapa/Ibu. Saestu para tamu kakung miwah putri, karawuhan panjenengan hanjalari /ndadosaken bombong bebeg kabegan ing kabagyanipun / suka bingah gembiraning manah bebasan lir kajugrugan wukirsari, karoban segara madu, marwata suta, bombong birawaning manahipun Bapa/Ibu. 2. Ngaturaken agenging panuwun, sedaya peparing panjenengan tandha tresno tali asih ingkang awujud punapa kemawon. 3. Mboten kesupen ugi ngaturaken agenging panuwun, katur para tangga tepalih, sanak kadang, mitra sutresna, lss, ingkang sampun kepareng paring pambiyantu, payengkuyung ingkang awujud bahu, suku, penggalih, rerigen, iguh pertikel lss, murih kaleksanan, wilujeng lancar, regeng semuwaning pahargyan punika.

Para tamu Kakung miwah Putri ingkang ginanjar/ winengku ing suka rena, Menggah keperluwan ing dinten/dalu punika kados ingkang sinebat ing serat sedhahan, Bapa sekalian, amala kramakaken (angemah-emahaken) sutanipun/putra/putri jaler/estri (pawestri) nama... pikanthuk /kadhaup/dhaup Bagus... Putra/putrinipun Bpap/Ibu . Ing.. Kalampahan (kaleksanan) ing ijab qabul, panggih saha tata adat kajawen, pikanthuk rahmating Gusti Ingkang Maha Agung, wimbuh-kasembuh tambahing pandonga, puja-puji pudyastawaning para tamu, wilijeng tanpa pambeng rahayu tanpa reridu widada nir sambekala. Salajengipun tansah kasuwun tambahing puji pudyastutining para tamu, mugi panganten kekalih tansah runtut, lajeng atut, njalari pinaringan wiji dadi (ing tembe pinaringan turun wiji dadi) momongan putra/putri ingkang saleh saha solihah, ngremenaken tiyang sepuhipun, netepi sesanti Jaya-jaya wijayanti, ginanjar suka basuki, kasembadan ingkang kaesthi. Para tamu Kakung miwah Putri ingkang winantu kabagyan;, sawatawis saderengipun Bapa/Ibu.. sampun : ngrancang, ngenam-enam, nggontho-nggontho murih pahargyan punika saged tumata lan mboten kuciwa/ngiciwani, karacik tharik-tharik murih kaleksanan kanthi becik ananging dumugining dhata kok inggih wonten kemawon kekiranganipun. Ingkang punika Bapa/Ib., tansah nyuwun hagunging samodra pangaksama sadaya kekirangan anggenipun nampi karawuhan panjenengan ing babagan punapa kemawon wiwit atur sedhahan, ingkang mboten trep kaliyan asma lan sesebatan panjenengan, kirang trep palenggahipun, buja krami lan sanesipun. Ing wasana kula piyambak, sadaya kirang runtuting atur, nalisiring susila muranging tata karma, miwah sungsating suba sita, kula tansah nyenyadhong paringing sih samodra pangaksama/pangaksami. Nuwun, W.W.W

TUODHO ATUR PAMBAGYA RAHARJO 2

a. b.

Uluk Salam
Assalamu alaikum wr.wb

Hunjuk Syukur
Sagunging para tamu sinedahan kakung miwah putrid ingkang sinuba ing pakurmatan, sumangga panjenengan kaliyan kula ngaturaken panuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang maha mirah, ingkang sampun ngluberaken berkah dumateng panjenengan sedaya kaliayn kula.

c.

Wigatosing perlu
Kula ingkang dipun utus dening Bapa.sekalian garwa, kaparengno matur dumateng panjenengan : 1. Ngeturaken pambagya wilujeng menggah karawuhan panjenengan wonten pahargyan prasoja ing wanci dalu punika. 2. Bapa. Ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami dumateng sagunging para tamu, ingkang sampun nyisihaken wekdal, saperlu nelakaken raos katresnan panjenengan ingkang tumandhuk dumateng Bapak. Sabrayat. 3. Wondene wigatosing perlu wanci punika : Bapa .. sekalian netepi darmaning tiyang sepuh, dhaupaken putra pawestri pun Rr ingkang pikantuk Bagus. Putra kakungipun Bapa/Ibu ingkang pidalen ing. . Lumampahing tatacara ijab sampun kasembadan nalika dinten. Sutya kaping. Wanci tabuh kaping.. wontwng ing. Bapa sekalian tansah nyuwun tambahing pandonga saha pangestu panjenengan tumrap pinanganten kekalih, mugi-mugi dados brayat ingkang tansah rukun, kasinungan berkahing Gusti Allah. 4. Mboten kesupen Bapa sekalian, ngaturaken agenging panuwun awit saking sih peparing tandha tresno ingkang arupi punapa kemawon. Sedaya sampun katarimah kanthi bingahing manah, mugi 5.

d. e. f. Assalamu alaikum wr.wb

You might also like