Professional Documents
Culture Documents
PETUNJUK UMUM:
1. Tulis nama, kelas, nomor peserta Anda pada lembar jawab.
2. Arsirlah atau hitamkan huruf A, B, C, dan D yang menurut Anda merupakan jawaban yang paling tepat.
3. Gunakan pensil 2B, dan penghapus karet yang baik.
4. Apabila ingin mengganti jawaban hapuslah jawaban tersebut dengan karet penghapus dan arsir /
hitamkan jawaban yang benar.
Dr. Karyadi
Dening : Eko Wijiono
Republik Indonesia nalika semana wis dinyatakake mardika. Nanging ing saben kutha
tentara Jepang isih ana. Tentara-tentara Jepang iku isih asikep gegaman cukup, kaya-kaya isih
nduweni panguasa. Ing Semarang para pemudha pengin banget ngrebut senjata-senjata Jepang
iku. Sawijining perembugan ngalami dalan buntu. Mula pertempuran ora bisa diendhani maneh.
Para korban rubuh ing antarane sing lagi peprangan iku. Pertempuran lagi bisa leren nalikane ana
panjaluk saka Gubernur Wongsonegoro.
Ing wektu sabanjure Jepang isih rumangsa serik marang rakyat Indonesia. Tentara Jepang
tansah golek kesempatan kanggo nyilakakake utawa mateni rakyat Indonesia. Sawijining wektu
ana kabar menawa panyimpenan banyu ing Wungkal direbut sakelompok tentara Jepang. Wong-
wong dadi padha sujana.
“ Wah, bahaya iki !” omonge sawenehing wong. “ Kita bakal mati kabeh yen tentara
Jepang menehi racun ing panyimpenan banyu mau”.
“Kurang ajar !” omongane liyane. “ Kita ora kena meneng bae yen nganti Jepang ngracun
panyimpenan banyu ksb. Akeh sing bakal dadi korban yen banyu iku diombe dening pendhudhuk
Semarang”.
“Apa durung ana wara-wara resmi ngenani banyu iku ?”
“ Kabar wis sumebar rata. Muga-muga kabeh wong padha mangerteni. Lan kita uga kudu
nyebarake warta iki kanggo upaya jaga-jaga”.
“ Kowe bener. Tumindak iki kanggo jaga-jaga anane tumindake Jepang sing pancen licik.
Jepang bisa tumindak apa bae tanpa duwe rasa kamanungsan”.
Para pemimpin ing kutha Semarang uga wis krungu ngenani panyimpenan banyu Wungkal
sing dikwasani dening saklompok tentara Jepang. Malah sadurunge prastawa iku ana pirang-
pirang pulisi sing jaga panyimpenan banyu padha dipateni tentara Jepang iku.
“ Piye kedadeyan satemene? “ pitakone Gubernur Wongsonegoro.
“Polisi ingkang njagi panyimpenan toya dipun tembaki Pak. Kathah pendhudhuk ingkang
sumerep kedadosan wau inggih ngalami kedadosan ingkang sami. Gugur katembak” jawabe anak
buahe sang Gubernur.
“Apa wis pasthi yen panyimpenan banyu iku kena racun ?”.
“Warta ingkang kula tampi pancen makaten. Pak. Criyosipun sampun wonten korban
saksampunipun ngginakaken toya saking ngrika”.
“Yen pancen ngono perlu dibuktekake maneh, menawa panyimpenan banyu iku kena
racun. Iki mbebayani banget. Kita bakal protes marang pimpinan Jepang ing Semarang”.
Sawise nganakake rembugan, Gubernur banjur nimbali dokter Karyadi. Dokter iki isih enom.
Panjenengane kepala laboratorium RS Purusara Semarang. Dokter Karyadi banget ditresnani
dening masyarakat Semarang. Panjenengane pemudha patriotic.
“Panyimpenan banyu iku akeh banget gunane. Meh kabeh pendhudhuk Semarang sing
nggunakake. Mula menyanga panyimpenan banyu ing wungkal mau. Priksanen apa bener
panyimpenan banyu iku wis klebon racun” prentahe Sang Gubernur marang dokter enom iku.
………………………………………………….
Kapetik saka : Penyebar Semangat
7. Ing wektu sabanjure Jepang isih rumangsa serik marang rakyat Indonesia. Tembung serik pada
karo …
a. Iri dengki b. mangkel c. ngamuk d. Iri hati
8. Dewi bakal mbangun turut marang Ibuke. Tembung sarojo mbangun turut tegese ….
a. ngalah b. manut,bekti c. mundur d. ngamuk nesu
12. Nggunakake basa tulis kanggo ngandakake pesen utawa kabar bisa uga liwat …
a. telpon b. layang/surat c. radio d. majalah
15. Siti arep nyilih buku marang Lina kanca sabangkune, basa kang digunakake Siti yaiku basa
ragam ….
a. ngoko lugu c. krama andhap
b. ngoko alus d. krama Inggil
16. Ukarane Siti nalika arep nyilih buku marang Lina yaiku …
a. jeng Lina, mbok aku diampili buku cathetan basa jawa!
b. Lin, aku nyilih bukumu cathetan basa jawa ya !
c. Nuwun sewu, kaparenga kula ngampil cathetan basa jawa !
d. Lin, buku gandhahan sampeyan dakampile sedhela bae!
17. Yen ngomong karo wong sing luwih tuwo iku arane …
a. kandha b. ngendika c. matur d. guneman
25. Coba batangen cangkriman iki : anake di idak-idak emboke dielus-elus yaiku …
a. suwal b. nanas c. becak d. andha
b. d.
b. d.
b. d.
b. d.
b. d.
2. Jaman maju, saya akeh godha saka Media Informasi, mulane welingku marang para siswa kabeh
kudu luwih ati-ati. Milih kanca, milih dolanan, milih buku nganti milih kesenengan kudu di lambari
weninge ati. Cuplikan ukara dhuwur iku aranana ngoko lugu apa ngoko alus ! apa alasane ?