You are on page 1of 1

Isining tulisan iki wis klebu langka, ewasamono panulis tetep gondhelan paugeran Nguri-uri kabudayan Jawa.

Ngelingi, manawa kabudayan Jawa klebu ewoning kabudayan luhur lan adiluhung. Jaman jaya-jayane bangsa Indonesia nguwasani Nusantara (Sriwijaya lan Majapahit), sing kanggo paugeran mranata pamarentahan lan masyarakat sumbere saka kabudayan Jawa, sing nalika samana kawentar: Negara kang gemah ripah lohjinawi, tata tentrem karta raharja, murah kang sarwa tinuku, subur kang sarwa tinandur, guyub rukun tan ana tumindak juti lan cecengilan. Isine Tata Cara Slametan iki diugemi lan ditindakake dening masyarakat, bisa gawe tata raharjaning bebrayan agung. Saiki masyarakat sing isih gelem nguri-uri tata cara slametan klebu isih akeh, luwih-luwih ing padesan. Emane, dene para paraga, lumrahe olehe kawruh tata cara slametan saka run-tumurun utawa gethok tular lan sapiturute, kelangan lacak babone sing asli, amarga wis langka tinemu ana ing masyarakat. Mulane ora aneh, manawa ana sing cewet, banjur direka dhewe, nganti ana sing adoh banget sungsate karo babone sing asli. Migatekake swasana mangkono iku, panulis mbudidaya dhudhah-dhudhah, nglumpukake lan nata urutane, kaya kang kasebut ing tulisan iki. Panulis uga anglengganani, manawa tulisan iki durung bisa nyakup sakabehe, saka jembaring teba lan winates cacahing buku sing didhudhah. Mulane yen ana panyaruwe, katampa kanthi bungahing ati, demi lestarining budaya Jawa. Yen ana kalodhangan babagan liyane bakal sumusul. Surakarta, Oktober 1997 Panulis
Tag: Slametan, Upacara Adat Sumber buku: Tata Cara Slametan, Pabelan Surakarta

You might also like