You are on page 1of 2

1.

Sawise sang jabang bayi umur sepasar, ana upacara sepasaran, ngiras pantes menehi tenger jeneng marang sang jabang bayi. Slametane awujud: sega tumpeng, janganan, jenang abang putih, jenang baro-baro sarta jajan pasar sacukupe.

2.

Menehi tenger jeneng. Jaman kuna, nengeri jenenge jabang bayi iku nganggo petung, awewaton dina lan pasarane wetone sang jabang bayi. Upama lair ing dina Akad Pon, Senen Legi, Selasa Kliwon lan sapiturute, carane nemtokake mangkene: a. weton dina lan pasaran neptune digunggung, b. diimbuhi neptune aksara Jawa, c. Gunggungane a + b digunggung banjur dipara lima. Sing becik, gunggungan sawise dipara 5, pas tanpa turah.

Tuladhane: a + b = 15. Dipara 5 pas tanpa turahan. DAFTAR NEPTUNE DINA, PASARAN, LAN AKSARA JAWA Angka 1 2 3 4 5 6 7 Dina Akad Senen Selasa Rebo Kemis Jumat Sabtu Neptu 5 4 3 7 8 6 9 Pasaran Kliwon Legi Paing Pon Wage Neptu 8 5 9 7 4

Neptune Aksara Jawa Ha = Da = Pa 1 6 Na Ta = = 2 7 Ca = Sa = Ja 3 8 Ra = 4 9 Ka La = 5

Wa = Ya

= 10

= 11 Dha = 12 Ga

= 13

= 14 Nya = 15

Ma = 16

= 17 Ba = 18 Tha = 19 Nga = 20

Tuladha: Sang jabang bayi lair ing dina Kemis Pon, ditengeri jeneng: S U K A R N O, manut petungan neptu Kemis =8 Sa = 8 Gunggunge kabeh 15 +15 = 30 Pon =7 Ka = 5 Dipara 5 ceples candhakake 6 Na = 2 tanpa turahan Gunggung =15 Petungan mangkono iku becik tumrap si jabang bayi.

Sumber : buku Tata Cara Slametan, Pabelan Surakarta

You might also like