You are on page 1of 1

Bocah sing wis umur 9 sasi, ngancik 10 sasi, becike disapih. Carane : 1.

Bocah sing arep disapih digawa menyang sangisoring wit gedhang, dibopong bapake, diajak ngubengi omah nganti kaping 3, lagi digawa menyang ngisor wit gedhang. Sirahe bocah ditatabake alon-alon karo wit gedhang nganti kaping 3, sinartan maca japamantra: Sang wewe putih dak jaluk gawemu, sapihen anakmu si jabang bayi, aja kok tetangis sarina wengine, lalekna marang biyunge aja mulat tengange, yen ora weruh githoke dhewe yen wis sapasar dak opahi tape sapikul. 2. Bocah banjur didusi banyu setaman sing ana ing pengaron, sawise didandani nganggo sandhangan sing sarwa resik, banjur diwenehi jampi: kunir, ketumbar, tawas dipipis nganggo banyu sathitik. Banyune diombekake, dene ampase diimbuhi apu, ditapelake ing wetenge. 3. Sawetara wektu omben-omben bocah sapihan mau awujud: godhong dhadhap serep, salembar lan babakan kulite, digodhog nganggo banyu samurwate. Tumuli embun-embunane dipupuki nganggo godhong dhadap serep, apu, uyah sajimpit dipipis alus. Diwenehi larik sing dileletake ana ing alis. Larik yaiku: a. dlingo lan bawang putih dipipis alus. b. sungu kebo. c. rambut, cucuk, cakar lan kulit, rempela pitik. b lan c diobong nganti gosong, banjur digerus nganti lembut, didadekake siji karo a. Diwenehi banyu dubang wurung. d. wedhak, parem, lan pupur. Sumber : buku Tata Cara Slametan, Pabelan Surakarta

You might also like