You are on page 1of 1

Anak wadon sing wis umur kiwa tengeni sawindu, lumrahe dianakake upacara sunatan. Carane mangkene : 1.

Slametan lan sesaji jenang abang putih, jenang baro-baro, tumpeng robyong, tumpeng gundhul (tumpeng tanpa lawuhan), gula klapa setangkep, krambil sakulite (tabone), empluk (cangkir sing digawe saka lemah) isi: beras, kemiri, kluwak, gedhang ayu, suruh ayu, jambe sagagange, kembang telon, menyan, lawe, kisi, damar, kendhi, pitik urip, ditumpangi dhuwit 2,25 uang. 2. Papan sing digunakake kanggo upacara sunatan, ing jrambah omah digelari babut, diwenehi gegodhongan, kayata godhong apa-apa, godhong kluwih, godhong kara, dhadhap serep, godhong maja, godhong alang-alang ditumpangi klasa bangka sing seret abang mubeng. Banjur dilemeki lerek jingga bangun tulak, sindur, liwatan, sembagi, slendhang lurik puluh watu, jarit yuyu sekandhang, bakal mayang sekar (lawon) putih. 3. Bocah sing arep disunati mau: a. Dipangku para pinisepuh (kaputren) sing diwawas mulya uripe, disuwuni berkah. b. Mripate disirup (ditutup) saka buri. Sang dhukun banjur miwiti methet (nyunati). c. Piranti sing wis digunakake kanggo methet, yaiku kunir lan kapas dilebokake ing cuwo (panci digawe saka lemah) sing diiseni kembang setaman, banjur dilabuh menyang bengawan/kali. d. Bocah sing wis disunati mau diwenehi jampi beras kencur, kunir asem, ketumbar, tawas lan kayu legi (kabeh mentah) mbaka siji dimamah, ampase dibuwang lan pungkasane nggogok endhog pitik mentah, e. Nalika bocah mau didusi, lungguh ana dingklik sing dilambari kaya nalika-disunati. Sing kanggo kosokan lulur. Rampung adus didandani, tumuli dilungguhake ngarep petanen. Sumber : buku Tata Cara Slametan, Pabelan Surakarta

You might also like