You are on page 1of 3

Slumdog Millionaire

Slumdog Millionaire (basa Inggris "Yutawan Asu Kampung Kumuh") iku sawijining film Britania Raya taun 2008 sing disutradarani dning Danny Boyle, mawa asistn sutradara Loveleen Tandan[2], lan ditulis dning Simon Beaufoy. Film iki adhedhasar gubahan saka buku roman Q and A (2005) sing ditulis dning Vikas Swarup, sawijining panulis lan diplomat India. Bukun menang bebungah Boeke Prize lan Commonwealth Writers. Syuting film iki dianakak ing India. Crita film iki ngenani sawijining wong mlarat ajeneng Jamal Malik sing mlu kuis kondhang Who Wants To Be A Millionaire ing India.[3] Nanging amarga dhwk bisa mangsuli kabh pitakonan, Jamal dicekel pulisi lan diinterogasi mawa disiksa, sebab wong ora percaya yn ana wong mlarat, bocah dalanan kok bisa pinter banget. Slumdog Millionaire menangak 8 piala Oscar ing taun 2009.

Sinopsis
Film iki diwiwiti kanthi adhegan nalika inspktur pulisi (Irrfan Khan) ing Mumbai, India lagi interogasi lan nyiksa Jamal Malik (Dev Patel), tilas bocah gelandhangan saka kampung kumuh Dharavi. Jamal iku sawijining kontstan ing acara tlvisi Who Wants to be a Millionaire vrsi India kanthi panatacara Prem Kumar (Anil Kapoor). Jamal wis tekan pitakonan pungkasan, sing dijadwalak kanggo ssuk, nanging dhwk disalahak pulisi dianggep culika amerga dianggep anh yn sawijining wong kampung bisa ndarbni kawruh sing jembar utawa kabegjan banget, olh pitakonan sing bisa diwangsuli kabh. Jamal banjur crita yn pitakonan bab bintang film Bollywood Amitabh Bachchan iku gampang banget, banjur dhwk ngerti pitakonan liya-liyan dning kabeneran wa, tau ngalami akh perkara sing nggaw dhwk ngerti rena-rena. Banjur sawis iku film dibanjurak mawa adhegan-adhegan flashback sing nuduhak pengalaman-pengalaman nalika cilik. Nalika iku Jamal lan Malik urip ing kutha Bombay/Mumbai lan sekolah. Ing sekolah diajari crita The Three Musketeers. Saliyan iku uga dituduhak kepriy Jamal olh tapaktangan Amitabh Bachchan. Banjur anuju sawijining dina ana ggran ing kutha Bombay antara kaum Hindhu lan kaum Muslim. Salim lan Jamal Malik iku kalebu wong Muslim lan ibun tiwas ing ggran iki. Bocah loro iki dadi yatim. Nalika iku bocah loro iki ketemu sawijining bocah wadon anama Latika. Amarga Jamal seneng karo crita The Three Musketeers Salim diarani Athos, Jamal dhw Porthos lan Latika Musketeer katelu. Anuju sawijining dina, bocah telu iki ditemu dning Maman (Ankur Vikal) ing pawuhan, papan urip. Telutelun banjur diajak lunga menyang sawijining panti asuh. Tibakn ing panti iki bocah-bocah iki diajari dikon ngemis lan mbarang. Ing sawijining dina Salim weruh ana bocah sing jeneg Avindh dikon nyanyi banjur dibiyus lan sawis matan digaw wuta, amerga bocah pangamn wuta olh dhuwit luwih akh. Salim dning Maman dikon nyeluk adhin, adhin uga arep digaw wuta matan. Nanging Salim ora lila, dhwk banjur ngajak mlayu Jamal lan Latika. Katelun dioyak dning Maman lan wong-wong. Jamal lan Malik bisa mlebu sepur nanging Latika ora bisa. Latika dicekel Maman manh. Bocah loro iki banjur golk panguripan rena-rena caran, ya halal, ya ora. Kanthi numpak sepur, bocah loro iki tekan Taj Mahal lan nyambut gaw ing kono. Nanging Jamal tetep wa ora bisa nglalkak Latika. Jamal banjur ngajak Salim mulih menyang Bombay. Tibakn Latika iku dilatih dadi WTS kelas dhuwur, supaya mengko bisa didol larang minangka prawan. Jamal nemu Latika ing kawasan lokalisasi Bombay lagi dilatih nari. Dhwk ngajak Latika lunga, nanging banjur Maman tibakn ana ing kono. Salim sing nggawa pistul banjur nmbak Maman nganti mati lan katelun mlayu. Banjur karo Salim olh matni Maman dianggo alesan nglamar kerja karo Javed (Mahesh Manjrekar), wong jahat liyan. Salim banjur ngehaki Latika, lan nalika Jamal prots, dhwk dithungi pistul, Latika nengahi lan pasrah dipk Salim. Jamal dadi nlangsa atin lan lunga mlayu. Pirang taun sawis iku, Jamal olh gawyan dadi "chai-wallah" (sawijining bocah sing nyuguhak th) sing sawijining call centre ing Mumbai. Banjur sawijining dina dhwk dijaluki tulung kancan kerja nggantni. Kancan soal pngin nonton acara TV sadlok. Nalika iku Jamal iseng nggolki jeneng Latika lan Salim sajroning basis data komputer. Jenang Latika tibak won kasil nanging "Salim K. Malik" namung ana 15 wiji. Banjur Jamil tilpun siji-siji lan olh kangmas. Salim tibak pangkat wis dhuwur sajroning organisasin Javed. Jamal banjur ngetutak Salim menyang omah Javed. Tibak Latika saiki dadi pacar Javed. Jamal mlebu thok-thok dadi rwang lan ngajak lunga Latika. Nanging Latika ora gelem. Sanadyan mengkono Jamal celathu yn dhwk bakal nunggoni Latika saben dina ing Stasiun Victoria (Stasiun Chhatrapati Shivaji) saben dina ing jam 17.00 nganti dhwk teka. Banjur ing sawijining dina, Latika teka tenan, nanging dioyak dning Salim lan salah siji wong Javed. Salim nglebokak Latika sajroning mobil, mnhak HP-n, lan rain Latika diiris mawa lading. Banjur mobil lunga. Jamal mlayu menyang omah Javed, nanging omah tibak wis kothong. Banjur kanggo nemokak Latika, Jamal nyoba cara liya, yaiku dadi kontstan kuis Who Wants to be Millionaire amerga dhwk ngerti yn Latika seneng karo acara iku lan diarepak mesthi nonton. Dhwk kasil tekan pitakonan pungkasan, senadyan pembawa acaran ora simpatik lan mbujuki dhwk mnhi wangsulan sing salah. Ing pungkasan acara, tibakn isih ana 1 pitakonan manh kanggo menangak Rs. 20.000.000. Banjur dhwk dicekel pulisi lan disiksa amerga dikiran culika. Nanging sawis crita yn kabh iku kebeneran dhwk diculak dning pulisi. Ssuk dhwk olh ngrampungak kuis iku manh lan pitakonan pungkasan

perkara The Three Musketeers. Sapa jeneng musketeer sing katelu. Jamal banjur coba nganggo fungsi Phone-afriend. Siji-sijin nomer tilpun sing diduwni Jamal ya mung nomer Salim, nanging HPn digawa Latika, mula bareng ditilpun ya ditampa dning Latika. Jamal kagt nanging bungah bisa krungu swaran Latika. Banjur dhwk ngarang wangsulan yaiku Aramis lan tibakn bener. Sawetara iku Javed uga nonton TV lan kagt weruh Jamal. Banjur digolki Latika wis ilang. Dhwk banjur nggolki Salim, Salim wis ngunci awak dhw ing pakiwan. Lawang pakiwan digedhor lan sawis mbukak Salim nmbak Javed nganti mati. Salim uga ketmbak nganti mati. Tembung-tembung pungkasan yaiku Allahu Akbar. Nalika iku Jamal bisa menang lan dianggep pahlawan lan mlayu menyang stasiun Victoria lan rangkulan saha ambung-ambungan karo Latika.

Prodhuksi
Panulis Simon Beaufoy nulis Slumdog Millionaire adhedhasar buku roman Q and A sing ditulis dning Vikas Swarup. Supaya katon otntik, Beaufoy lunga nglakoni studi bandhing ping telu menyang India lan mawancarani sawetara bocah-bocah dalanan lan olh kesan apik. Sang panulis iki celathu yn tujuan nulis skrip iku: "Aku kepngin olh rasa lucu, ngguyu, ngobrol lan ngrasakak silaturahmi antara komunitas sing urip ing kawasan kumuh iki. Apa sing dak tampa iku nrgi gedh." Ing tengahan taun 2006, perusahaan film Britania Celador Films lan Film4 ngundhunak sutradara Danny Boyle supaya maca skrip Slumdog Millionaire. Sajatin pisan-pisan Boyle rangu-rangu amarga dhwk emoh nggaw film perkara Who Wants to Be a Millionaire? Boyle nanging banjur ngerti yn sang panulis sknario iku Beaufoy, sing tau nulis The Full Monty (1997), salah siji film favorit saka Britania. Boyle gumun kepriy Beaufoy bisa nggabungak cerita sing akh sajroning bukun Swarup dadi crita siji lan sang sutradara iki banjur mutusak miwiti proyk film anyar iki. Anggaran nggaw film iki wiwitan US# 15 yuta, dadi Celador golk dhistributor kanggo ngedum bya. Fox Searchlight Pictures banjur nawani sing kabar kira-kira sakiwa-tengen $2 yuta, lan Warner Independent Pictures nawani $5 yuta sing ora bisa disaingi dning Fox Searchlight. Gail Stevens uga dadi anggota panitya sing ngawasi para paraga saka saindhenging donya. Stevens tau makarya bebarengan karo Boyle lan dianggep bisa weruh wong sing nduw bakat anyar. Meredith Tucker ditugasi nangani para paraga saka AS. Banjur para tukang film iki lunga menyang Mumbai ing September 2007 mawa panitya separo lan miwiti nampani paraga lokal lan anggota kru prodhuksi ing Karjat. Loveleen Tandan, salah siji saka sutradara paraga ing India, celathu yn dhwk mnhi pamrayoga marang Danny lan Simon Beaufoy supaya nganakak sawetara dialog mawa basa Hindi supaya film luwih krasa urip. Banjur Boyle mutusak supaya kira-kira sapratelon dhialog dianakak mawa basa Hindi. Banjur Tandan dikon nulis dialog-dialog lan dhwk gelem. Sawis iku dhwk dijaluk dadi ko-sutradara. Lokasi syuting kalebu kawasan kumuh ing Mumbai lan Juhu. Olh para tukang film iki bisa ngontrol massa iku caran ngapiki wong-wong sing pada ndeleng. Syuting diwiwiti ing tanggal 5 November 2007. Saliyan adhedhasar bukun Vikas Swarup, film iki uga diilhami film-film India. Miturut Tandan, Slumdog Millionaire bisa dianggap ngajni film-film komrsial abasa Hindhi. Simon Beaufoy iku nyinaoni film-film Salim-Javed sacara tlatn. Banjur tman film perkara wong mlarat sing dadi sugih iku uga akh ditemokak ing akh film India liyan saka taun 1950 nganti 1980-an nalika "India kerja keras supaya ora luw lan kr." Bintang film Bollywood Shahrukh Khan sing saiki dadi panatacara Who Wants to be a Millionaire? vrsi India sajatin ditawani dadi pembawa acara ing film, nanging ora gelem. Peran iki pungkasan dimainak dning Anil Kapoor, bintang film Bollywood liyan. Paul Smith, produser kskutif Slumdog Millionaire lan ketua Celador Films sadurung tau nduw hak internasional acara Who Wants to Be a Millionaire?.[4]

Paraga
Freida Pinto lan Dev Patel ing International Film Festival 2008 Toronto ; Dev Patel minangka Jamal Malik, sang paraga utama utawa protagonis, sawijining bocah Muslim sing lair lan tumuwuh ing Mumbai minangka wong mlarat o Ayush Mahesh Khedekar minangka Jamal anom o Tanay Chheda minangka Jamal remaja ; Freida Pinto minangka Latika o Rubina Ali minangka Latika anom o Tanvi Ganesh Lonkar minangka Latika remaja ; Madhur Mittal minangka Salim, kangmas Jamal. o Azharuddin Mohammed Ismail minangka Salim anom o Ashutosh Lobo Gajiwala minangka Salim remaja ; Anil Kapoor minangka Prem Kumar, pembawa acara. ; Saurabh Shukla minangka Sersan Pulisi Srinivas ; Mahesh Manjrekar minangka Javed ; Ankur Vikal minangka Maman ; Raj Zutshi minangka produser acara

; ; ;

Sanchita Choudhary minangka ibun Jamal Shah Rukh Munshi minangka bocah glandhangan

Rilis lan pangasilan


Ing sasi Agustus 2007 Warner Independent Pictures olh hak distribusi ing Amrika lan Path olh hak distribusi internasional Slumdog Millionaire ing bioskop. Senadyan Warner Independent Pictures mbayar $5 yuta kanggo nuku hak film iki, studio iki rada ragu-ragu bab prospk bakal payu ora. Ing sasi Mei 2008, Warner Independent Pictures ditutup lan mula-mulan mnhi kesan film iki ora dirilis ing layar amba nanging langsung ing vido. Ing Agustus 2008, studio iki sacara aktif golk sing gelem ngrwangi lan pungkasan Warner Independent Pictures lan Fox Searchlight Pictures dadi kongsi mbagi distribusin. Fox Searchlight gelem nuku saham 50%. Per 18 Februari 2009, film iki wis ngasilak dhuwit $150.522.967 sadonya.

Soundtrack
Soundtrack kanggo film Slumdog Millionaire dikomposisi dning A. R. Rahman sing nulis lagu-lagun ing wektu rong sasi lan ngrampungak rekaman ing wektu rong minggu.[5] Rahman menangak Golden Globe Award for Best Original Score taun 2009 lan menangak loro saka telung nominasi kanggo Oscar, kalebu siji kanggo Best Original Score lan siji kanggo Best Original Song.

You might also like