You are on page 1of 1

Assalamualaikum Wr Wb. Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.

Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani. Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras ing adicara perpisahan sak manika. Mboten kasupen sholawat ugi salam sumonggo kito daturaken dhu mateng junjungan kito Nabi Ageng, nabi ingkang sampun madhangi ndunyo, nabi Ageng Muhammad Shollallohu Alaihiwasallam. Kawula, selagi dados wakil saking rencang rencang kelas 12 ngaturaken maturnuwun ingkang ageng sanget dumateng Bapak / Ibu Guru ingkang sampun paring ilmunipun ugi mbimbing kulo lan rencang rencang sedoyo supados saget dadi orang ingkang saget migunani dumateng orang laen. Mboten keraos ugi kulo sak rencang rencang ngaturaken maturnuwun sanget saget nglampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. wonten ing adicara menika kulo lan sak rencang rencang nyuwun agunging pangapunten mbok menawi sakmeniko anggenipun ngangsu kawruh anggadahi kalepatan, sering ndandosaken bapak lan ibu guru geram ing kulo dalah sak rencang kulo nyuwun agunging pangapunten. Mugi-mugi Bapak / Ibu guru ngapuntenaken sedoyo kalepatan kulo dalah rencang rencang sedoyo. Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan rencang rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika. Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten. Wasslamualaikum wr. wb

You might also like