You are on page 1of 3

Sadina sadurunge dhauping penganten, wong tuwane calon penganten wanita ngrawuhake para pinisepuh putri, disuwuni berkah,

pandonga/pangestu anggone arep nganake upacara siraman. Udakara jam 11.00 awan, calon penganten wanita disirami dening para pinisepuh sedhahan mau. Manut kapercayan jam 11.00 awan para widadari tumurun menyang sendhang, prelu siram. Ditiru dening siraman penganten ing pangajab calon penganten oleha berkah saka para widadari, cahyane bisa sumunar kaya cahyane widadari. Banyu sing kanggo siraman, yaiku banyu kembang setaman. Nalika dilungguhake dilambari penganten disirami, sing anyar,

dhingklik klasa

gegodhongan kayata godhong apaapa, kluwih, kara dhadhap serep, maja, alang-alang. Ditumpangi

sawernaning kain: jingga, bangun tulak, sembagi, slendhang lurik puluh watu, yuyu sakandhang,

mayang mekar lan mori putih. Upacara siraman tumprap temanten putri

Upacara siraman tumprap temanten priya Rampung dening calon banjur para disirami pinisepuh, wanita dhewe,

penganten adus

kosokan nganggo glepung beras warna-warna

dicampuri mangir, pandhan wangi dirajang lembut,

godhong kemuning dipipis alus. Kabeh mau diarani lulur. Sawise diluluri lan

lulur wis rata saranduning awak banjur digrujug/

digebyur nganggo banyu sing wis diwadhahi klenthing dening pinisepuh putri. Rampung panggrujuge, klenthing dibanting nganti pecah dening pinisepuh mau, kanthi mantra: Wis pecah pamore" Upacara siraman iku ana sajen-sajene, yaiku tumpeng robyong, tumpeng gundhul, jenang abang putih, jajan pasar sapepake; kembang boreh lan pitik isih urip. Kabeh dicepakake ana ing sacedhake papan siraman.

Dene sajen sing kena diarani ganep, isih imbuh tuwuhan, tebu arjuna sarakit, cengkir legi lan cengkir gadhing. Calon penganten priya uga disirami, tata upacarane padha, mung bae sing nyirami para pinisepuh kakung.

Sumber buku: Tata Cara Slametan, Pabelan Surakarta

You might also like