You are on page 1of 4

Rong jam sadurunge upacara nikahan, calon penganten priya dibusanani dening sing kawogan (ahli ndandani penganten).

Agemane penganten priya kadadeyan saka: 1. 2. 3. 4. 5. 6. 7. 8. dodot bango tulak (pinggir dibathik, tengah putih); ukup renda putih utawa moga putih; clana putih nganggo direnda putih; kuluk mathak putih; ngliga sarira, mulane awake diborehi atal kuning; kunca diumbara (nglawer) dicekeli sawijining bocah; kalung ulur-ulur, digawe saka selaka; keris warangka ladrang nganggo reroncen kembang mlathi (kolong keris); 9. pendhok keris sing digawe saka selaka;

10. selop sikil. Ageman penganten kaya mangkono iku diarani basahan. Manut kaol kuna, ageman penganten sing lagi didhaupake (ijab) ora kena rinengga nganggo barang-barang nias, inten, barleyan, ateges lugasan bae. Sadurunge ijab, penganten priya budhal saka pondhokan (yen tanpa nyantri budhal saka omahe dhewe) diapit para pinisepuh kiwa tengen lan diombyongi dening parawaris kang cinaket. Dipandhegani dening utusan sing bakal masrahake penganten priya. Kunca diklembrehake, isih tetep dicekeli bocah cilik. Calon penganten dipayungi lan patah sakembaran nggawa lopak-lopak sarta paidon.

Satekane ing omahe calon penganten wanita, calon penganten priya lan pangombyong kabeh, mlebu ing pendhapa, isih tetep ngadeg tumata, ngestreni pasrah tinampan. Utusan pihak penganten priya masrahake penganten priya marang calon besan. Sawise ditampa kabeh padha katuran lenggah ana ing papan sing wis ditata sadurunge. Lumrahe sing nampa lan ngacarani lenggahe para tamu, milih pinisepuh sing wis kawentar ana ing masyarakat kono. Dene palenggahane penganten priya ana ing papan mirunggal yaiku papan kanggo ijabing penganten. Ditata sadurunge tatacarane mangkene: 1. 2. 3. Penganten priya lenggah sisih wetan madhep mangulon. Wali penganten wanita lenggah ing sisih lor madhep ngidul. Pengulu sing dadi seksine pamarentah lenggah sisih kulon madhep mangetan. 4. Sawijining modin (ulama pamarentah kalurahan) lenggah satengahe Pengulu. 5. Pinisepuh cacah loro saka pihak penganten wanita, sing siji lenggah adu arep karo wali, dene sijine madhep mangalor. 6. Kursi palenggahane penganten priya diwenehi: a. godhong kluwih; b. godhong apa-apa, kara, alang-alang, dhadhap serep c. sadhuwure gegodhongan mau diwenehi kain jingga, bangun atulak, sindur, sembagi, slendhang lurik puluh watu, yuyu sekandang, mayang mekar lan lawe putih; kabeh ditutupi klasa bangka diseret abang mubeng; klasa bangka digelar mujura mangulon. 7. Sajen-sajen: jajan pasar sapepake, bubur abang putih, bubur barobaro, tumpeng lan pitik urip; kabeh diwadhahi tampah anyar, kajaba pitike sing didokok ana ngisor.

8.

Kanggo nyukupi kabutuhan dhauping penganten, perlu ana sajen tambahan, yaiku: a. Gedhang ayu setangkep sing wis mateng lan etungan ulerane ganep. b. Suruh ayu, kembang telon, kisi, kapas, suri menyan, madu 0,5 kati, lenga sundhul langit sacukupe, asen, kunir rong grigeh sarta dhuwit saprapat, kabeh diwadhahi bokor kuningan sing gedhe. Sawise ditata rapi, banjur diselehake ana meja amor karo sajen-sajen liyane.

9.

Tekan titi wancine dhauping penganten lan syarat-syarat administrasi wis ganep, wali wiwit nikahake penganten wanita karo penganten priya, disekseni dening pengulu, kanthi nyebutake: jenenge priya lan wanita, semono uga maskawine. Manawa wali kang kawogan rumangsa ora keconggah nindakake dhewe, banjur nyuwun tulung (ngresaya) marang pengulu, supaya nikahake sri penganten sakaloron lan uga ngandhakake maskawine. Jaman kuna maskawin iku awujud emas bobot setail utawa dhuwit 5 rupiah, dibayar kenceng utawa diutang (sadurunge wis ana pasarujukan).

10. Rampung ijab kobul, pengulu utawa modin sing kawogan ndedonga syukur marang Gusti Sang Purbaningrat, dene upacara akad nikah wis kaleksanan kanthi becik, gangsar lan slamet, tanpa alangan sawiji apa. 11. Penganten kakung tapak asma ing layang nikah. Sawise ditapak asmani pengulu masrahake layang nikah iku marang penganten kakung, sinartan ing santi aji sing magepokan karo tatacarane wong jejodhoan, mbangun bale omah anyar sing becik manut tuntunan agama.

12. Penganten kakung maca prajanjian sing ditemtokake dening pamarentah, sing wis katulis ana ing layang nikah bab salaki rabi. 13. Sawise maca perjanjian, penganten kakung atur salam marang pengulu, modin, wali lan para pinisepuh. 14. Paripurna kabeh-kabehe, penganten kakung bali menyang omah pamondhokan utawa kondur marang daleme dhewe.

Upacara Ijab Qabul Katrangan: Upacara ijab kobul mangkono iku lumaku ing jaman kuna penganten wanita durung dikatutake melu ijab. Dene sakiki wis ora tumindak, penganten wanita uga melu lenggah jejer karo penganten priya. Sadurunge ijab lenggahe penganten wanita ana tengene priya, sawise ijab lenggahe ijol enggon. Manawa sawise nikah ora diterusake upacara temu, penganten wanita durung didandani. Sing diaturi ngestreni ijab, mligi para tamu kakung. Sumber buku: Tata Cara Slametan, Pabelan Surakarta

You might also like