You are on page 1of 10

JEJER DWARAWATI - Prabu Kresna

Swuh rep data pitana. Rahayu sagung bawana rahayu kang samya miyarsa. Narbuka wiwaraning kandha sinaretan pangesti luhuring kagunan hangesti kuncaraning bebrayan. Hamiwiti lakon saratri kapiji saking serat Mahabarata, anenggih punika pagelaran ringgit purwa ingkang dayane maweh pepadhang, labet ing mriku sinung piwulang tuwin pralambang palupining ngagesang. Purwa wus ngarani tilaran kina

kawiwitan wali sanga nulya katedhak dening para


Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

pujangga, punika minangka tuladha lamun watak asura nadyan pinayungan bathara Kala kinayoman bathari Pramuni, yen ta hambeg candhala nora den icali yekti bakal sirna dening rodhaning darmastuti. Ringgit purwa ginelar ngrumpaka lakoning janma, pramila pepasrene hangemba isining bawana. Kelir pinentang embane tawang niradha lan awangawang, debog kaesti minangka bumi, blencong ingkang hanelahi yekti punika pasemon lakuning surya candra klawan kartika. Gendhing munya nggambarake swasana bungah klawan susah, kayon lambanging taru tuwin anasir bumi, geni banyu klawan maruta. Obahing kayon pasemon gantining mangsa nenggih pathet nem jabang timur, pathet sanga ndungkap dewasa, pathet manyura sasmita suruting yuswa. Anyarkara nyarengi mangsa palguna, windu adi wuku Bala, Hyang pratangga pinanjer luhuring
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

pendhapa, anenggih punika sasana sewaka ingkang ginupit ing dalu mangke. Kinarya pambukaning kandha labet ngupaya satus tan jangkep sedasa muhung punika gumelaring praja Dwaraka inggih sinebat negari Dwarawati, ya sinebat Jenggalapura, Jenggalamanik ugi awasta negari Puriyadawa. Pramila sinebat Dwaraka mengku werdi yasane narendra yaksa Prabu Kalayakeya ingkang duk kunane dadya plawanganing jagad. Dwarawati mengku werdi negara sugih gapura yasane narendra kembar Prabu Kalakresna tuwin Prabu

Mayangkarakresna. Sinebat Jenggalamanik labet ingkang jumeneng nata sanes trah Dwarawati nenggih nelukaken Jenggalapura narendra Prabu krana Wisnu pamungkas ingkang Winastan yaksa

Yudhakalakresna. tilas

kedhatoning

winengku narendra trahing witaradya, ingkang tinengeran sirnane Prabu Narasinga, Singamulanjaya
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

tuwin dhitya Kresnadenawa. Puriyadawa dadya sramane bangsa Yadawa. Negari Dwaraka dumunung aneng madyaning nusa, keblat purwa winatesan bengawan Gangga, keblat pracima nenggih samodra Hindhi, keblat utara winatesan gunung Mandara, keblat duksina tebaning wana Tunggul. Nalika semana negari Dwarawati nedheng ngancik jaman swarna dwipa bebasan suket godhong dadya rowang binasakaken kayu saceklek godhong sasuwek maweh daya hanggesangi, lire sudra tumekeng brahmana gesangira datan ana kang nucuk angiberake. Kuruping makarya datan kuciwa temah mulya tambah brana. Sahari ratri para kawula kontap makarti, buktine: para dagang samya rumagang, datan kasasar nggenya sumebar, siang ratri aglar hing pasar. Nara kisma samya gumregah, nggarap sawah kapetang ngibadah, cekap ngayun turah mburi wekasan dadya keluarga
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

ingkang sakinah klawan mawadah. Para mranggi, gusali, pandhe lan kemasan andher hing besalen. Para matswa numpak baita mideri samodra miyasa mina, nara praja kontap kautamane tan wonten kang adol gawe, mrabu mrabawa nggenya sumewa tan hanyadhang lumintuning pangalembana. Dhasar negari Dwaraka wus katingal ageng tur inggih agung, katingal ayom tur inggih ayem, karta raharjaning praja katingal menjila bebasan tan wonten kandhang pinalangan. Rajakaya aglar hing pangonan suruping Arka samya wangsul mring kandhangira, para warga sembada nggenya

memitran, gesang bebrayan daya dinayan. Brandhal kecu tan wantun hangganggu, sedaya samya sumire datan kaprewasa ing bandawala muhung ajrih rukuning warga. Kaladuking panyandra negari Dwaraka binasakaken panjang, punjung, gemah ripah loh jinawi, karta tata tur raharja.
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

Pinunggel kang ngrumpaka basa, lah sinten ta ingkang hanyakrawati hing negari Dwaraka?

Wenang den ucapna dasamanira. Wus ana pilahane lamun kethek pragosa, buta praceka, dewa wewisik, pendhita peparab ratu wenang jejuluk. Jejuluk Prabu Sri Bathara Kresna, Janardana, Tanaya Narayana, inggih Nayarana, sang

Damardana, Mahendrasiwi, Wasumurti,

jejuluk

Wasudewa, ya sang

Kesawa,

Harimurti

Wisnumurti,

Patmanaba inggih jejuluk Reksakaning bawana. Pramila jejuluk Prabu Sri Bathara Kresna labet cemani kusiknira tumekeng ludira. Narayana mengku werdi dadya mustikaning olah yoga. Nayaran, wedanane sinasapan ulat manuhara. Damardana, lumintu dedanane pindha uruping damar.

Danawardana mengku werdi kekucahe sang nata prasasat tumetesing tirta tusara. Janardana yekti narendra kang netepi pangandika. Mahendrasiwi
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

yogane

Dewi

Mahendra.

Tanaya

Wasudewa

atmajane Prabu Basudewa. Kesawa wenang ngrasuk aji naragopa wujud panah rikma lamun winateg sang Kesawa dadya brahala sak prabatasiwi. Wasumurti dadya pepenget sang nata trahing Prabu

Wasukunteya. Harimurti labet wenang hangagem makutha kedhewatan, Wisnumurti yekti

pangejawantahe, sang Hyang wisnu. Patmanaba dadya wadhahing sekar wijaya kustona cangkok wijayamulya ingkang dayane kangge nggesangaken kunarpa kang dereng winanci. Reksakaning Bawana mengku werdi suryaning jagad minangka jangkeping tri mulya bawana nenggih tohjalining jagad sang Harjuna, talining jagad Kyai Badranaya. Pramila Prabu Kresna wus datan keweran marang obah mosiking jagad labet tenggoira sinung gambar jagad awasta mustika lingga manik.
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

Sang nata nindakaken darmaning narendra catur wara nenggih tanuhita, darmahita, sarahita tuwin danahita, werdine hangganjar lan midana, remen ulah kapandhitan, sengsem ulah kaprajuritan, nengenaken ing memitran sarta hamarsudi ing reh tatakrami. Binasakaken berbudi bawa laksana lire nengenaken watak sura mamardi luhuring pakarti, bawa laksana tansah netepi sabdane kang wus kawedar. Anyarkara nyarengi mangsa palguna windu adi tinengeran wuku Bala, sang nata miyos siniwaka aneng pendhapi agung praja Dwaraka, lenggah dhampar kencana pinatik mutyara linebur sinungging ukiran peksi kang arsa nggegana. Sesemek babut premadani warni sindura ginambaran ceplok cakrik sekar tunjung seta. Wiyosing sang nata kahayap parekan emban lan cethi samya ngampil upacara keprabon. Sumebar gandaning lisah kesturi yayah rumabasing durgandana, sumorot cahyane pepasren
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

kang sarwa retna pindhane sudama asilih pernah. Sirna kamanungsane sang Srinaranata pindha

Bathara suman kang ngejawantah kahayap para hapsari. Wiyosing sang katong tinengeran jumalegur ungeling mriyem Kyai Panglebur jagad, pramila saya ngangseg denira sumewa nenggih prajurit kang hanggantung seba, temah andher pindha ombaking samodra hangebeki pagelaran tumekeng bacira. Rep sidhem tan ana janma nyabawa hamung kapyarsa pangeliking widuwati kahiring ungeling gangsa gundurmadu dadya asri regep ing pangkilan. Lah sinten ta ingkang kepareng caket pasebanira hing ngarsa nata, tuhu punika putra wredha kinasih wingking saking kasatriyan Paranggarudha Dyan Samba, Kusuma Kilatmaka inggih sang Wisnubrata. Mabukuh denira marak ngapurancang kang ponang asta temah jenjem nggenira sumewa. Sumambung
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

wuntat tinon pisowanipun kadang mudha Swalabumi inggih saking Lesanpura, kaprenah kadang ipe klayan sang nata kekasih Raden Harya Setyaki, Singamulanjaya, Yuyudana, Tambakyuda,

Wresniwira inggih sang Bima Kunthing. Suwiteng narpati kinarya manggala dadya dhadhaning kewuh, wenang ngembat watang hangajun gumbala ruwet sarta hambabat rungkut. Dangu dereng wonten tengara bendhe dhawahing sabda, katungka horeg ing pasewakan Prabu mulat

praptanira

narendra

Mandura

Baladewa

prapteng alun-alun nitih gajah Kyai Puspadhenta. Sang nata mandhap saking titihan nulya minggah stinggil Dwarawati myak kang samya seba. Kadada ing penggalih nata Dwaraka mulat rawuhnya ingkang raka, daya-daya sang Prabu Sri Bathara Kresna ngendika aris manembrama dhumateng tamu agung ingkang lagya sumewa.
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

You might also like