You are on page 1of 10

JEJER ALENGKA - Prabu Dasamuka

Swuh rep data pitana. Sineratan sesanti kasuryan kalingga candra, punika dadya palupi sabdaning para pujangga, lamun ta teteken tekan kang sinedya, wong goroh growah gora candhala. Anenggih punika saloka wewarah kina ingkang ginedhong ing wayang purwa, kinarya tuladha hambangun jiwa utama. . Wayang sembada dadya piwulang ingkang dayane maweh pepadhang, purwa minangka
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

pambuka hamiwiti lungiding carita. Kathah parwa peranganing baboning carita ingkang katedhak saking

serat

pustaka,

anenggih

pustakaraja,

mahabarata miwah serat purwakandha. Ing kina alusing sastra sinanggit wujud panggurit tembang klawan saloka, mekaring budaya nulya kagancar dadya sandyawara carita adi awasta pakem, carangan dalah carang dinapur. Pakem hamengku werdi paugeran ingkang kakempalaken, carangan anenggih carita karanganing pujangga, carang dinapur punika tedhakan pakem kajumbuhaken klayan mekaring swasana. Pramila kagunan wayang hangesti alusing budi tuwin mamardi dhateng adi luhuring tatakrami. Narbuka lungiding kagunan sarana hambedhah carita saratri, punika parwa ingkang katedhak saking serat Rama anenggih gumelaring negari Alengka inggih awasta praja Srilengka, Alengkapura,
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

Alengkasiraja, Pramila

ugi

sinebat

negari ing

Nusabirawa. kinarya

sinebat

Alengka,

mriku

sramaning yaksa trah yaksendra Hiranyakasipu. Ugi awasta Srilengka nenggih kinarya pepenget lamun prenahing kitharaja dumunung aneng gisiking

narmada. Sinebat Alengkapura yekti sagung pepasren rinengga pratima ingkang saben pura sinung gapura tinengga pratisara buron mestaka yaksa.

Alengkadiraja mengku werdi negari brewu pramila saben pura pinatik rajaning sesotya. Sinebat praja Nusabirawa karana negari ingkang dumunung aneng madyaning pulo ingkang gisikira rinajeg wadya reksasa. Mangka kinarya pambukaning kandha labet negari Alengka lagya kinayoman ing bathara, Mapan aneng madyaning nusa kinepung jaladri tinon saking madrawa katingal menjila pindhane bahita

sinempyok ombaking samodra. Lamun mulat uruting


Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

cakrawala, katingal lamat-lamat lariking guwa tinebing jurang ingkang sinaba peksi lawet pating caruwet haluru mangsa. Gisiking samodra mbalabar untabing ombak wutah ing dharatan tinampi pasir gumelar dadya asri rengganing pesisir. Madyaning pulo rinajeg harga ngakasa dadya sentosa pasak bumining nagara. Sukuning haldaka kinepung bengawan naratas ilining toya tumekeng pategalan dadya srana hanggesangi sagung taneman. Sanadyan mangkono tan wonten taneman kawuryan dadi labet indenging praja hamung padhas curi, guwa sirung jurang cerung. Gesanging kawula samya nglembara mbebedhag luru mangsa sarana mrewasa buron wana. Tanem tuwuh samya gagar katawur ing hawa benter. Gegodhongan samya aber temah gugur ngambara kabuncang rrosaning prahara. Wiji

tinandur wurung binabar karana pasiten cengkar


Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

temahan kawula sapraja dadya kasangsaya, gesang ngulandara angen mangsa wekasan dadya

klambrangan gesangira papariman. Hamung winangun kitharaja dadya ingkang sramane menjila narendra labet lan

pura

narapraja. Puraya gung sarwi bawera adhapur motha kang lagya megar, Sirape kayu kastuba pinetha sisiking taksaka, saka guru sela prabata den ukir ceplok swasa angemba sekar cepaka. Sinangga empok pinetha sirahing sardula ingkang tinatah tinaturengga, talundhage Jerambah binatur akik linebur,

tinundha-tundha

saben

sacengkang

sinasapan sela kresna. Palataran pinagut banon rinajang waja wangun candrasa. Wiwaraning gapura wangun menara

rinajeg pancak suji naratas ngubengi dhatulaya. Ngajenging wiwara tinengga srenggala kang wujud pratima akarya gora geter kang samya wuninga.
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

Sinten ta ingkang jumeneng nata ing negari Alengka nenggih yaksendra gora jejuluk Prabu Rahwanaraja inggih sang Wisrawaputra, Prabu Dasamuka, Dirgabirawa inggih jejuluk Prabu

Kesiatmaja. Pramila jejuluk Prabu Rahwana, panas ludiranira tansah wengis labet duk lahirira awujud daging kang sinidhikara ing wana, nulya gesang dadya jabang minangka panuksmaning iblis

dewaning angkara murka. Jejuluk Prabu Dasamuka dadya pepenget lamun sang nata darbe wadana sepuluh nulya pinagas piyambak kinarya jangkeping brata wusana kantun sajuga minangka wadhahing pancasonya. Wisrawaputra, sang nata yogane

begawan Wisrawa. Kesiatmaja yekti punika putra pembayune Dewi Sukesi. Dirgabirawa labet

kasinungan yuswa panjang kang wenang gesang ing alam guntarayana tumekeng guntarasabda.
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

Prabu Dasamuka ageng pangwasanira dhasar birawa awujud yaksa, digdaya angkara murka apa kang kinersakaken kudu kasembadan. Dedeg

ronggah gagah prakosa, godheg wok simbar jaja, rawisnya pinadintir sak janggel agengira. Kusika abrit lir tembaga sinangling, netra pendul wimba ketel, idepnya hanguler geni. Grana mungal yayah canthiking palwa, lathi kandel tutuk menga, waja ageng pinasah belah kedhaton, Jatha modot pindha pedhang linigan temah dadya hanggegirisi wedanane sang nata Prabu Dasamuka. Nuju hari sajuga sang nata Rahwana miyos siniwaka lenggah dhampar sinasotya pinetha sirahing banaspati. Sesemek babud permadani sinebaran urap sari ginanda widajebat kesturi. Kongas mangambar gandaning sekar ngantya ngebeki sasana sewaka. Wiyosing sang yaksendra kahayap para abdi biyada, manggung ketanggung jaka palara-lara samya
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

hangampil

upacara

keprabon

nenggih

banyak

dhalang, sawunggaling, hardawalika kacu mas dwipangga kang sarwa retna. Sirna kamanungsane pindha Bathara Yama ngejawantah kahayap para hapsari. Ing Jawi tinon andher wadya denawa samya hanggantung seba tinindhihan jineman Ngalengka nenggih dhitya Mintragna, Kaladhusana tuwinditya Wiludagsa. Madyaning alun-alun hambaludag

gendera rontek, umbul-umbul ingkang ginambaran lambanging praja nenggih sirahing yaksa kasoroting basanta. Kathahing dwaja hangendanu embane nganti kaya mendhung tumiyung nglimputi madyaning bacira. Rep sidhem premanem datan ana sabawane walang salisik. Ingkang kapyarsa muhung suraking wadya gumuruh hambata rubuh samya gladen adu prigel nggenira olah dedamel. Kapireng lamat-lamat
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

saking bacira pungkuran, nora saru malah kepara nambahi asri renggeping pasewakan. Lah sinten ta punika ingkang kepareng caket ngabyantara ning nata? tetela nenggih putra kinasih ginala-gala dadya pangeranpati, wingking saking kasatriyan mBikukung pura kekasih Raden Indrajit ya sang Megananda. Gagah prakosa sembadeng warna turta piniji ingkang rama kinarya manggala murba wasesa wadya sapraja Ngalengka. Datan kantun pasebanira wrangka nata wingking saking kasatriyan Purwadikaran nenggih sang rekyana patih Prahastha. Dangu denira sumewa parandene dereng wonten tengara badhe kawedharing sabda saking sang yaksendra Prabu Dasamuka. Kadadak horeg jroning pasewakan labet katingal pisowanira kadang nata saking kasatriyan Pangleburgangsa Raden

Kumbakarna. Katinggal gora sembada dedegira sarwi


Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

hangisis siyung akarya giris. Dhasar wujud denawa sak prabata siwi agengira, ngantya horeg jroning sasana sewaka. Denira ngabyantara sarimbit klayan rayi saking kasatriyan Kuntara nenggih Raden Gunawan Kunta Wibisana. Dupi wuninga sowanira rayi kekalih, Prabu Dasamuka nulya ngendika sora, mangkana sabdaning nata ingkang kawiyosing lesan.

Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

You might also like