You are on page 1of 10

JEJER WIRATHA - Prabu Matswapati

Swuh rep data pitana. Anyarkara hanyarengi binukaning kandha,

yuwana ingkang sinedya, basuki ingkang kaesthi. Murwakani carita saratri sinartan sesanti luhuring kagunan hangesthi kuncaraning bebrayan, adi

luhuring kagunan hangesthi kuncaraning bebrayan, adi luhunging budaya kinarya hanyembuh darajating bangsa. Kina tekeng duksina wayang purwa sembada dadya tuladha hambangun jiwa utama, mamardi reh
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

ing tata krami, pramila pantos lamun winastan kagunan suraos tontonan klawan tuntunan. Awasta tontonan label pagelaran wayang purwa dadya usada kang lagya hanawung karuna.

Kridhaning dhalang kang murba carita, olah swara tuwin olah rasa akarya sengsem lejaring nala ingkang nedheng sungkawa. Larasing gendhing sumandhing dadya pepeling, sendhon klawan lelagon wus tanggon asung pasemon, pradangga munya kabarung swarahanggana yekti dadya sarana hanglipur

panandhang branta. Pramila sinebat tuntunan karana wayang purwa hanenuntun dhateng marganing kautaman. Lamun ta sinurasa, saben parwa yekti hangemu tuladha lire watak sura sembada hambrastha watak asura, punika dadya tuntunan mrih bebrayan nampi gambaran, ingkang ala dadya sirikan ingkang leres dadya ugeran, temah tan wonten kang manguk juranging
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

kanisthan.

Prawira

marganing

swarga

nistha

marganing naraka, punika saloka ing wayang purwa, binasakaken teken tekun tekan kang sinedya, sapa candhala wahyune bakal sirna. Ana parwa peranganing carita ingkang kinarya murwakani carita ing ratri punika, kapiji saking serat Pustaka raja purwa, anenggih punika gumelare negara Wiratha inggih sinebat praja Matswapura, Gangganarmada Srinandha. Pramila sinebat negari Wiratha karana dumadi saking sengkuting pakarti Raden Srigati tuwin Raden Srinandha, ingkang duk semana awasta negara Medhangprawa. Wiratha Gangganarmada aneng labet kitharaja bengawan inggih awasta negari Pura

dumunung

gisiking

Gangga. Sinebat Matswapura dadya pepenget lamun ing mriku dadya sramaning bangsa pamisaya mina awasta bangsa Matswa. Ugi awasta Pura Srinandha
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

mengku werdi ingkang kepareng yasa negari jejuluk Prabu Srinandha inggih werdi sang Bagindha raja Basurata. Pantes kinarya pambukaning kandha label negari Wiratha lagya hangancik jaman Swarna dwipa. Dhasar bumi pinilih mapan aneng tepining bengawan Gangga, meh rahina datan kendhat dadya jujuganing para lampah pariwisata. Negari ngongkang benawi sinela sungapaning toya, lamun mulat pegating netra katingal biru maya tebaning samodra pindha ginaris uruting ancala. Saben kitha sinung bandar lan pelabuhan, aglar para mastwa nitih bahita misaya mina mideri samodra. Lembak-lembak ombaking benawi

hanempuh pesisir, suruting toya tinon pasir gumelar hambabar cahya sumunar labet kapantog soroting pratanggapati. Uruting cakrawala hangendanu roning klapa yayah kenya remaja kang lagya hangawe
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

bedhanganira. Punika kinarya pratandha bilih negari wiratha bumi kang subur, sadhengah tinandur tansah sempulur, binasakaken pasiten mawur tan wonten lemah kang nganggur. Saben sak yojana katingal harga gora

hangrangsang tawang. Biru maya puncaking haldaka sesingep salju pethak katingal memplak, sinambung ampak-ampak samya sumilak sineblak maruta kang lagya lumaksana. Sukuning harga dadya peranganing toya narmada, ilining tirta pinara-para hanjog ing pasabinan. Karangkitri tumpangsari, palawija myang pari gaga, katingal ngrembaka, nedhenge ndungkap panen katingal Pandya Bathari Sri aglar pindha rukmi pinangku pertiwi. Kawula klawan gusti wus manunggal hangayahi darmaning gesang anut kesagetanira sowang-sowang. Among tani wekel makarti, para dagang rumagang aglar hing pasar, narapraja gya manjing pura
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

nyumantana mring sang narendra. Raharjaning praja miwah tentreming negari wus datan kuciwa, apa ta buktine? Datan ana kawula kang kasangsaya papariman ngulandara labet wus kacekapan ing gesangira. Ingon-ingon rajakaya samya ngrembaka, lamun wanci rahina aglar ing pangonan suruping arka wangsul mring kandhange dhewe-dhewe. Saking raharjaning praja binasakaken tebih tindak dursila, tan wonten kandhang pinalangan kori kinancingan. Luhuring asma miwah wibawaning nata kang ngasta pusarahing praja Wiratha wus kasusra tumekeng manca, pramila kathah narendra ingkang sumuyud aliru duta agung kinarya tandha sihing kekadangan, Kaladuking panyandra negari Wiratha binasakaken panjang, punjung, pasir, wukir, gemah, ripah, loh jinawi, karta, tata tur raharja.
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

Pinunggel kang lagya ngrumpaka basa, lah sinten ta ingkang jumeneng nata hangasta pusaraning praja Wiratha, wenang den ucapna dasanamanira. Mapan wus ana pilahe lamun kethek araning pragosa, buta praceka, dewa wewisik, pandhita peparab lamun ratu wenang ajejuluk. Jejuluk Prabu Sri Bagindha Maharaja Matswapati Prabu inggih jejuluk ya Prabu Prabu

Durgandana,

Gandhipranawa

Yuktiatmaja inggih jejuluk Prabu Basuketiputra. Pramila jejuluk sang Maharaja Bagindha

Matswapati karana sang nata wenang hangratoni bangsa matswa nenggih bangsa misaya mina. Jejuluk Prabu Durgandana, angambar kuncaraning asma pindha gandaning sekar. Gandhipranawa mengku werdi tulus pengendikane turta datan arsa ngoncati sabdanira ingkang sampun kawedhar. Yuktiatmaja sang nata yogane Dewi Yukti. Basuketiputra nenggih atmajane Prabu Basuketi.
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

Prabu Durgandana narendra guna ing aguna tan ngendhak gunaningjanma, lire luhur datan ngungkulungkuli andhap datan kasor ing sesami. Hangasta pusaraning praja linambaran paugeran catur wara nenggih sama beda dana dhendha. Lamun kacarita jembaring praja tuwin kuncaraning sang nata kaya saratri datan ana pedhote. Hanyarengi hari Respati ing mangsa Palguna windu Sancaya tinengeran wuku Mandhasiya, sang nata miyos siniwaka lenggah dhampar sinasotya kaukir lunging gadhung malengkung katiuping maruta manda. Sesemek babud premadhani sinebaran urap sari ginanda wida jebat kasturi. Kongas mangambar gandaning puspita yayah rumabasing durgandana. Wiyosing sang nata hing pasewakan kahayap para abdi cethi biyada, manggung

ketanggung, Jaka palara-lara samya hangampil rengganing upacara keprabon nenggih banyak
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

dhalang hardawalika, kacu mas dwipangga kang sarwa retna. Mubyaring akasa katempuh soroting pratangga tinon paling galebyar pindha walataga sobeng pegagan. Lenggahira sang nata kinebutan lar badhak kanan tanapi kiring, sirna kamanungsane pindha Bathara Kuwera ngejawantah kahayap para hapsari. Beg andher hambalabar para wadya kang samya hanggantung seba hangebeki bacira ngayun.

Unggyaning wadya tinindhihan sang mantrimuka rekyana patih Nirbita. Hangendanu dwaja lelayu myang gendhera panunggulyuda, rontek umbulumbul klawan songsong motha, lamun cinandra yayah himanda kang kasrambahing samirana. Rep sidhem premanem datan ana janma

nyabawa, ingkang kapyarsa muhung swantening tirta tusara ingkang tumetes aneng mandira kurung. Binarung swantening abdi gusali kang lagya makarti,
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

candrane

pindha

swantening

engger

retna

hamandyaraga. Nora saru kepara hanambahi asri miwah senen jroning pasewakan. Lah sinten ta ingkang kepareng caket mangarsa? tetela nenggih putra kinasih Radyan Seta ingkang ngabyantara hanganthi kadang kekalih nenggih Radyan Utara miwah raden Wratsangka. Mangka aris sabdaning nata dhumateng para putra.

Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo

You might also like