You are on page 1of 2

BIBAR JARANAN

Wus bidhal sanggya prajurit udakara nembelas bregada kawimbuh satriya bhayangkaraning praja Ngastina cacah rolas awastha Sadha Nringbaya. Rampak runtut denira lumaksana katingal sembada dadya dhadhaning kewuh. Hambata rubuh surak gumuruh kawimbuh swaraning tambur slompret myang sangkakala. Pangempreting dwipangga, pangriking turangga kabarung kumrincinging wahana rata nenggih gathiking wesi balitung, pulosrani klawan wesi mangangkang, kalamun kapyarsa yayah grah kapat ing mangsa labuh. Prajurit gajah lumampah galeyah-galeyah, sinela wadya kang nitih turangga, humiring wadya panyutra sarwi hamusthi candrasa. Sumambung prajurit Kanoman, Marta lulut, Sarageni, Nirbaya, Wisamarta, Sangkrahan, Singanagara, Priyantaka, Kamandhungan tuwin Mijipinilih. Unggyaning wadya tinindhihan sang Nindya Mantrimuka, pengapit prajurit Tanastra klayan prajurit Waudara. Sajuru-juru katingal runtut, baris lumaris kadya ginayis, jajar-jajar kadya maskentar. Abra puspa busananira abang jingga wilis sindura, biru
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

maya kuning sinangling, ingkang cemeng katingal ngregemeng, busana pethak katingal memplak kadya babaran perak. Hanjatingarang kang ponang senjata, sinela songsong agung, motha klawan gendera, tinon ngendanu dwaja rontek lan umbul-umbul kalamun cinandra yayah himanda katiyuping maruta manda. Kawistara baris malengkung kaya kluwung, uruting marga pan yayah teja, kalamun menggok pindha taksaka ingkang lagya cumbana. Sinigeg ingkang lagya lumaksana gentya nyambet cariyos dwi makandha, anenggih punika ta ingkang lagya sumewa wonten negari / kasatriyan .....

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

You might also like