You are on page 1of 3

DEWI JEMBAWATI

Taman asri angemba Nguntaraswarga. endah asri sarwi bawera sinung pepasren sekar kang
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

jinembangan rukmi. Pojoking taman sinung balumbang pinetha segara anakan, tengahe karengga pratima parunggusari pinetha lare mancing misaya mina. Pinggiring banon sinela sela kumalasa linabur langking. Manca warna sesekaran ingkang hangrenggani, ana kang warni sindura, menur dadu, jingga klayan biru maya. Lunging gadhung malengkung luhuring beji, kawistingal gragih kumlawe yayah bedhangan kang lagva karonsih. Sangandhaping wreksa kestuba, wonten titahing bathara asipat wanodya, tuhu punika sang narpadayinta prameswarining nata Dwarawati. Putri saking Gadamadana atmajane Dewi Trijatha klayan Beghawan Jembawan, sesilih kusumaning ayu Dewi Jembawati. Eling-eling trahing witaradya ginarwa narendra dhasar wiwit umur wus wineleg wulang reh kautaman, pramila wasis ngadisalira tuwin baut hangadibusana. Ruruh pasemone, tajem polatane, yen ngandika ngudan asih, lelewane milangoni, lamun jumangkah esmu jinjit sajak anjingkat parandene malah agawe gegere kang samya mulat. Pamulu jenar ambengle kiris, rikma cemeng nyekar bakung, mestaka sedheng hamaesan, palarapan nyela cendhani, pilingan hanapak palu, netra mblalak mbawang sabungkul talingan hanjamur kuping, lathinva manggis karengat, waja
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

pethak lir tirta tumetes. Imba nanggal sajuga sinambung bayu kaya pinulas, idep tamengeng tawang, grana ngrungih, jangga hangelung gadhung, pamidhangan nraju rukma, asta nggendhewa gadhing, dhadha wijang, bebayu katon ngarencang, payudara hamuyuh denta, lambung nawon gumana, pupu hamokang gangsir, gares lurus amemanak, kencet lenggang maya-maya, tungkak bunder lir jinangka. Dlamakan ngamparan gadhing, jejempol lir sirahing sarpa. Garwane Prabu Kresna wonten sekawan, nanging ingkang ngabyantara hamung Dewi Jembawati. Bathari Pretiwi lagya wangsul mring Ekapratala, Dewi Rukmini ngladosi dhaharan, Setyaboma lagya ngracik. Nalika samana lenggahira Dewi Jembawati kahadhep para inya. Dupi miyarsa tengara kunduring sang nata, daya-daya sang nareswari mandhap saking palenggahan nulya mapag kundure ingkang raka nenggih Prabu Sri Bathara Kresna.

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

You might also like