You are on page 1of 4

WANA KRENDHAWAHANA

Sandyakala pudhar labet wus tinilar Hywang Arka ingkang manjing ancala. Telasing cahya jenar hamung kantun peteng remeng krana wancine wus magut ing purwa ratri. Tanpa kanyana ana mendhung tumiyung kaworan angin lesus pinusus hangganda marus. Peksi dares ingkang lumayang gegancangan luru pandhelikan, karana mulat caleret dhawahing getap sumusul jawah dereswor prakempa. Madyaning wana hamung katingal ngregemeng wit ingas jajar sanga, sinela randhu alas kalawan jatikumara. Hanggendhiyeng wreksa mandhira, oyode nglawer pating saluwir, kumrembyah lir rikmaning yaksa gora kang hanggegirisi. Anenggih punika ingkang awasta wana Krendhayana inggih sinebat Krendhawahana, ugi katelah Pasetran Gandamayit. Gawat kaliwat, wingit kepati tangeh ana jalma mara metu taksih rahayu. Tata gelar wujud wana, hananging lamun dinulu srana socaning pramanajati, yekti punika kahyangan dhangkaning dewa panggodha tuwin pangrencana, awasta kahyangan Dhandhang Mangore. Winastan gawat kaliwat wingit kepati, karana ing mriku dadya sramaning para dubriksa, bajubarat, genjong waru
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

dhoyong, engklek-engklek balung atandhak, jim setan pri prayangan, sukma sasar myang bekasakan. Datan kantun ugi dhangkane guna dhesthi, tenung teluh braja, santhet bondhet klawan pilut ingkang sedaya sinung watak drengki srei, dahwen patiopen, jail muthakil, dhemen mulat pasulayan sirik marang karahayon. Dhasare wanci dalu nyarengi jawah riris, kawimbuh gandaning kukus menyan seta, madyaning wana Krendhayana katingal singup kaworan geter akarya miris. Aja ta lamak manungsa, nadyan sato wana kang dhemen sembrana, yekti bakal cinemplungaken ing jurang pengalapan. Pramila saben ndungkap suruping surya, wadya Pasetran samya hangrencana nenggih ambah-ambah, ratuning wabah, memedi colok, banaspati, wewe bang wewe putih, gendruwes myang congculi. Ana swara tanpa rupa, ana rupa tanpa nyabawa, ana ganda tanpa wahana, paling cengenges guyuning bocah, nangis tan katon kumrembyah, lamun adoh kapyarsa sora, den celaki ilang musna Tengahing ndalu, kapyarsa pasar ngumandhang, candhak kulak dol tinuku, pating grenggeng pating gremeng, lamun sinawang srana socaning pramana, katingal genjong jrangkong kang mider ing pasar. Katelah ing ngakathah punika pasare bangsa lelembut.
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Sinten ta ingkang sinuyudan bangsaning nyeluman, lelembut klawan jim setan, nenggih punika tilas widodari Tinjomaya ingkang kena soting Hywang Jagad Nata, wewisik Pandya Bathari Pramuni inggih sang Randya Bathari Durga. Sirna kasulistyanira temah salah gedaden wujud raseksi hanggegilani. Netra pendul esmu mencorong kaya mripate kucing candramawa. Grana mungal kadya canthiking palwa, lambe biru binengesan jingga, salah dadine awarni wungu. Wadana abrit yayah tembaga sinangling, waja ngrangah kadya kuliting duren. Sang Pandya Bathari Durga darbe watak srei, getapan klawan cengkiling. Tandang mara tangan/suka ngendhak gunaning liyan, karemane ngombe getihe wong mati kang nganyut tuwuh, nginum wisa klawan kang ngendhat tali murda. Nuju tengahing wengi, sang Bathari Pramuni kepareng lenggah dhampar sela kumalasa sesemek roning rajamala, kahayap para janggitan, wewe bang wewe gidrah. Datan kantun pisowanira para putra patutan klayan Bathara Kala nenggih Jaramaya, Palasiya Durgangsa lan Yamaraja. Dereng dangu lenggahira sang Bathari Durga, katungka sowanira ingkang putra narendra Tunggulmalaya Prabu Anom Dewa Srani. Repepehrepepeh denira ngabyantara gya mangsah sumembah
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

hanyungkemi pepadane kang ibu. Gumujeng sora sang Pandya Bathari Durga mulat sowanira putra kinasih. Prabu Dewasrani nulya hangawe pendherekira nenggih bangsaning yaksa lan bacingah, pragola buta gimbal, buta ijo buta bajang, buta Sundhul lan buta dhangglong. Pating glero kadya gerah kapat ing mangsa labuh. Njegreg yayah tugu Sinungkarta sang Bathari Durga mulat citrane ingkang putra, ketang tresnanira parandene pinisahake klawan sudarma. Padha sakala ratuning panggodha mbrabak nulya alon ngendika.

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

You might also like