You are on page 1of 4

RATU BUTA RATON

Gisiking samodra Hindhi ing keblat pracima, katingal lamat-lamat gunung menjila, pucake hangrangsang tawang linimputan salju kang hangendhanu. Imbanging harga kinemul grumbul, wreksa gung tuwin ijeming taruturi, punika minangka pratandha lamun ing mriku prenahing pulo alit awasta Nusa bawana. Lemahe bengkah, telane sak jangkah-jangkah, ingkang kathah hamung suket glagah. Dhasare awis jawah, tanem tuwuh samya nggelasah, gesanging warga mung angon wayah, ngulandara tan metung prenah, sedina pindha saratri lumampah, parandene datan katarimah satemah mung saget pasrah. Sak
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

perangan, lemah miring kekalang jurang, padhas curi tinebeng tebing, gunung gamping gegandhengan, sela gilang samya gumlundhung, kabenturing watu kapur. Kalamun wonten alas yekti kayune telas mung kantun tilas, trubus gering hanggagang aking, krana katawur ing hawa benter. Tetaneman wurung binabar woh-wohane dadya aber, sekar-sekar samya aber, gegodhongan wus dangu gugur. Lamun mulat prenahing pajupat keblat papat, anane hamung lemah miring, kayu garing, jurang cerung kinepung tebing. Arang kadhing ana toya, sak yojana tan manggih kedhung. Wonten sendhang nanging banyune mambeg, dhasare butheg tur memblegmembleg. Parandene taksih sinaba karana punika dadya panggesanganing para kawula. Madyaning pulo Nusa bawana wonten gumuk alit, kinepung kayon gung hangrembuyung. Inggih ing mriku dununging kedhaton Garbasunandha, dhangkaning sang yaksendra jejuluk Prabu Kalayaksa. Puraya geng winangun sarwi sentosa, adhapur motha sirape pinetha makutha. Saka guru sela prawata tinatah tinaturengga renggane ginambaran buron wana. Ompak geng wangun sirahing sardula, tutuk menga, lidhah melet katingal kaya megapSumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

megap. Jarambah klayan bebatur kinepyur akik linebur. Talundhagan tinundha sanga naratas prapteng paningrat pinagut banon rinajeg pacak suji. Kori brajanala sela prabata, wiwaraning gapura adhapur menara. Kanan kiringing gapura jinajaran reca sardula kang lagya mrewasa kidang. Nyarengi dinten Respati wancine tabuh nawa, sang yaksendra Kalayaksa kepareng miyos siniwaka wonten pendhapi. Lenggah dhampar sinasotya sesemek babut premadhani. Prabu Kalayaksa tuhu yaksendra sekti mandraguna tan tedhas tapak paluning pandhe sisaning grenda, tanapi tedhaning kikir. Gora sembada ronggah-ronggah lir prabata siwi. Netra mencorong kaya srengenge kembar, tutuk menga kaya lawanging guwa, grana mungal kaya canthiking palwa, waja ngrangah kaya rajeg trisula, jatha modot kaya pedhang linigan. Alis ketel hambidho mati, idep nyrodog kaya wuluning landhak. Rawis brengos tepung gelang, rikma gimbal den udhal modhal-madhul nganti kaya gunung kemul mendhung. Godheg kaya grumbul, wuluning asta kaya singgang, suku mbregagah yayah bongkoting etal. Yen ngendika sora kaya mbledhosing gunung, yen watuk kaya gludhug, wahing kaya gelap ngampar, yen ngguyu kaya grojogan sewu. Lamun
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

lumampah galeyah-galeyah kaya gajah, suku mancat bantala dadya horeg kaya lindhu prakempa, yen ngendika idune muncrat nganti kaya udan riris. Lah sinten ta ingkang ngabyantara munggweng ngarsa nata? anenggih punika abdi kinasih kinarya sengkeraning sang yaksendra, emban taksih lamban sesilih Nyai Kepetmega. Sinambet sowanipun patih Kala Prajangga. Hing njawi tinon wadya reksasa hanggantung seba. Keni lampit sagung denawa, paling glero paling bedhigas gojeg lan titihanira nenggih senuk memreng, bihal adal-adal, srenggala klawan sardula. Kehing wadya samya mamerake kasektenira. Ana kang mundhi watu gilang sak gubug gedhene, ana kang ngundha watu lintang sak genthong, kethap-kethap ndedel ngawiyat, dhawahing sela tinampi mestaka temah ambyar ponang sela dadi sak walang-walang. Ana sawenehing sesumping pring sedhapur, ana kang sogok-sogok untu nganggo linggis, ana kang ngeroki kuping nganggo pucuking pring petung, ana kang kemulan kalajengking, kekalung ula dumung hing pamrih antuka pangalembana. Dupi wus caket denira samya nggantung seba, Prabu Kalayaksa nulya paring dhawuh, mangkana gumuruh sabdane sang yaksendra Kalayaksa.
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

You might also like