You are on page 1of 3

RATU SABRANG GAGAH

Mrabu mrabawa hadeging gunung Mahendra. Pucaking haldaka wangun nyenyep warastra ingkang kinemulan salju ngendanu. Naratas saking nginggil tumurun, tinon kali Ranjing, kali Wira tuwin Gupak warak lenggak-lenggok lir taksaka nglangi. Wedhi lahar blegedhapa katingal mili, kumendheng kelun ngambara temah sirna kasapu dening Hywang Bayu. Lengkehing harga kinemul wana sak yojana jembare. Kayon gung bebanjengan sesingep grumbul dadya sramaning sato galak. Lamun wus magut suruping Arka, kapyarsa pambaunge sona ajag, pangempreting dwipangga tuwin panggeroning sima. Pramila madyaning wana taksih gawat kaliwat wingit kepati, labet ing mriku kathah tebing jurang ingkang tan kawistara krana kebegan grumbul. Lamun ta datan waspada minggah lengkehing gunung Mandara, yekti hamung soroh nyawa kapasrahaken mring jurang pengalapan. Sukuning haldaka Mandara, wonten kedhaton endah birawa kawimbuh bawera, anenggih punika kedhatoning narendra Prabu Jarasandha, awasta kedhaton Giribajra. Puraya gung adhapur joglo tinundha, sirape kinancing wuwung tembaga, naratas manghayat
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

minggah rinengga laring manyura. Bangsal-bangsal bebanjaran hanjangkepi bale cempuri nenggih bangsal Prabayeksa, bangsal Danamertapa, bangsal Mandhalasana, gedhong Trajutrisna, gedhong Kuning, gedhong Ngendrasana, bangsal Trajumas tuwin Pacaosan. Saka guruning pendhapi agung negari Giribajra dumadi saking wreksa jatiwasesa tinatah tinaturengga, renggane ukiran lung Sadhung manghayat minggah. Cinakep ukup selaka pinetha sekar cepaka kang lagya megar. Ompak geng kang kinarya sangganing sekar cepaka kang lagya megar. Ompak geng kang kinarya sangganing saka guru saking sela sumayana ginambaran ndhau banaspati. Madyaning pendhapi sinung damar sewu rinonceronce pinetha sekar melathi kudhup, gagange tembaga sinangling Jarambah jejobinan sela kaca, naratas prapteng talundhagan sela Kresna. Saking kathahing pepasren tuwin rerenggan kang sinasotya kedhaton Giribajra yayah kahyangan Swarga panglawung. Sinten ta ingkang jumeneng nata wonten negari Giribajra? tuhu punika narendra birawa gagah tur santosa, jejuluk Prabu Jarasandha, Taksih mudha ronggah-ronggah dedegira, pidegsa godheg wok simbar jaja. Rawis sakepel sisih, wadana bang sindura katingal mangar-mangar
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

pindha kembang wora-wari. Netra pendul, bathuk manyul, grana mungal, lathi biru, waja geng belah kedhaton, jatha modot lit pedhang linigan. Otot kenceng katon ngarencang, dhadha jembar sinung simbar, pundhak ngaglah yayah dhendha suksara. Nuju hari Respati, sang nata Prabu Jarasandha miyos siniwaka madyaning pendhapi, lenggah dhampar denta sesemeh babut premadhani pinulas cakrik puspita. Rumantining busana kaprabon wus datan kuciwa nenggih ngagem makutha gandawara, keroncong endrakala, jamang mas sungsun tiga, sumping tambart praba kencana endrakala, jamang mas sungsun tiga, sumpine tambara praba kencana, kawaca gandawari, sengkang boma, binggel waliyasa, kelat bahu warna, karoncong karawali, manggarani sembulihan sumampir numpang curiga. Dodot parang barong rinenda benang kencana, clana cindhe kaukup renda gegubengan. Ingkang kepareng caket ngabyantara nenggih punika kadang kekalih ingkang pinilih dadya gedhig manggalaning prang. Sudira jayeng palugon turta saguh dadya dhadhaning kewuh. Anenggih punika jejuluk Prabu Hamsa tuwin Prabu Dimbaka. Dupi wus katingal marak nenggih kadang kekalih, Prabu Jarasandha sigra paring dhawuh, mangkana sabdaning nata kang kawijiling lesan.
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

You might also like