You are on page 1of 4

PASANGGRAHAN PANDHAWA MANDHALAYUDA

Keblat kilen katingal lamat-lamat pedhut seta nglimputi madyaning palagan Tegalkuru. Sisih wetan tinon ngregancang hadeging gunung Mahendra, ering kidul winatesan ilining kali Jamuna tuwin bengawan Gangga, keblat utara winatesan tebaning wana Tunggul. Gumelar hengebeki sasana jembar, jajar-jajar wisma adhapur limasan ngubengi prenahing pendhapi agung. Anenggih punika sramaning para Pandhawa ingkang katemben ngayahi Bratayuda Jayabinangun, awasta Pasanggrahan Hupalawiya inggih sinebat pasanggrahan Pandhawa Mandhalayuda. Pendhapi pasanggrahan awangun joglo pinayu sirap kayu kestuba, sinangga saka guru wreksa jatiwasesa, den ukir lunging gadhung rumambat manghayat minggah, cinakep ukup selaka pinetha sekar cepaka kang lagya megar. Prit gantil kayu cendhanasari pinetha susuhing tawon gung. Ompak geng sela kresna pinatik akik linebur, jerambah tinalasah sela kaca, naratas prapteng talundhagan sela tinata tinundha-tundha, cinandhi hanjog mring

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

palataran leliyepan, labet tinunu asrining pepasren sekar mancawarna. Madyaning pendhapi rinengga damar sasra gagang tembaga, rinonce-ronce angemba kudhuping sekar melathi. Ngajenging pendhapi rineksa pusaka wiratha cacah kalih nama Kyai Pangrupak jagad tuwin Nyai Panglebur bawana. Ngaglah yayah prayitneng kewuh. Kanan kiringing pasanggrahan Pandhawa Mandhalayuda jinangkepan pakuwon kinarya pasanggrahaning para satriya bhayangkaraning praja, anenggih pakuwon Cemara Tunggal, pakuwon Randhuwatang, pakuwon Glagah Tinunu, pakuwon Randhu Gumbala miwah pakuwon Terate Bang. Dumadining perang Bratayuda Jayabinangun hanyarengi mangsa ketiga, bledug kemutug ngambara laya, wor suh klayan kukusing sendawa temah hangganda sengak, labet kaprabawan dening wadya kang samya gladhen yuda aben tiyasa. Denira ulah kaprajuritan hanggladhi prigeling mundhi gada, ngonclang pedhang, menthang gendhewa, ngembat watang aneng gigiring, turangga. Surak gumuruh hambata mbuh swaraning wadya ingkang ulah tiyasa, kabarung swara pangempreting dwipangga, pangriking kuda, gurnang gurnita, slompret tambur,
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

tong-tong brit munya ambal-ambalan, kapiyarsa yayah grah kapat ing mangsa labuh. Gendera pakuwon pinanjer, kumlabet ing akasa yayah mendhung hangendanu, sinambung rontek lan umbul-umbul, payung agung, motha klayan songsong panunggul yuda samya megar yayah jamur barat ing mangsa rendheng. Kehing senjata tanpa wicalan, ngrangape nganti kaya jatingarang. Gelar baris wus sawega nenggih gelar Brajatikswa, garudha nglayang, glathik neba, hiranya padma tuwin gelar cakrabyuha. Ing mangke wus dumugi babak kaping tiga bratayuda paluhan. Nalika semana Prabu Puntadewa kepareng miyos madyaning pendhapi, kahadhep para kadang sentana. Katingal hangaglah birawa nenggih punika sang Panenggak Pandhawa kekasih Raden Wrekodara, Bratasena, Kusumayuda, Bima, Gandawastratmaja, Wayunindya inggih Dyan Bilawa. Satriya gagah prakosa sembada prawireng yuda. Sekti mahambara, digdaya jayeng palugon, apantes lamun dadya cagak kinarya tetuwak barisaning Hupalawiya. Sumambung wuri nenggih pasebanira sang panengah kekasih Raden Arjuna inggih raden Janaka, Risang Dhananjaya, Pamade, Kumba ali-ali, Premadi, Setya Margana, Suparta, Palguna,
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Endratanaya, Wibatsuh, Anaga ya sang Mahabahu. Satriya pekik, pengawak tirta guwaya teja, sekti mandraguna turta dadya tohjalining bawana, madeg suraning ndriya ing palagan Tegalkuru kinarya sapu kawat kang hangayomi barisaning wadya Pandhawa Mandhalayuda. Datan kantun tinon pisowanira satriya kembar wingking saking Sawojajar tuwin Bumiretawu anenggih Raden Nakula miwah raden Sadewa. Para putra ingkang kepareng ngabyantara nenggih raden Gathutkaca, Pancawala, Raden Sumitra, Sanjaya, Gandakusuma dalah patih Tambak Genggeng. Datan kantun katingal mabukuh susilarja, tuhu punika senopati Hupalawiya, wingking saking negari Pancala atmajane sang Prabu Drupada, kekasih Raden Trusthajumna inggih sang Dresthajumna. Ing njawi andher para wadya hanggantung seba, parandene sang nata Puntadewa dereng arsa paring dhawuh. Katungka rawuhira narendra Dwarawati Prabu Sri Bathara Kresna akarya suka tyasing Prabu Darmaputra. Nata Dwaraka gya pinapag rinangkul padha sakala. Narendra kekalih datan mantra-mantra titah pindha Bathara Wisnu Bathara Darma ngejawantah. Dupi wus satata lenggah, Prabu Yudhistira nulya hamanembrama mring sang raka Dwarawati, mangkana ririh wijiling sabda.
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

You might also like