You are on page 1of 4

PASANGGRAHAN SWELAGIRI

Gisiking samodra Hindhi kaleres ering kilen sukuning gunung Mahendra, wonten pasanggrahan winangun sarwa prasaja, pinayu ron kaluwih tinata tinundha-tundha, saka guru wreksa jati mas wetah sak klikane, ompak geng sela kresna, blandar dawa deling petung, pengeret deling wulung, kang kinarya nyangga sirap dumadi saking panging kamal. Katingal ngrawit tinata mlengkung lelungidan. Tembok mubeng rinajeg wit pinus, janglot walikukun jinejed serat nanas pinalintir.
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Jerambah pasir samodra winaradin, naratas prapteng talundhagan sela gilang tinundha cinandhi hanjog plataran, tepining paningrat pinager mubeng ri bebandhil, seretete, ri kemarung dalah prabatang malang kang kinarya pepalang. Hing ngayun rinengga regol kinarya parondhan, lawanging gapura saking blebekan tembaga. Anenggih punika pakuwoning Raden Ramawijaya inggih sang Regawa, winastan pasanggrahan Swelagiri. Nalika semana hanyarengi mangsa ketiga dawa, bledug kemutug ngambara laya, worsuh kukusing sendawa, dadya kumelun ngganda sengak kalamun hanampeg dhadha. Sanggya wadya wanara samya gegladhen yuda, mbengkos mere sarwi malumpat ing pang kekayon. Nyranggon kridhaning rewanda akarya giris kang samya wuninga. Senajanta sarwa prasaja, tumbak granggang saking pring lanang, gada bindi bongkoting kamal, jinangkepan glugut rawe hanggateli. Hangendanu gendera, dwaja, rontek lan umbul-umbul ingkang kadamel saking godhong maneka warna. Gendera roning duren, umbulumbul godhong gedhang, rontek ron jati sinuwek pinaringan adeg-adeg carang aking. Gumolong
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

gegolonganing wanara anut rowange. Rewanda kang trampil ulah gada samya gladhen tinenggan Kapi Pramujo. Wanara kang trampil ulah warastra samya gladhen tinindhihan Kapi Saraba. Ingkang gladhen tyasa musthi granggang tinindhihan Kapi Bekiking, Cocak Rawun tuwin Kapi Anggeni. Hanyarengi dinten Anggara, tabuh nawa wanci enjinge, Raden Rama Wijaya kepareng miyos aneng pendhapi, lenggah dhampar sela sumayana. Ingkang kepareng marak nenggih rayi kinasih saking Giri Kestuba Raden Widagda, Leksmana inggih Dyan Murdaka. Bagus warnane, mbranyak pasemone, turta sekti mandraguna jayeng palugon. Pantos lamun kinasih ingkang raka, pramila hanggung kinanthi wiwit duk jengkar saking Ayodya, hanasak wana Dhandhaka engga masanggrah ing Swelagiri. Datan kantun tinon pasebanira narendra Guwa Kiskendha sang Narpati Sugriwa. Sembada gagah prakosa, suwiteng Sri Rama kinarya agul-agul sang Sugriwa wus prasetya arsa malesih mring luhuring budi sang Raguputra. Sumambung ing pungkur nenggih sowanipun wanara kalih, kusika seta dalah kusika sindura. Ingkang kusika seta kekasih Raden Anoman,
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Senggana, Maruti, sang Rama Handayapati, Kapiwira inggih dyan Anjaniputra. Ingkang kusika sindura kekasih Raden Jaya Anggada. Kekalihira sekti mandraguna, turta wus sembada dadya dutane Sri Rama. Dyan Anoman dadya duta mring taman Soka negari Alengka, Raden Jaya Anggada dadya duta nyidra makuthane sang Rahwana. Sawetawis denira sumewa parandene dereng wonten tengara badhe rumentahing sabda saking Sri Rama. Kedadak horeg ing pasewakan katinon repepeh-repepeh pisowanipun satriya Kuntara Raden Gunawan Kunta Wibisana. Suka tyase Raden Rama Wijaya sigra hamapag praptane kadang sinarawedi. Kekalihira nulya gapyuk rerangkulan temah trenyuh kang samya sumewa. Dupi wus lenggah prayogi, Raden Ramawijaya sigra manembrama, mangkana ririh pangandikane sang Regawa.

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

You might also like