You are on page 1of 6

PERTAPAN HARGA BELAH

Gunung sewu gegandhengan, ganthane kadya ginaris urut kendhiting langit, biru maya

lelungidan, nginggile pinayungan mega pethak harerentengan. Mulat ering wetan tebaning wana gung liwang-liwung, mangaler tinon tegal lan aren-aren, imbang kidul ngongkang benawi, sisih kilen katon alas pejaten. Ngandhape gunung sewu
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

ana gunung cilik jajar kalih, awasta gunung kembar. Selane winaradin dadya marga

manghayat minggah, tinalasah sela seta sinasapan pasir jenar cinampur padhas linebur. Kapantog ing nginggil, wonten wisma wangun limasan, sirape pinetha sisiking mina jaladri, wengku wuwung tembaga sinangling, kinancing garudha mungkur. Anenggih punika prenahing

padhepokan Giri Belah inggih sinebat Harga Belah. Lurung klawan dlanggung ingkang hanjog mring pertapan tinepi pager banbu sela kresna, selane tinunu turus, ing ngandhap wonten saluran mili toya wening, hanjog mring karang padesan, toyane pinara-para mring pasiraman tuwin

pesabinan. Kekucahe hanjog mring kedhung

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

kinarya pangguyangane kebo sapi tuwin dadya pasabaning menthok lan meri. Lengkehing haldaka rinengga gapura ingkang tinengga pratima wujud Gupala. Pucaking gapura wangun menara, sineratan sesanti aksara Jawa mungel Suradira Jayaningrat lebur dening wonten

pangastuti.

Ngajenging

pacrabakan

balumbang kinarya miyara mina, wader bang kumambang, wader pari wira-wiri, mujaer samya kekenjer, tawes kenes, iwak tambra samya cumbana. Tengahing balumbang rinengga

pancuran tuwin pratima tembaga angemba kenya remaja ingkang kawelas arsa, kaya-kaya ngentosi taruna kusumaning bangsa. Saben pekarangan jinangkepan wisma

bebanjaran, ngajenging wisma pinager beteng, jinangkepan kendhi pratola klawan padasan.
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Punika dadya pratandha lamun gesanging kawula wus pinayungan karahayon, luhuring budaya datan tinilar, para warga samya manungkul panembahe, katitik sasana palereman datan kuciwa. Punika sung sasmita kalamun kawula saindhenging pertapan Harga Belah tuhu jalma pinilih, karana lahir lan batin wus gambuh, tan wonten sangsaya sinangsaya, anane hamung guyup manunggal, ngupa boga sahari ratri, datan kantun denira ngibadah ugi wus prenah. Mboten mokal lamun gesanging bebrayan katingal hayom tuwin hayem, tebih saking watak cecengilan. Lah sinten ta ingkang madeg brahmana aneng pertapan Harga Belah, tuhu punika pandhita sekti mandraguna jayeng palugon, peparab Begawan Bagaspati. Ing nguni jumeneng nata wonten negari Candhi Bungalan. Labet kasoran prang
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

klawan Prabu Abiyasa, nunten racut busana kaprabon, manjing wana nulya teteki. Katarimah denira tapa lajeng jumeneng pandhita wonten Harga Belah. Pramila mboten nama mokal kalamun sang wiku darbe kasekten linangkung, wenang hanggadhuh aji Candhabirawa. Mantheng semedine, putus saliring kawruh, sidik paningale trus sabarang pangandikane, apa kang cinipta kelampahan. Nuju hari Respati, sang Begawan Bagaspati kepareng lenggah wonten pracabakan. Datan pantara dangu katungka sowanira ingkang putra Endhang Pujawati. Punapa ta darunane sang putri marak mring ngarsane sang rama? labet sang putri kasmaran klayan satriya Mandraka atmajane Prabu Mandrakiswara, kekasih Raden Narasoma inggih sang Somadhenta. Pramila denira marak
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

katingal kumembeng waspa netrane, sru denira sungkawa ngantos katingal kadya dineres ilining waspa. Temah hanggagra kusika, nggagang aking salirane Endhang Pujawati, krasa siang ratri datan kersa hamboga tuwin datan nendra, hanggung ngrungkepi pangkonane sang rama. Kasok tresnane mring putra, Begawan Bagaspati gya hangripih ngarih-arih ing pangajap Endhang Pujawati kersowa lejar penggalihe. Mangkana pangandikane sang Begawan Bagaspati.

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

You might also like