You are on page 1of 3

GUYONAN JOWO :

> Alkisah di sebuah perusahaan besar di kawasan Keprabon,tengah


melakukan
> beberapa tes wawancara untuk "*tidak*" menerima calon karyawan
baru, tentu
> saja salah satu prasyaratnya adalah harus berbahasa EJD (Ejaan
Jawa yg
> nDaksempurna)..
>
> G : Kowe nduwe omah opo ora...?
> A : dereng..
> G : Wah kowe ora iso ketompo nang kene
> A : Lho kok ngaten....?
> G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
> A : Ah.. mboten kok, Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun
sugih.
> G : Yo malah ora ketompo
> A : Lho kok ngaten...?
> G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.
>
>
> G : Kowe nduwe motor opo ora..?
> B : Mboten.
> G : Ora ketompo
> B : Lho kok mboten ketompo ?
> G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
> B : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo
beto
> ngriki.
> G : Wah malah ra ketompo..
> B : lho kok ngoten
> G : nggone parkire wis ra nyukupi.
>
> G : Kowe wis lulus sarjana tenan...?
> c : sampun pak..
> G : Ora ketompo, kene iki golek sing SMA ae, luwih manutan lan ben
mbayare
> murah
> c : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi
> G : Malah ora ketompo...
> c : Lho kados pundi to..?
> G : Mengko kowe kerjo mung ngetik nggawe skripsi, lek wis lulus
mesti golek
> kerjo neng
>
> perusahaan liyo.
>
> G : Kowe seneng guyon opo ora ?
> D : Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe.
> G: Ra ketompo...
> D : waa..kok ngoten?
> G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress.
> D : Sak jane nggih sekedhik sekedhik seneng guyon.
> G: Malah ora ketompo.
> D : Lho kok..
> G: Engko kowe mung gawe guyu kancamu lan dolanan email emailan
sing lucu...
>
> G : Kowe mau mrene numpak opo ?
> E : Nitih mobil
> G : Kowe ora ketompo
> E : Sebabipun ?
> G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar
terus
> E : Wo, kulo wau namung mbonceng, kok
> G : Tambah ora ketompo
> E : Lho, lha kok . ?
> G : Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi !
>
> G : Anakmu akeh opo sithik ?
> F : Kathah pak
> G : Kowe ora ketompo
> F : Sebabipun ?
> G : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus
> F : Lha wong namung anak adopsi, kok.
> G : Tambah ora ketompo
> F : Lho, lha kok . ?
> G : Gawe anak bae aras2en, opo maneh nyambut gawe
>
> G : Kowe wis ngerti gaweyanmu durung ?
> h : Dereng
> G : Kowe ora ketompo
> h : Sebabipun ?
> G : Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane ?
> h : Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok
> G : Tambah ora ketompo
> h : Lho, lha kok . ?
> G : Kowe rak mung arep keminter, to ?
>
> G : Kowe ngerti kahanan kantor kene durung
> k : Dereng
> G : Kowe ora ketompo
> k : Sebabipun ?
> G : Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantore ?
> k : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok
> G : Tambah ora ketompo
> k : Lho, lha kok . ?
> G : Kowe senengane ngudhal-udhal wewadi kantor, to ?
>
> G : Kowe kerep loro ?
> m : Mboten
> G : Kowe ora ketompo
> m : Sebabipun ?
> G : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering
> m : Wah, sakjanipun nggih asring
> G : Tambah ora ketompo
> m : Lho, lha kok . ?
> G : Kantor iki ora nompo karyawan pileren.
>
> G : Kowe biso main Internet ?
> n : mBoten
> G : Kowe ora ketompo
> n : Sebabipun ?
> G : Perusahaan ora nompo BI (Buta Internet)
> n : Wah, sakjanipun nggih saged
> G : Tambah ora ketompo
> n : Lho, lha kok . ?
G : Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan Internet, to?
Ngentek-entekke pulsa !
G : Kowe waras opo ora?
o : Lha, kulo nggih waras to Pak.
G : Ra ketompo...
o : Kenging nopo ...?
G : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
o : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
G : Malah ra ketompo..
o : Pripun to niki..?
G : Mengko aku duwe saingan....

PERUSAHAAN-E KERE.!! EE... BOS-E EDAN SISAN..!!

You might also like