You are on page 1of 10

PIDATO THOLABUL ILMI

Dumateng Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sekalian ingkang kulo hormati ! Minangkani awalipun atur kulo ing mriki kulo muji syukur Alhamdulillah dateng Alloh SWT ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat, Nimat, dumateng kulo, lan panjenengan sedoyo, sehinggo kulo lan panjenengan saged karoyo-royo bucal thempo ninggalno griyo, ninggal bondho lan rojo koyo sami saget rawo wonten ing majlis puniko boten ategas prawan golek joko, utawi dudo golek rondho. Nanging leres-leres golek ilmu Agomo. Ilmu sing keno kangge sangu dateng griyane moro tuwo. Shoho ilmu sing keno kangge sangune ngadep datang kang moho kuoso. Poro rawuh ingkang kulo hormati ! Sebagai pengajak kulo monggo iang saat meniko kulo lan panjenengan samiho niat ngaji. Niat ibadah dateng ngarsanipun Allah SWT. Keranten pancen dados tiyang Islam lho Pak?! Bu?! Ngaji niku wajib tumrap kito sedoyo. Kanjeng Nabi dawoh :

) (

Ingkang artosipun : Bilih pados ilmu meniko dipun fardhuaken tumrap saben-saben tiyang Islam jaler lan istri Soho kanti hadist meniko kito sampun jelas bilih pados ilmu meniko merupakan proses ingkang serba terus tanpa wonten bates waktu baik kapanpun, dimanapun dan dalam keadaan bagaimanapun. Dados senajan tiyangnipun sampun tuwek, elek, ngrowek, untune entek, ora tedas peyek, meniko tetep kewajiban pados ilmu. Poro Rawuh ingkang kulo hormat ! Keranten tiyang niku menawi boten gadah ilmu senajan toh ibadah sampek jungkir balik, utawi ibadah mempeng, tapi boten dipun ilmuni meniko tiwas bal gedual.

Tiyang niku menawi boten gadah ilmu, ngamalipun boten dipun terimo dening Alloh. Mardudatun Laa tugbalu. Pramilo sangkeng meniko, monggo Poro Rawoh sedoyo terutama adik-adik lan generasi Muda-mudi remaja Islam. Kito tingkataken anggen kito belajar. Supados benjang angsal ilmu ingkang katah lan manfaat soho ilmu ingkang saget beto bahagia lan wilujeng donyo lan akherat. Hal meniko cocok kalian dawohipun Alloh wonten Al-Quran, Surat Al-Mujadalah ayat 11

Artosipun : Allah bade ngangkat derajatipun tiyang-tiyang ingkang beriman lan tiyang-tiyang ingkang nggadahi ilmu dateng pinten-pinten derajat Tapi sawangsulipun menawi kito boten anggadahi ilmu boten saget ngaji lan boten purun belajar lan boten sekolah, tengriyo namung kluyur-kluyur jogrok klimprak-klimprik kados sarung goyor, niku nggih boten patut, sampun ketinggalan jaman. Amargi, niki sampun jaman merdeka boten kados jaman penjajah. Saniki sampun kathah sekolahan sampun kathah tempat-tempat pendidikan. Pramilo monggo kito tingkataken anggen kito belajar, pados ilmu pengetahuan ingkang kathah. Soho dumateng poro Bapak, Ibu sampun ngantos ketinggalan, ojo sampek gadah putro sing lolak-lolok, boten purun sekolah, boten purun ngaji, boten purun datang masjid, datang langgar, lan sanes-sanesipun. Keranten lare niku menawi boten kenal pendidikan, nopo maleh pendidikan Ilmu Agama. Niku nggeh nyusahaken tiyang sepuh nipun. Menawi kentandang gaweh boten purun. Sabendino ngenteno sego, jaluki duwit, di tuturi boten manut, karo Ibu nesu, karo bapak galak, karo Embah mbantah, karo Kakang mbangkang, karo Paklek mendelik, karo Pakdhe gumedhe, karo dulur ngladur, karo tonggo ora duwe dugho. Diajar nangis, kon minggat boten budal, di guwak moleh bendino ngentekno sego, didhol ora payu Akheripun tiyang sepuhipun namung susah, gelisah pikiran jibek napas sesek, dodo ampek, awak dredek, kuping gemrebek weteng muneg-muneg, irung pilek, awak sak kujur rasane dredek, bendino kur telek-telek mergo duwe anak ndablek kon mergawe ora untek menengahe malah mbegegek lek ngeteniki tiyang sepuh susah menopo boten? Poro Bapak Poro Ibu? Mulane monggo putro-putrine dipun didik ingkang saestu supados leres-leres saget kados lare ingkang berguna bagi Agama, Bangsa lan Negoro, Soho ingkang saget menjunjung tinggih Harkat lan Martabat tiyang sepuhipun kaleh. Ingkang cocok dawohipun kanjeng Nabi Artosipun : Sabagus-baguse menongso yoiku sing manfaat marang, menungso liyane Poro rawo ingkang kulo hormati ! Kintenipun cekap semanten atur kulo, kirang langkungipun kulo nyuwun pangapunten.

PIDATO SAMBUTAN WALIMATUL URSY


Poro bapak, poro ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo mulyaaken. Sakderengipun kulo matur nopo ingkang Alloh SWT, ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat dateng kito sedoyo, sehinggo kito saget makempal wonten ing meniko majlis, dalam rangka menghadiri undangan walimatul Ursy ing saat meniko. Poro rawuh ingkang kulo hormati, Ngawontenaken walimah meniko hukumipun sunah, kranten meniko derek dawuhipun kanjeng Nabi, bilih wonten salah setunggulipun wekdal, sohabat Abdurrohman bin Auf, matur dateng kanjeng Nabi, bilih piyambakipun nglaksanaaken nikah damel maskawin (Mahar) rupi emas sak bobotipun kelungsu kurmo salajengipun kanjeng Nabi ngendiko. Tegesipun kanjeng Nabi dongaaken barokah, lajeng perintah ngawontenaken walimah senajan namun nyembelih maendho setunggal. Poro rawuh ingkang kulo hormati ! Bicoro masalah walimah meniko, weninipun katah. kados ingkang kasebut wonten ing kitab-kitab fiqih. Wonten kala : Walimatul Ursy wonten kalane walimatul khitan, wonten kalane walimatul maulid, wonten kalane walimah ngedekaken griyo utawi boyongan, shoho sanesipun. Dene ingkang paling utami utawi ingkang afdhol inggih meniko Walimatul Ursy utawi Walimah Manten Dene masalah ijabatut-dawah, utawi dugeni dateng walimah, meniko hukumipun inggih bentenbenten. Menawi walimah manten, meniko ingkang dipun undang, wajib ndugeni, selagi wonten majlis walimah manten kolowahu, boten wonten perkawis mungkar utawi maksiat. Lan menawi wonten perkawis maksiat utawi perkawis ingkang nglaraaken manah, meniko boten wajib nekani. Dene menawi walimah saklintunipun manten, sami ugi walimah khitan utawi maulud, utawi aqiqoh, meniko ndugeni hukumipun sunat. Poro rawuh !, salajengipun, menawi wonten setunggal wekdal meniko wonten undangan kaleh, utawi tigo, meniko ingkang dipun dugeni gedah ingkang langkung parek griyanipun. Dene menawi perekipun, meniko podo ingkang dipun dugeni langkung rumiyin ngundangipun. Hal meniko damel dasar hadisipun kanjeng Nabi ingkang dipun riwayataken deneng Abu Dawut RA . Ingkang artosipun : Menawi kempal tiang ngundang kalih (sareng wekdalipun) moko ingkang dipun dugeni, tiang ingkang langkung parek lawang griyonipun. Menawi salah setunggalipun meniko langkung rumiyin, inggih ingkang langkung rumiyin meniko ingkang dipun dugeni Poro rawuh ingkang kulo hormati ! Kolo wahu kawulo ngaturaken bilih ndugeni dateng undangan walimah manten meniko hukumipun wajib. Benten kaleh dugeni undangan saklintunipun walimah manten, kados dene walimah khitan utawi walimah maulid meniko dugeni hukumipun sunat. Poro rawuh, meniko nopo rahasianipun utawi sebabipun masalah dugeni walimah meniko kok bentenbenten ? menurut sebagian Ulama meniko wonten ingkang njelasaken, menawi ndugeni datang walimah manten meniko wajib. Sebabipun wonten ing majlis walimah manten meniko wonten tiyang ingkang nyandang susah utawi sakit malah sedoyonipun ngraosaken ayem seneng lan bungah. Tegesipun tiyang ingkang dipun unddang seneng, lan menikolah ingkang dados wajibipun dugeni undangan walimah manten. Lan menawi walimah khitan utawi walimah maulid (kelahiran) tumrap tiyang ingkang dipun undang dugeni walimah meniko hukumipun sunat, kranten wonten ing griyanipun tiyang ingkang kagungan hajat meniko wonten ingkang ngraosaken sakit utawi payah. Tegesipun tiyang ingkang dipun undang seneng tiyang ingkang ngundang seneng, tapi lare ingkang dipun khitani utawi ibu ingkang nglahiraken meniko ngalami sakit. Pramilo dugeni dateng undangan walimah khitan utawi kelahiran hukumipun sunat boten wajib. Tepi sedoyo kolowahu utaminipun dipun dugeni kranton meniko derek dawuhipun kanjeng Nabi ingkang dipun riwayataken dening Imam Muslim : Ingkang artosipun : Menowo siro diundang mangko becik tekoho manwa siro poso mangko dongano bagus lan barokah menawo siri ora poso mongko mangano Poro Rawuh kintenipun cekap semanten kangge sambutan kulo akhiripun kulo akhiri kupat lepet taline janur, lepat luput panggahodadi sedulur, sedoyo kelepatan kulo nyuwun pangapunten.

PIDATO RESEPSI HALAL BIHALAL


Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sekalian ingkang kulo hormati ! Langkung rumiyin kulo muji syukur Alhamdulillah dateng Alloh SWT, ingkang sampun paring Rohmat shoho nimat, sehingga kulo lan panjenengan saget pepanggihan wonten meniko majlis, dalam rangka bersilaturrohim, utawi resepsi Halal bi halal kanti keadaan sehat wal afiat, sami ugi sehat lahiriah, utawi batiniyah. Kaping kalihipun Rohmat Tadzim dan salam bahagia Alloh, mugio tetep dipun limpahaken dateng kanjeng Nabi Muhammad SAW, shoho poro ahli keluarga lan sahabatipun. Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sekalian ! Wonten ing saat meniko kito sampun manggihi wulan syawal malih. Kranten wonten ing wulan sakderengipun yakni wonten ing wulan Romadhon kito sampun sukses nindakaken ibadah puasa sebulan penuh. Kanti menambah amalan-amalan ibadah lintunipun kados dene sholat tarowih, tadarus Al-Quran lan sanesipun. Lan ugi wonten akhiripun wulan Romadhon kita tutup mawi Zakat Fitrah kanti harapan kulo mugi-mugi nopo ingkang kito laksanakaken wonten ing wulan Romadhon kolo wahu minongko dados amal ingkah sholeh. Ingkang mbuahaken amalan-amalan ingkang sahe wonten wulan-wulan sakterusipun, sehinggo saget ndadosaken fitrah utawi lambang kesucian, wonten ing manah kito sedoyo. Poro Rawuh ingkang kulo hormat ! Kranten hikmah nindaaken ibadah poso meniko disamping kito nindaaken perintahipun Allah SWT kanti ngeker hawa nafsu wonten ing siangipun wulan Romadhon, meniko ugi kito saget ngraosaken betapa sedih lan gelisahipun si Fakir-Miskin ingkang wonten ing saben dintenipun selalu ditimpa kekurangan dahar, ngunjuk, shoho keluhan lan kelemahan tenogo, ingkang akhiripun kito timbul roso belas kasihan kito dateng Fakir Miskin, sehinggo kito purun nafkahaken sebagian harta benda kito kangge shodaqoh dateng Fakir-Miskin kolo wahu. Poro hadirin ingkang kulo hormati ! menawi kito mboeten purun nglampahi ibadah puoso, berarti kito meniko gesang nuruti kemauan howo nafsu lan kemauan weteng utawi dados Abdul butun alias hamba perut, selalu dikuasi Howo Nafsu. Setiap hari selalu dalam pemborosan, mangan ngumbe sak katahipun, selalu berlebih-lebihan, melampauai batas tanpa mengukur kekuatanipun. Ingkang artosipun : Mangano siro kabeh lan ngumbiho. Lan ojo ngliwati bates. Saktemen Alloh ikut ora demen marang wong kang ngliwati bates Poro Bapak, poro Ibu, hadirin sekalian ! Sak meniko sampun dugi wulan syawal, wulan ingkang penuh dipun rameaken lan dipun meriahaken dening sedoyo umat Islam. Kranten ing wulan menikolah saat meledakipun kegembiraan ingkang penuh harapan menuju kearah hidup baru gesang ingkang langkung sahe, katimbang wulan ingkang berlalu. Pramilo monggo kesempatan wulan syawal meniko kito ginaaken kangge bersilaturrohim, mempererat tali persaudaraan antara keluarga, famili, konco-konco lan sanak, shoho sederek seagomo lan seperjuangan. Mungkin wonten ing saat-saat ingkang berlalu terjadi kesalahan-kesalana utawi sering melakukan hal-hal ingkang mboten nyekecoaken manah. Sering timbul rasa iri, dengki, buruk sangka, mangkel-mangkelan lan sanesipun. Pramilo saat meniko kito bucal, kito lenyapaken mawi berjabatan tangan, kito isi kanti halal bihalal, saling maaf memaafkan lahir lan batin. Monggo kito ndugeni, kito panggihi sanak keluarga, sahabat karib, tiyang sepuh kito, guru-guru kito, kanti bersilaturahim, supados gesang kito meniko angsal berkah sangking Alloh SWT. Kanjeng Nabi sampun dawuh : Artosipun : Sing sopo wonge pengin diluasne rizkine, lan didawakne (di berkahi) umure, mongko becik silaturrohmi (nyambung sanak sedulure) Poro rawuh ingkang kulo hormat ! Kintenipun cekap semanten atur kulo, sedoyo kelepatan nyuwun pangapunten.

PIDATO PERINGATAN MAULID NABI


Hadratul Mukarromin, Poro Ulamaul amilin. Poro Bapak, poro Ibu, hadirin sekalian ingkang kulo hormati. Lewat suasana ingkang indah, cerah, terang benderang ing saat meniko, monggo kulo lan panjenengan sedoyo jaler-estri, enom-tuwo sami muji syukur dateng Alloh Kang Maha Kuoso, ingkang nitahaken poro menungso, soho ingkang paring patrapan lan sikso, dumateng tiyang ingkang nglampahi duso, ingkang boten purun tobat, getun lan nelongso, soho boten purun sholat lan poso, mugi-mugi kulo panjenengan pinaringan iman ingkang kuat rusho, sehinggo saget nglampahi perintahipun zat kang murbo waseso, Akhiripun pinaringan gesang aman, damai lan sentoso, Amin yaa Robbal Aaalamin. Ingkang kaping kaleh, mugiyo Rohmat Alloh lan salam, selali dipun limpahaken dateng kanjeng pejuang Islam, Nabi pemimpin arab lan Ajam, ingkang beto umat manusia saking masa ingkang murko, bengis lan kejam, menuju masa damai, aman lan tentram, yakni masa jahiliyah menuju masa Islamiyah. Poro Bapak, Ibu, Hadirin sedoyo ! Ingkang kaping tigonipun kulo matur nuwun dumateng sederek pemimpin acara, ingkang sampung paring wekdal dateng kulo. Mugi-mugi, wekdal meniko saget kulo gunakaken sak sahe-sahenipun. AMin Poro Bapak, poro Ibu ingkang kulo hormati ! Berbicara tentang peringatan Maulid Nabi, meniko sampun boten terpandang asing wonten kalangan umat Islam. Sebab pancen sampun dados keharusan, utawi dados hal ingkang perlu, tumrap umat ingkang dipun pimpin meniko mengenang utawi melestarikan sejarah seorang pemimpinipun. Lha panjenenganipun Rasulullah SAW, meniko setunggalipun pemimpin ingkang sukses perjuanganipun sampun sukses membangun umat manusia saking zaman jahiliyah menuju zaman islamiyah. Hal meniko terbukti wonten kitab-kitab Tareh, wonten kitab Al-Barzanji, wonten sejarahsejarah Islam, bilih zaman sak derengipun kanjeng Nabi lahir keadaan alam gelap gulita. Menungso dereng mengenal sinten Tuhan ingkang wajib dipun sembah. Taksih katah tiyang ingkang menyembah berhala, menyembah hewan, kayu, watu lan sajenisipun. Saben dinten sami permusuhan, tukar padu, nopo malih, nasih qoum wanita katah ingkang lahir dipun pejahi urip-uripan. Menungso boten mengenal perkemanusiaan. Boten mengenal hukum agama, selajeng kanti sifat Rohman Rohimipun Alloh SWT, wonten ing tengah-tengah kegelapan, meniko dipun terbitaken cahaya ingkang terang benderang, inggih meniko tepat wonten dinten Isnen tanggal 12 Robiul Awwal tahun Fil, utawi tahun Gajah Alloh nglahiraken seorang Rosul supados paring tuntunan, lan membawa Rohmat bagi umat seluruh alam. Terbukti wonten Al-Quran surat Al-Anbiya : 107 Ingkang artosipun : Lan ingsun ora ngutus siro Muhamamd kejobo menehi Rohmat tumrap umat semesta alam Poro Rawuh sedoyo ingkang kulo hormati ! Pramilo wonten ing kesempatan meniko, kanti kedatangan wulan maulid meniko, monggo kito nglahiraken roso bungah, kito tingkataken anggen kito syukur dateng Alloh SWT. Lan minongko kangge mbuktekaken anggen kito syukur dateng Alloh SWT. Lan minongko kangge mbuktekaken rasa cinta kito dumateng Rosululloh SAW, kito kedah selalu ngatah-ngatahaken amal kesahenan, berkorban harta benda kangge kepentingan agama Islam. Lan ugi kito kedah sering maos Sholawat Nabi, menyebut asmane kanjeng Nabi, soho kito kedah selalu menjaga lan melestarikan sareat utawi ajaranipun, kranten kito sebagai umat ingkang dados ajaranipun. Keranten kito sebagai umat ingkang mengharap syafatipun benjing ing dinten qiamat, meniko syaratipun kedah cinta kanjeng Nabi. Kados dawuhipun kanjeng Nabi : Sing sopo wonge gelem nemen-nemeni dino kelahiranku mangko tetep oleh syafaatku Poro Rawuh ingkang kulo hormati ! La kito sebagai umatipun kanjeng Nabi menawi kito sampun menyatakan cinta dateng Kanjeng Nabi, meniko kito ugi kedah remen berkorban kangge memperingati dinten maulid ipun Kanjeng Nabi kados ing saat meniko. Lan maleh, kito kedah sering mahos sholawat, sebagai bukti remen kito dateng kanjeng Nabi. Soho kito kedah purun nindakaken nopo ingkang dados ajaranipun, lan nebihi nopo ingkang dados laranganipun. Kanti mekaten kolowahu, mugi-mugi ingkang hadir ing majelis puniko sageto tergolong dateng umatipun kanjeng Nabi, ingkang saget nampi syafaatipun, benjang ing dinten qiamat. Poro rawuh, kintenipun cekap semanten atur kulo, kirang langkungipun kulo nyuwun agungipun pangapunten.

PIDATO PENERIMAAN KEMANTEN


Poro Bapak, poro Ibu Shoho sedoyo tamu undangan walimatul Ursy ingkang kawulo mulyaaken. Mboten kesupen dumateng sedoyo poro pengantar kemanten ingkang kawulo hormati. Shoho poro hadirin lan hadirot ingkang kulo hormati. Wonten ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak Shohibul Hajat utawi ingkang kagungan dalem, langkung rumiyin kulo nglahiraken puji lan syukur dateng Alloh SWT, ingkang sampun paring pintenpinten Rohmat Taufik shoho Hidayah dumateng kito sedoyo. Sehinggo kito saget keroyo-royo, guyub lan rukun, sami rawuh wonten ing dalemipun Bapak Hamid puniko, kanthi kawontenan ingkang sehat wal afiat. Shoho Rohmat lan Salam bahagia Alloh mugio tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi besar Muhammad SAW. Ugi dumateng poro ahli keluarga lan poro sohabatipun, mugi-mugi atas kerawuhan kito sedoyo ing saat meniko andadosaken sababiyahipun kito mbenjang pikantuk syafaatipun kanjeng Nabi. Poro Rawuh Ingkang Kulo Hormati Wonteng ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak Hamid ingkang kagungan dalem sepindah kawulo ngaturaken sugeng Rawuh, dumateng poro tamu-tamu sedoyo, sami ugi sangking undangan walimatul Ursy, utawi poro pengantar kemanten. Dene punopo panjenengan sedoyo kerso ngrawuhi undanganipun Bapak Hamid sekeluarga boten kesupen Bapak Hamid sekeluarga ngaturaken. Ingkang kaping kalih Bapak Hamid sekeluargo nyuwun agunging pangapunten dateng hadirin sedoyo mengenai kekirangan sangking segi nopo kemawon. Sami ugi sangking segi panggenan, papan pinaraan, pasugatan, shoho poro sinoman ingkang sami leladen, lan monggo hidangan ingkang sampun kasediaaken meniko kito nimati utawi kito dahar kanthi dipun kawiti mawi upacara Bismillahirrahmanirrahim. Monggo dipun dahar sawontenipun. Poro rawuh ingkang kawulo hormati ! Salajengipun kolo wahu Bapak wali utawi tiang sepuhipun penganten putri sampun masrahaken putroputrinipun, dumateng keluarga mriki, khusus ipun dumateng Bapak Hamid selaku tiang sepahipun penganten putri inggih puniko ingkang asmo sederek Hindun. Pramilo ing mriki kanti raos maremipun penggalih shoho bingahipun manah, shoho kanti ucapan Alhamdulillah, penyerahanipun kolo wahu kulo trami kalean asto kaleh. lan langsung mulai saat meniko kemanten kaleh kolowahu kulo akehi dados putro kulo kiambak lan dados keluarga kulo. Shoho kulo nyuwun tambahi doa restu. Mugi-mugi kulo selaku tiyang sepuh mriki, sageto mendidik shoho ngopeni dateng putro kaleh kolowahu, sehinggo saget membentuk rumah tangga ingkang bahagia, sejahtera, maslahah lan barokah dibawah naungan ridho Alloh SWT. Amien. Poro rawuh ingkang kulo hormati ! Ingkang terakhir mbok bilih acara meniko mangke sampun paripurno, menawi panjenengan wonten ingkang kerso jagong, kawulo inggih nyumbanggaaken, ugi malah matur nuwun. Dene menawi terus kundur kawulo mboten saget nyangoni menopo-menopo, namung saget ndongaaken, mugi-mugi kundur panjenengan saking griyo mriki, ngantos dumugi dalemipun piyambak-piyambak, kalian Alloh dipun paringi wilujeng, mboten wonten alangan punopo Amien. Akhiripun kangge kulo, kulo cekapi semanten kemawon, kirang langkungipun anggen kulo matur, sedoyo kelepatan kulo, kulo nyuwun agunging pangapunten.

PERANAN WANITA DALAM PEMBANGUNAN


Poro Bapak poro Ibu muslimat ingkang kulo multa-aken, soho mbak-mbak fatayat ingkang kulo hormati. Ugi poro adik-adik, poro generasi penerus perjuangan Islam ingkang kulo sayangi ! Sepindah monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiyo nglahiraken, rasa puji syukur dateng ngersanipun Allah SWT kanti ucapan Alhamdulillah. Keranten Alloh sampun paring Rohmat soho Nimat dumateng kito sedoyo, sehinggo kito saget berkumpul utawi bersilaturrahim wonteng ing majlis puniko, kanti wilujeng, mboten wonten satunggal Alangan punopo. Ingkang kaping kalih, mugi salam bahagia Alloh lan Rohmat, tansah tetep dipun limpahaken dumateng kanjeng Nabi Muhammad, salah satunggalipun Nabi pimpinan umat, Nabi ingkang bade paring syafaat, binjang wonten ing dinten qiamat. Mugi-mugi pertemuan kito ing saat meniko saget andadosaken sababiyahipun kito angsal s yafaat saking kanjeng Nabi ing dinten qiamat. Poro Rawung ingkang kulo hormati ! Getuk menopo gedang goreng ? Sampun ngantuk menopo dereng ? Monggo ing saat meniko kito niyat wonten ing manah, niat bade ngaji, niat pados ilmu, niat ngibadah dateng ngersanipun Alloh SWT. Kranten pancen dados tiyang Islam lho Bu?! Ngaji utawi pados ilmu meniko wajib tumrap sedoyo. dawuhipun kanjeng Nabi. Ingkang artosipun : Pados ilmu meniko Fardhu tumrap saben-saben tiyang Islam jaler utawi istri (priyo lan wanito). Kanti wontenipun Hadist meniko kito sampun jelas bilih ingkang, wajib pados ilmu meniko boten namung tiang jaler thok, boten piyantun priyo mawon, tapi tiang istri inggih dipoun wajibaken pados ilmu. Kranten kangge nyekapi kebutuhan gesang meniko, menungso boten cukup berbekal harta benda, tapi ingkang langkung penting meniko berbekal ilmu pengetahuan. Nopo maleh wonten ing abad modern meniko poro kaum wanito boten purun ketinggalan. Kaum wanito boten cukup mendel teng nggriyo utawi cukup teng dapur mawon boten usah boten dados soal Asal sampun saget dandan utawi macak Asal sampun saget njangan utawi masak Asal sampun saget babaran utawi manak Tapi kejawi saking meniko kaum wanito, kedang tumut belajar lan berjuang kangge membela Agama, Bangsa lan Negara. Kranten kanjeng Nabi dawuh : . Ing artosipun : Wanito meniko dados cagakipun negoro. Menawi wanitonipun sahe Negari ugi sahe. Lan menawi wanitonipun rusak, Negari ugi rusak Poro Ibu-ibu lan mbak fatayat ingkang kulo hormati ! Pramilo saking meniko, monggo Ibu-ibu lan mbak fatayat, sebagai kaum wanito, isoho dadi wanito sing cocok karo sebutane wanito, utawi jeneng wanito. Siang ateges wanihoto, wani noto, wani ditoto, nopo malih menawi kito enget perjuanganipun kanjeng Nabi Muhamamd SAW. kados pundi sepak terjangipun Siti Khodijah ? piyambakipun selalu ngorbanaken harta bendanipun kangge mbelo lan menolong perjuangan Rasululloh SAW. Kejawi meniko piyambakipun ugi mencurahkan tenaga lan fikiranipun mbantu perjuangan Rosululloh lan, kados pundi sikap Siti Aisah binti Abu Bakar. Piyambakipun ugi boten ketinggalan selalu mendampingi lan mengikuti Rasulullah SAW, di dalam menegakkan Agama Islam sehinggo piambakipun dipun paringi gelar utawi sebutan Umil Muminin. Anggenipun menghadapi hal nopo kemawon, piyambakipun ber Itiqod teguh lan jujur, sehingga ngantos Rosululloh wafat, Siti Aisah tetep berjuang membela lan nerusaken perjuanganipun kanjeng Nabi. Pramilo saking meniko, manggo kito sebagai muda-mudi Islam, penerus perjuangan Rosululloh, kito giataken lan kito tingkataken. Segala bidang kito tanam, benih-benih iman lan taqwa wonten ing manah kito sedoyo supados tetep kuat lan teguh menghadapi liku-liku kehidupan, ingkang beraneka ragam, macam lan warna. Sehinggo saget tercapailah cita-cita kito, cita-cita Agama, Bangsa lan Negara. Amien. Kintinipun cekap semanten atur kulo. Sedoyo kelepatan kulo, awal ngantos akhir, kulo nyuwun agungipun pangapunten.

PIDATO HARI ULANG TAHUN KEMERDEKAAN RI


Poro Bapak, Poro Ibu sederek-sederek, sebangsa lan setanah air, ingkang kulo hormati ! Langkung rumien monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho nglahiraken raos puji syukur dateng ngarsanipun Alloh SWT, ingkang sampun paring Rohmat, Taufik soho Hidayah dateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggo wonten ing majelis puniko, dalam rangka memeriahkan Peringatan dinten ulang tahun Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia ingkang kaping 49 mugi-mugi kerawuhan kulo lan panjenengan meniko dipun catat dening Alloh SWT. Minongko dados amal soleh kulo lan panjenengan Amin. Ingkang kaping kalih mugio tambahipun Rohmat lan salam bahagia Alloh tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho poro ahli keluarga lan sahabatipun. Kaping tigonipun kulo matur nuwun dateng sederek pembagi acara ingkang sampun paring wekdal dateng kito kangge mengisi wontenipun acara meniko mugi-mugi wekdal meniko saget kulo ginaaken ingkang sak sahe-sahenipun. Poro rawuh ingkang kulo hormati ! Alloh SWT sampun paring nikmat dateng poro kawulonipun meniko sampun katah sanget, sehinggo ngantos mboten saget kito itung. awuhipun Alloh wonten Al-Quran Ingkang artosipun : Lan lamun siro ngitung marang nikmate Alloh, mongko siro ora biso ngitung Poro Rawuh ! ene termasuk salah setunggalipun nikmatipun Alloh ingkang ageng dipun parengaken kito bongso Indonesia, Inggih meniko nikmat kemerdekaan ingkang dipun proklamiraken tanggal 17 Agustus 1945, ngantos dinten meniko kito peringati. Poro Rawuh ingkang kulo hormati ! Menawi kito ngemut-ngemut sejarah Bangsa Indonesia sakderengipun merdeka, meniko pinten-pinten tahun dipun jajah dening bangsa Asing. Inggih meniko dipun jajah dening Belanda lan Jepang ngantos pinten-pinten tahun Rakyat Indonesia hidup dibawah cengkraman kaum penjajah. Rakyat Indonesia mboten anggadahi kebebasan, bahkan selalu di tindas lan dipun aniayaya dening bangsa asing. Sehinggo berkat sifat Rohman Rohim Alloh SWT, lan ugi kanti semangat perjuanganipun Poro Pahlawan lan poro Pejuang Bangsa Indonesia ingkang giat lan gigih, berani, pantang mundur, para Pejuang kito saget ngalahaken poro kaum penjajah sehinggo tepat tanggal 17 Agustus 1945, Bangsa Indonesia memproklamasikan dinten Kemerdekaan Republik Indonesia. Poro Rawuh Ingkang kulo hormati ! Pramilo kito kedah bersyukur dateng Alloh SWT ingkang sampun pareng nikmat Rupi kemerdekaan meniko. Supados Negri kito Indonesia tansah dipun paringi berkah dening Alloh. Dipun paringi aman, damai, gemah ripah loh jinawi, toto tentrem kerto raharjo, adil makmur penuh ampunan, lan Ridho Alloh. Kranten Alloh sampun berjanji wonten Al-Quran surat Ibrahim ayat Ingkang Artosipun : emi yekti lamun podo gelem syukur siro kabeh marang nikmat-Ku, mangko Ingsun nambahi nikmat maring siro kabeh. Lan yekti lamu siro kufur maring nikmat-Ku, mangko saktemene sikso-Ku iku banget . Poro rawuh ingkang kulo hormati ! Kejawi sangking meniko, kito ugi kedah matur nuwun dumateng poro pahlawan lan poro pejuang ingkang sampun jerih payah, rela ngorbananek jiwa rogo, harta benda kangge merebut Kemerdekaan Meniko, pramilo wonten ing kesempatan sahe niki monggo sejenak kito panjataken doa mugi sedoyo para pahlawan lan poro pejuang ingkang sampun sukses merebut kemrdekaan Negeri Republik Indonesia, meniko selalu dipun bales dening Alloh, dipun trami jasa-jasanipun, lan dipun dadosna amal sholehipun, ingkang berjuang wonten akhirat dipun paringi berkat soho kejembaran wonten ngersanipun Alloh SWT. Amin-amin yaa Rabbal alamin. Poro Rawuh ingkang kulo hormat ! Sak meniko kito termasuk generasi penerus pewaris kemerdekaan Pramilo kito berkewajiban nerusaken perjuangan poro pejuang ingkang rumiyin. Shoho memelihara lan melestarikan kesejahteraan Negeri Indonesia meniko. Sampun ngantos nikmat kemerdekaan ingkang meniko kito sia-siakan kanti ngawontenaken pesta pora, lan hura-hura ingkang boten berarti, tanpa ngawontenaken amalan-amalan ingkang beto kemanfaatan lan kemaslahayan Negara. Sebab kemerdekaan meniko boten semata-mata hadiah saking bangsa asing ingkang diberikan kanti cuma-Cuma, meniko boten. Tapi berkah jasa-jasa poro pejuang ingkang sampun rumiyin. Pramilo sepindah maleh kito ugi kedah mengisi kemerdekaan kanti menanamkan jasa kangge tiang-tiang ingkang bade dateng, utawi kangge generasi kita mangke. Hal meniko cocok kalian dawuhipun Ulama rumiyin.. Ingkang Artosipun : Yekti wongkang dingin wes podo nandur jasa lan kito sing ngrasaake marang jasa lan satemene kito ugo kudu anandur jasa supoyo wong-wong kangsakwusi kito biso mangan jasa kito. Poro Rawuh ingkang kulo hormati ! Ingkang terakhir monggo, putro-putri kito sedoyo, kito didik ingkang sahe lan kito arahaken dumateng perkaws ingkang sahe, supados mangke saget dados generasi-generasi penerus ingkang bertanggung jawab dateng kemajuan agama. Bangsa lan Negoro AMin yaa Rabbal alamin. Kintenipun cekap semanten atur saking kulo. Mugi-mugi saget bermanfaat dumateng pribadi kawulo khususipun, lan umumipun dateng panjenengan sedoyo. Masang pulut ning duwur cemoro Menawi luput kulo nyuwun ngapuro

PIDATO NASEHAT PERNIKAHAN


Poro Bapak Kiyai, poro pini sepuh, poro tamu undangan ingkang kulo hormati, poro hadirin, lan hadirot ingkang kulo hormati. Sepindah kawulo muji syukur dateng ngarsanipun Alloh SWT ingkang sampung paring rohmat, taufik shoho hidayah dateng kito sedoyo, sahinggo kito saget pepanggihan wonten ing puniko majlis, dalam rangka menyambut hari kebahagiaan, utawi hari resepsi pernikahan ingkang sanget keramat meniko Mugi-mugi kerawuhan kito sedoyo meniko kalian Alloh dipun catet dados amal sholeh kito sedoyo. Amien. Poro rawuh ingkang kulo hormati ! Ingkang kaping kalih mugiho rohmat tadzim dan salam bahagia Alloh tansah dipun limpahaken dumateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho poro ahli keluarga lan sohabatipun. Poro rawuh ingkang kulo hormati ! Berbicara tentang nikah meniko sampun mboten terpandang asing di kalangan umat Islam. Kranten menurut ajaran agama Islam, melaksanakaken nikah meniko dipun catat sebagai amal ibadah. Sebab nikah meniko derek sunnahipun kanjeng Nabi, soho ngamalaken dawuhipun kanjeng Nabi : Ingkang artosipun : Podo nikaho siro kabeh lan podo duweho keturunan siro kabeh, krono besuk ingsun ing dino qiamat akeh-akehan umat lantaran siro kabeh Shoho Islam didalam nikah meniko dados syarat syahipun nikah. Menurut Islam, nikah boten dados syah kejawi mboten Islam. Dados kanti meniko saget kito simpulaken, bilih Islam lan nikah, meniko merupakan hal ingkang selalu berhubungan, mboten kenging dipun pisahaken. Sebab nikah di dalam Islam meniko dados amal ibadah. Dene Islam didalam nikah meniko, dados syarat syahipun nikah. Poro rawuh ingkang kulo hormat ! Salajengipun menurut sebagian Ulama, wonten ingkang jelasaken bilih tembung nikah meniko asalipun tembung arab ingkang terdiri saking tigang huruf. Inggih meniko : Huruf Nun, Huruf Kaf lan Huruf Ha (Nikah )ing tigang huruf kolowahu anggadahi singkatan utawi anggadahi arti piyambak-piyambak. Nomer setunggal huruf Nun meniko singkatan sangking kata Nimat, tegesipun tiang dados manten utawi tiang nikah meniko ngraosaken nikmat lahir lan batin. Nomer kaleh huruf Kaf, meniko singkatan saking kata Karomah utawi keramat. Tegesipun dados manten meniko selalu dipun mulyaaken selalu keramat, sehinggo panggonan lenggahipun meniko dipun utamaaken wonten ngajeng piyambak kados dene palenggahanipun raja lan permaisuri. Nomer tigo Huruf Haa meniko singkatan saking kata Hikayah. Ingkang artosipun cerito tegesipun tiyang menawi sampun nikah, meniko maleh saget cerito-cerito kaleh garwanipun, benten kaleh tiang taksih bujangan, menawi wonten kamar tilem piambek kleasak-klesik, glimpang-glimpung, kaleh bantal guling, tapi menawi sampun nikah, yen teng kamar saget cerito-cerito kaleh garwane Poro rawuh ingkang kulo hormati !! Kajawi saking meniko taksih wonten malih kewajiban-kewajiban ingkang kedah dipun laksanaaken. Antara suami lan istri. Dene kewajibanupun tiang jaler sebagai suami, meniko kedan mulang dumateng istrinipun ingkang sahe. Shoho perintah ngamalaken dawuh-dawuhipun Alloh kados dene : puoso, sholat, sesuci, adus jinabat, lan sanesipun. Kranten tiang jaler meniko ingkang bertanggung jawab dumateng tiang istri lan putro-putrinipun. Dene kewajiban tiang estri dateng tiang jaler, ing antawisipun inggih meniko, menawi dipun sawang ingkang jaler, kedah tansah bingahaken. Lan menawi dipun perintah kedah selalu toat, utawi manut, selagi perintahipun kolo wahu mboten perkawis maksiat. Shoho menawi dipun tinggal kesah ingkang jaler, tiang estri kedah selalu anjagi dirinipun (utawi badanipun) lan njagi bandanipun, kados dawuhipun kanjeng Nabi, ingkang dipun riwayataken dening shohabat Abi Hurairah, ingkang dawuhipun mekaten : Ingkang artosipun : Sak apik-apike wong wadon sing naliko siro sawang, deweke tansah bungahake marang siro, lan naliko siro perintah tansah manut lan naliko siro tinggal lungo, tansah jaga awake lan bondo siro Poro Bapak poro Ibu kintenipun namung mekaten atur kawulo, lintu wekdal Insyaa Allah saget dipun sambung malih. Akhiripun sedoyo kelepatan kulo awal ngantos akhir kulo nyuwun pangapunten.

PIDATO PEMBERANGKATAN JENAZAH


Poro Rawuh, Hadirin-hadirot ingkang kulo hormati ! Ing mriki kulo atas nami wakilipun Bapak H. Umar sekeluargi, ingkang ing dinten meniko nampih musibah sangking ngarsanipun Alloh, inggih puniko sedanipun . (SI Fulan). Sepindah kulo muji syukru Alhamdulillah, shoho ngaturaken matur nuwun atas kerawuhan panjenengan sedoyo, ingkang sami keroyo-royo kerso taziah utawi bela sungkowo, lan hormat atas jenazahipun si Fulan meniko. Ing mriki kulo nyuwun agunging pangapunten dateng panjenengan sedoyo, amergi kulo mboten saget nyaosi papan pinaraan ingkang sekeco, shoho hidangan ingkang ngremenaken manah panjenengan sedoyo. Kejawi saking meniko kulo boten saget bales menopo-nopo atas bantuan panjenengan sedoyo ingkang arupi tenaga lan fikiran shoho sanesipun. Lan ing mriki, kulo, namung saget ndongaaken mugi-mugi sedoyo amal sholeh panjenengan kolowahu dipun trami dening Alloh SWT. Lan dipun bales ingkang sak katah-katahipun. Poro Rawuh ingkang kulo hormati ! Sampun sakmesthinipun sangking keluarga Bapak H. Umar lan poro kerabat, shoho kulo panjenengan sedoyo meniko sami susah lan getun, atas sedanipun si Fulan meniko. Ananging kados pundhi maleh pancen sampun dados taqdiripun Alloh ingkang boten saget kito gadali lan boten saget dipun unduraken malih. Inggih boten sanes monggo kito ikhlasaken mawon, lan dipun paringi jembar kuburipun, shoho dipun ngapunetn dosa-dosanipun lan dipun tampio amal-amalipun ingkang sahe sehingga sagedo angsal rahmat sangking ngarsanipun Allah SWT. Lan mugi-mugi kito sedoyo ingkang dipun tilar sagedo nerusaken perjuanganipun lan nyampurnakaken amal kesahenanipun soho usahanipun ingkang kapundut. Amin. Poro Rawuh ingkang kulo hormati ! Saderengipun jenazah dipun berangkataken, ten mriki kulo aturaken dateng panjenengan sedoyo bilih sak sumerep kulo si Fulan meniki termasuk golongan tiang ingkang sahe. Baik segi ibadah dateng Alloh, ugi sesrawungan dateng tanggo, utawi dateng tiyang sanes. Tapi ing mriki perlu kulo saksekaken dateng panjenengan sedoyo, bilih jenazahipun si Fulan puniko sahe nopo sahe ? 3x. Alhamdulillah. Poro Rawuh nggih si Fulan meniko anggadahi haqqul Adam, utawi utang piutang, soho sanesipun dateng panjenengan sedoyo, kulo suwun supados panjenengan sedoyo, kulo suwun supados panjenengan ihlasaken. Dene menawi amrat menawi dipun ikhlasaken, kulo suwun supados langsung mawon hubungan kalih pihak keluarga utawi ahli warisipun. Lain malih sebagai meningso tentu kemawon sekedi utawi katah, si Fulan meniko gadah kalepatan dateng tiang sanes. Pramilo saking meniko, ing mriki kulo aturaken sedoyo kalepatan si Fulan meniko, saking segi nopokemawon, panjenengan kersoho paring pangapunten. Kintinipun cekap semanten atur kulo, sedoyo kelepatan kulo nyuwun pangapunten. Monggo jenazah sareng-sareng kito berangkataken, kanti mahos Sholawat (kalimat Toyibah).

PIDATO MENYAMBUT BULAN ROMADHON


Poro hadirin hadirot ingkang kulo hurmati ! Monggo wonten ing kesempatan meniko kulo lan panjenengan sedoyo sami muji syukur dumateng ngarsonipun Alloh SWT. Kranten Alloh sampun paring Rohmat, Nimat dateng kito sedoyo ingkang arupi tetepipun Iman lan Islam. Ingkang kaping kalihipun mugiho Rahmat lan Salam Bahagia Alloh selalu dipun limpahaken kanjeng Nabi Muhammad SAW, poro ahli keluarga lan poro sohabatipun. Poro Rawuh ! monggo kulo lan panjenengan sedoyo meniko samiyo ningkataken anggenipun taqwa dumateng Alloh SWT. Tegesipun kito nindakkaken perintahipun, shoho nebihi dateng laranganipun, dene termasuk perintahipun Alloh inggih meniko : Alloh sampun majibaken dateng kito sedoyo inggih meniko nglampahi poso wonteng ing wulan Romadhon, Alloh sampun dawuh wonteng Al-Quran : Ingkang artosipun : Hei wong-wong kang podo iman, den wajibake marang siro kabeh nglakoni poso. Koyo dene den wajibake maring wong-wong sakdurunge siro kabeh. Supoyo siro podo taqwa (Al-Baqarah : 183). Pramilo saking meniko, monggo kedatangan wulan Romadhon meniko kito sambut kanti gembira. Kito penuhi mawi kegiatan-kegiatan, tadarrus Al-Quran, Shodaqoh dateng fakir miskin, lan sanessanesipun. Dene ingkang pokok inggih meniko, wonten ing wulan Ramadhan meniko kito tindakaken poso kanti khusus khitmah, shoho nebihi larangan-larangan ingkang nimbulaken batalipun poso. Kados dene guneman ingkang awon, ngrasani tiyang sanes, lan lintu-lintunipun. Kranten menurut sebagian Ulama, tembung poso meniko bahasa arabipun saking kata ingkang hurufipun wonten tigo. Inggih meniko huruf Shod, huruf Wawu lan huruf Mim. Tigang huruf meniko anggadahei makna/arti piyambakpiyambak. ene ingkang No. (huruf shod) meniko sangking kata Shumtum ( ) ingkang artosipun meneng. Berarti tiyang poso, meniko kedah meneng lisanipun saking guneman ingkang awon, utawi meneng saking ngrasani lan sanesipun. No. II (huruf Wawu) meniko saking kata Waroun ( ) utawi Wiroi. Ingkang maksudipun bilih tiang poso meniko kedah wirai utawi nebihi sangking perkawis ingkang haram, utawi perkawis -perkawis ingkang dipun cela/dipun wodho minggahipun syara. No. III (huruf Mim) meniko saking kata Malakun ( ) ingkang artosipun ngeker, utawi mencegah, tegesipun bilih tiang poso meniko kedah saget ngeker lan nyegah perkawis-perkawis ingkang ndadosaken batalipun poso. Poro hadirin hadirot ingkang kulo hormati ! Sak derengipun kulo akhiri anggen kulo matur, manggo sepindah malih, datengipun wulan Romadhon meniko kito isi kanti amalan-amalan ingkang sahe. Supados mangke medal saking wulan Romadhon kito angsal nilai-nilai ibadah ingkang sahe. Sehinggo saget dipun sepunten duso-duso kito. kranten kanjeng ingkang sahe, sehinggo saget dipun sepunten duso-duso kito. kranten kanjeng Nabi dawuh : Ingkang artosipun : Sopo wonge jumenengi wulan Romadhon kanti Iman lan nuprih krono Alloh. Mongko den ngapuro duso-dusone kang wis kliwat Poro rawuh.kintenipun cekap semanten atur kulo sedoyo kelepatan, kulo nyuwun pangapunten lahir lan batin.

You might also like