You are on page 1of 3

PEPADANG BAKAL TUMEKA

angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan mecaki lurung lurung kang da a satengahing ara!ara samun bumi kang kapidak kebak sinengker angga a ganda bacin manuk manuk dhandhang kekitrang a"ah s#re peteng kang gemuleng ing angganing manungsa us sinerat ana ing kitab duk ing uni pepadang bakal tumeka angga a kabar bebungah kangg# kita sami jalma manungsa kang bakal amadhangi lurung!lurung$ dalan!dalan lan ara!ara samun amadhangi sakendhenging jagat ra"a mara gage kita sami tumenga ing angkasa manga"ubag"a ra uhipun sang pepadhang kanthi mesu raga nutup babahan na a sanga mangestu nampi pepadhang %%%%% jakarta wanci adven minggu kaping kalih warsa 2009

maymintaraga :

&A'A( E)UK PEDUT ANGENDANU


jakarta * april +,,r#ng puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene sakla ase #ra nate ketemu saliramu lan saliraku us beda #ra ka"a bi"en nalika isih tak kanthi gandaning engi mau isih sumrebak ngebaki pedut a"ah esuk us aja mb#k tangisi lak#n kang us kapungkur us pirang a"ah ketiga tak lak#ni nganti rambut arna ireng lan putih ing dalan iki r#ng puluh tahun kepungkur ana cerita rinajut endah dik$ kala kala sliramu isih dadi impenku pirsanana ana ndu ur kae ana teja manther ing sela!selaning geg#d#ngan lan lintang panjer engi sing isih kari sakmenir gedhene saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen simpenen kangenmu ana impen ...

maymintaraga

&U) &UNGU )ANG PANGENTA)


kang seda kasinalib nalika telung dina kapungkur dina iki us ungu kanthi kamul"an salirane sumunar pindha baskara getih lan saliranipun kangg# tumbal kaselametane manungsa nebus d#sa lan kaluputan kita sami

a"# pada manga"ubag"a lan paring pamuji kebak k#njuk rasa sukur marang Gusti Duh Gusti 'esus us kang paring sih katresnan jati tatuMu kang arang kranjang us ngusadani sakabehing lelaraku lan nebus d#sa!d#saku% kamul"an lan karaha"#n sumebar saindenging jagat ra"a )ang Pangentas us ungu lan tansah alu"a ing jati sala ase n"elametake sakabehing manungsa% ... )ugeng Paskah +,,jakarta 12 april 2009, minggu kliwon.

PETENG/NG &ENG/
maymintaraga 19 april 2009 sumribit angin ngelus langit sore manuk sriti bali ing pucuking cemara nganti tekaning wengi sing nyenyet gawang-gawang katon pasuryanmu gawe tambah kekesing angin sore tumlawung rasa kang ngulandara wengi bakal tumeka maneh bareng karo wewayanganmu kang bakal ngebaki impen petenging wengi lumaku turut petenging lurung bakal gawang-gawang campur mega-mega apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi

!!!

N'A&ANG PU0UK/NG GUNUNG )UMB/NG


maymintaraga 19 april 2009 sawah lan pategalan bawera lumaku saktengahing kunang-kunang kumelip nggawa wisik saka pucuking gunung sumbing tak goleki ngendi panggonanmu bapa biyung kang wus tumeka ing kasedan jati anakmu isih nyawang pucuking gunung sumbing ana ing saktengahing sawah pategalan sing dadi pangeling o, bapa lan biyung... saiki panggonanmu ing pangayunaning pangeran isih bisa nyawang ana ing panggonan iki sawangen anakmu !!!

KEKUDANGANKU
maymintaraga 19 april 2009 o, ngger sang ponang jabang bayi bebarengan tangismu kang kejer sumusup ing wengi sira wus lahir kanthi slamet nyawang gumelaring jagat raya yen sira nangis tak emban lan tak tembangake dandang gula lingsir wengi

kapurih sira bisa turu kanthi tentrem yen sira mesem tak kudang tak liling o, ngger sang ponang jabang bayi tak gadang dadiya wong kang luhur bebudenmu ing tembe !!! kanggo: "abian moreno setiawan lan rubi dirgantara

UDAN &A'A( )12E


maymintaraga 02 mei 2009 udan riwis-riwis nggawa angin gumanti ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung tak kanthi lakumu tumeka ngendi mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis marakake gawe kekesing ati manuk kepodang wus mabur mangulon nanging tetep tak tunggu tekamu !!!

NAL/KA )EP/ %%%%


pasuryanmu sing bening tumiba ing banyu mili turut pletheking surya saya suwe tansaya adoh ninggalake sepi tan ana sabawa gumrisiking alang alang aku mung bisa nyawang pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali nganti datan katon kasaput pedut !!! maymintaraga, jakarta 2# mei2009

You might also like