You are on page 1of 2

Werkudara

Raden Werkudara utawa Bratasena utawa Bimasena .[1] Werkudara iku dumunung ing ksatriyan Jodhipati.[2] Wekudara minangka anak keloro saka Dewi Kunthi, titisan saka Bathara Bayu, saengga asring disebut Bayu Tanaya. [5] Awit putra nomer loro, mula Werkudara uga sinebut putra panenggaking Pandhawa.[5] Isih ana sebutan liyane kayata Bratasena, Bimasena, Haryasena, Bayusiwi, Jagal Abilawa, Kusumadilaga, lan Jayalaga.[5] Kacarita laire Bratasena awujud bungkus. Kabeh gegaman ora tumama.[5] Mung Gajah Sena kang bisa mbedah bungkuse.[5] Sawise dibedhah bayi mau diidak idak, ditaleni, digadhing ananging malah saya gedhe.[5] Gajah Sena ditamani kuku Pancanaka, mati sanalika.[5]Suksmane nyawiji karo Bratasena.[5] Miturut versi Ngayogjakarta, Raden Werkudara duwe garwa telu yaiku Dewi Nagagini, Dewi Arimbi lan Dewi Urang Ayu.[6] Ananging miturut versi Surakarta, Raden Werkudara mung duwe garwa loro yaiku Dewi Nagagini lan Dewi Arimbi.[6] Karo Dewi Nagagini peputra Raden Antareja kang duwe sungut.[6] Karo Dewi Arimbi peputra Raden Gathotkaca kang duwe siung.[6] Dene karo Dewi Urang Ayu peputra Raden Antasena kang awake duwe sisik kaya ula.[6] Raden Werkudara duwe pusaka aran Kuku pancanaka sing landhepe kaya lading pinyukur, Gada Rujakpala, Gada Lambita muka, Alugara arupa Tumbak cendhak, Bargawa arupa kampak gedhe, Bargawasastra arupa Panah lan Gendewa.[2] Dheweke uga duwe Aji ajine Bandung bandawasa, Ungkal bener, Blabag Pangatol antol, Bayu Bajra.[5] Kanthi kaluwihane mau, Raden Werkudara bisa mbongkar gunung lan malyu cepet kaya angin.[6] Werkudara iku omongane ladak, ora bisa basa marang sapa wae.[5] Omongane tansah nganggo basa ngoko.[5] mung Sanghyang Wenang lan Dewa Ruci sing dibasani.[5] Watak liyane yaiku setya tuhu marang guru, bekti marang wong tuwa, teguh ing janji, blaka suta, bela bebener, mbrasta angkara, dhemen tetulung, rasa tresna marang kadang lan adil.[5] Busanane Werkudara yaiku Gelung Pudhaksategal kang nggambarake keluhuran budi. [2] Pupuk jarot Asem kang nggambarake lembuting ati, sabar lan sareh.[2] Sumping Surengpati, nggambarake gedhe semangate.[2] Kelat Bahu Candrakirana, nggambarake pikirane kuat lan atine padhang.[2] Sabuk Nagabanda, nggambarake bisa ngendhaleni hawa nepsu.[2] Kampuh Poleng Bintuluaji, nggambarake wibawa lan kekuatan. Kang pungkasan Clana Cindhe Udagara,

nggambarake kendel lan bisa mawas diri, tepa slira.[2] Ing carita pewayangan Jawatimuran, Raden Werkudara utawa Bhima Sena duwe kalungguhan dadi Jeksa ing Lumajang Tengah.[1] Saking pinter lan prigele ulah perang sarta dhemen tetulung marang sapadha padha, Maharsi Wiyasa paring dhawuh marang Prabu Puntadewa, supaya Bhima Sena kadhawuhan ngayahi kuwajiban sarta mranata ing babagan Keadilan lan Kejujuran.[1] Sawetara para dhalang jawatimuran liyane ngandharake yen Lumajang Tengah iku mujudake papan ksatriyan Raden Bhima Sena.[1] Mula ana sing ngarani yen Bhima Sena iku satriya ing Lumajang Tengah, iya Jeksa Lumajang Tengah.[1] Werkudara tiwas angka papat amarga nalika uripe seneng mangan, rasa kasar lan ora bisa basa.[5] Banjur sumusul Sadewa, Nakula lan Arjuna.[5]

You might also like