You are on page 1of 2

Dakwah Nganggo Seni Tradhisi

Pranyata seni tradhisi kayata kethoprak lan dhagelan uga bisa dadi sarana kanggo dhakwah. Paling ora iki bisa dibuk-tekake ana ing kegiyatan Ramadhon Kebangsaan kang diadani ing Pendhapa Kridho Budhoyo. Ana ing acara buka bebarengan iki diisi hiburan pergelaran ketho-prak kanthi lakon Ki Ageng Pandanaran lan obrolan angkringan.Lakon ketoprak sengaja njupuk ngenani crita kang gegayutan karo sejarah Islam, yaiku ngenani Ki Ageng Pandanaran kang uga kondhang kanthi asma Sunan Tembayati. Kegiyatan iki saliyane kanggo nggayengake kegiyatan dhakwah ing wulan Ramadhon uga kanggo ngenalake kampung Pandeyan, Umbulharjo minangka kampung wisata budaya. Ing pagelaran kethoprak iki sing main racak-racake para pegiyat ketho-prak ing kampung iku. Ing kampung kono pancen nduweni paguyuban kesenian kanthi jeneng Kridho Bu-dhoyo. Kegiyatane arupa gladhen karawitan lan kethoprak. Ana ing ke-giyatan peringatan hari besar nasional utawa pengetan liyane, ketoprak saka kampung Pandeyan asring melu parti-sipasi kaya ta ana ing acara pitulasan, HUT Kota Yogyakarta, Festival Kesenian Yogyakarta, Pasar Malam, Perayaan Sekaten lan sapanunggalane. Ndilalahe ing kampung iki nduweni peralatan karawitan kang lengkap, sa-engga bisa kanggo kegiyatan nguri-uri kabudayan Jawa, panambahe Mu-hammad Dalrabi ngenani kegiyatan nguri-uri seni tradhisi ana ing Kampung Pandeyan. Miturut critane Pak Ketua Panitia, kegiyatan kesenian tradhisi kang urip ana ing kampung uga bisa dimanfaatake kanggo sarana srawung, forum silaturahmi ing antarane warga. Kampung Pandeyan, Umbulharjo, Yogyakarta iki sawijining kampung perkotaan ana ing kutha Yogyakarta iring kidul. Sifat minangka kutha kang individual uga wiwit katon. Amrih su-paya budaya guyub lan rukun isih tetep bisa dilestarekake salah sijining carane yaiku liwat kegiyatan seni tradhisi iki. Sing seneng tari bisa melu paguyuban tari, sing dhemen karawitan bisa melu kegiyatan karawitan lan sing nyandu kethoprak melu kegiyatan kethoprak. Supaya kawruhe kesenian tambah, pihak paguyuban uga asring ngundang para siswa saka Institut Seni Indonesia Yogyakarta lan siswa SMKI kanggo nga-dani kegiyatan ana ing kampung Pandeyan, tambahe Muhammad Dalrabi. Budi Gemak, saka Komunitas Kethoprak Remaja Genitama kang uga melu tembayatan kanggo nyuguhake kethoprak ing kampung Pandeyan mratelakake, misi kegiyatan iki uga kanggo ngraketake sesambungan ing antarane Islam karo kesenian mligine seni tradhisi. Saliyane iku, uga kanggo mbuktekake menawa kegiyatan dhakwah Islam uga bisa liwat kesenian. Agama Islam iku nggawa pesen paseduluran. Sesrawungan kang becik, ora congkrah. Kita pancen kepengin menehi bukti Islam iku grapyak lan semanak. Nduweni greget kanggo ngrakit paseduluran ing antarane sapadha-padha manungsa, kalebu uga marang wong kang beda agamane, panambahe.

Dikandhakake dening Budi, menawa sasuwene iki ana panemu kang kleru marang Islam. Menawa wong Islam iku keras. Ora nduweni tepa slira marang wong kang beda keyakinane. Miturut pamawase, pandangan iku kleru. Merga sing nduweni panemu iku mung ke-lompok minoritas.

You might also like