You are on page 1of 10

SOAL LATIHAN UAS BASA JAWA KELAS 9 SEMESTER GASAL Th 2012-2013

1 Vote


SOAL-SOAL LATIHAN BAHASA JAWA SMP KELAS 9
SEMSETER GASAL TAHUN AJARAN 2012-2013

1. 12u, 6a, 8i, 8a. Iku paugerane tembang macapat.
a. Pucung
b. Megatruh
c. Maskumambang
d. Gambuh

2. Perangane pidhato kudu nyakup kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba .
a. Pambuka
b. Dudutan
c. Isi
d. Donga

3. Ana kedadean kucing (tubruk) tikus ing latar mau isuk.
Tembung sakjroning kurung benere yaiku
a. Ditubruk
b. Daktubruk
c. Tinubruk
d. Nubruk

4. Pegaweyan kang gampang banget dilakoni, dening menungsa, disanepakake kayata suwe mijet
a. Wohing ranti
b. Isi madu
c. Ngrogoh rempela
d. Bapa kepradhah

5. Ing sakjeroning puisi jawa,Cacahe gatra saben sapada di arani
a. Guru lagu
b. Guru sastra
c. Guru gatra
d. Guru wilangan

6. Puisi Jawa gagrag anyar, kang ora kaiket karo anane guru gatra guru lagu lan guru wilangan diarani
a. Paribasan
b. Wangsalan
c. Parikan
d. Geguritan

7. Arep gawe apa, Mas Darman?pitakone Andi nalika ngerti mas Darman milihi kayu jati. Ukara
kasebut kalebu ukara
a. Langsung
b. Camboran
c. Ora langsung
d. Sananta

8. Arman matur bilih piyambake badhe neresaken sekolahipun ngantos dumugi SMA .
Ukara kasebut kalebu ukara
a. Langsung
b. Camboran
c. Ora langsung
d. Sananta

9. Ukara kang jejere nindakake pakaryan kayata Prapto ngumbah sepedha motore bapak di arani
ukara
a. Sananta
b. Tanduk
c. Tanggap
d. Sambawa

10. Sepeda motore Pak Lurah diservis karo Darman.
Ukara kasebut kalebu ukara
a. Sananta
b. Tanduk
c. Tanggap
d. Sambawa

11. Kucing sing pawakane lemu kuwi(tubruk) tikus neng latar.
Tembung jrone kurung benere
a. Ditubruk
b. Tinubruk
c. Daktubruk
d. Nubruk

12. Ing sakjeroning ukara,yen panggonane jejere di kenani pakaryan lesan diarani ukara
a. Tanggap
b. Tanduk
c. Sananta
d. Sambawa

13. Arip bidal numpak sepedha badhe dateng pasar. Tembung numpak kudune
a. Nyengklak
b. Nunggang
c. Nuntun
d. Nitih

14. Tembang kang watake sedih lan kentekan pangarep-arep, yaiku tembang.
a. Gambuh
b. Pangkur
c. Megatruh
d. Maskumambang

15. Tembang macapat iku uga diarani tembang.
a. Gedhe
b. Cilik
c. Kawi
d. Dhagelan

16. Crita kang nerangake bab asal-usule panggonan, diarani.
a. Mite
b. Dongeng
c. Legenda
d. Cerbung

17. Wisatawan kang asale saka mancanegara bisa nekakake.
a. Bea
b. Laba
c. Devisa
d. Bathi

Andhe-Andhe Lumut
Ing Kraton Daha (Kediri) Prabu Lembu Amiluhur kagungan putri aran Galuh Candra Kirana kang uga
sinebut Dewi Sekartaji.Dheweke duwe sesambungan katresnan karo putra raja Jenggala aran Raden
panji Asmara bangun,satriya gagah pideksa kang bagus rupane.Galuh Candra kirana kang sulistya ing
warna anggone sesambungan katresnan karo Panji Asmara Bangun ora dipangestoni.

18. Apa irah-irahan wacan ing dhuwur
a. Ande-Ande Lumut
b. Prabu Lembu Amiluhur
c. Dewi Sekartaji
d. Galuh Candrakirana

19. Asal daerah ngendi Prabu Lembu Amiluhur iku
a. Kraton Daha
b. Mataram
c. Kraton majapahit
d. Ronggolawe

20. Aran liya sapa Galuh Candrakirana iku
a. Dewi Sekartaji
b. Dewi Kunthi
c. Panji Semirang
d. Dewi Shinta

21. Kepriye anggone katresnan Galuh Candrakirana marang Panji AsmaraBangun?
a. Dipangestoni
b. Pada kuciwa
c. Ora dipangestoni
d. Ono pepalang

22. Mingkar-mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawang resmining kidung
Sinuba sunukarta
Mrih kertarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji
Tembang ing dhuwur diarani tembang macapat apa?
a. Sinom
b. Mijil
c. Pangkur
d. Megatruh
23. Tegese tembung sinawang, ing tembang macapat ing dhuwur yaiku.
a. Terlewati
b. Terlihat
c. Terindah
d. Tertawa

24. Sarkara, hartati iku sasmitane tembang .
a. Asmarandana
b. Dhandhanggula
c. Kinanthi
d. megatruh

25. Aksara jawa kang ana aksara murdane yaiku .
a. Na, ka, ta, sa, pa, ga, ba
b. Na, ma, ja, ya, ba, tha, dha
c. Na, ka, ta, sa, wa, ba, ga
d. Na, ka, pa, la, ra, ba, sa

26. Wong kang padha ngenggar-ngenggar ati ing papan wisata diarani .
a. Wisatawan
b. Transmigran
c. Imigran
d. Emigrant

27. Dasanama yen ing basa Indonesia kasebut.
a. Homonim
b. Sinonim
c. Hoponim
d. Homogram

28. Cacahe gatra saben sakpadan diarani.
a. Guru gatra
b. Guru lagu
c. Guru wilangan
d. Saka guru

29. Gunane aksara swara yaiku .
a. Nulis asma
b. Pakurmatan
c. Nulis tembung manca
d. Nulis wilangan

30. Ati tentrem urip dadi ayem. Tembung ati dasanamane yaiku .
a. Driya
b. Jantung
c. Rempela
d. Suku

31. Nemtokake tema, nemtokake tujuan, ngumpulake bahan, nyusun ngrengengan
pidhato,ngembangake ngrengengan dadi teks pidhato,latihan kanthi suwara lan pocapan kang trep
diarani
a. Alur crito
b. Peraga tambahan
c. Langkah-langkah pidhato
d. Jenise pidhato

32. Bapak Ibu Guru ingkang dhahat kinurmatan, sedaya kanca ingkang tansah kula tresnani.
Tuladha ing duwur yaiku perangane tanggap wacana babagan .
a. Salam pambuka
b. Surasa basa
c. Purwaka
d. Pangarep-arep

33. Suplemen Vitamin
Sing diarani suplemen yaiku Vitamin lan mineral tumrape wong sing kekurangan vitamin lan mineral.
Sejatine kanthi mangan sing becik menune, kabutuhan vitamin mesti uga kacukupan, sebab sing di
kaperlokake mung setitik. Nanging ana kalane uwang butuh tambahan vitamin, kayata, wong kang mari
lara, mari operasi abot, merga uwis tuwa, lan sakpanunggale.

Miturut wacan ing dhuwur, suplemen iku dig awe marang wong kang kakurangan.
a. Serat lan protein
b. Kerbohidrat lan vitamin
c. Lemak lan serat
d. Vitamin lan mineral

34. Suplemen iku cocog gawe wong kaya ing ngisor iku yaiku.
a. Wong kang mari kerjo abot
b. Wong kang mari operasi abot
c. Wong kang mari tandang gawe
d. Wong kang mari makaryo

35. Sing dadi gagasan bakune paragraph ing dhuwur yaiku .
a. Vitamin penting gawe jaga kaanan awak supaya tetep sehat
b. Suplemen penting gawe wong kang kurang vitamin lan mineral
c. Suplemen digawe nglemokake awak kang lagi mentas lara
d. Vitamin lan suplemen kudu di konsumsi supaya tetep sehat

36. Yen kepingin ora nambah supplemen, kudu mangan panganan kang ngandhut.
a. Serat lan protein
b. Vitamin lan mineral
c. Lemak lan serat
d. Lemak lan vitamin

37. suplemen yaiku Vitamin lan mineral tumrape wong sing kekurangan vitamin lan mineral.Tegese
tembung tumrape yaiku.
a. Langganane
b. Kudune
c. Cocoke
d. Nalika
38. Yen arep nindakake pidhato supaya lumaku lancar kudu..
a. Gawe naskah pidhato
b. Maca buku sing akeh
c. Ngerteni sapa sing ngrungokake
d. Nyilih naskah

39. Dudutan sakjroning pidhato yaiku .
a. Perangan kang ngamot pambuka pidhato
b. Perangan kang ngamot bakune pidhato
c. Perangan kang ngawiti pidhato
d. Paugeran kang mesti nalika pidhato

40. Dasaname duweni ateges yaiku .
a. Duwe teges sepuluh
b. Tegese kabeh sepuluh
c. Duwe teges padha
d. Duwe teges akeh

41. Aksara murda duweni guna agawe.
a. Nulis tembung manca
b. Nulis jeneng manca
c. Nulsi jeneng kanggo pakurmatan
d. Nulis jeneng kutho gedhe

42. Titikane aksara rekan yaiku .
a. Dijupuk saka aksara latin
b. Dijupuk saka aksara arab
c. Dijupuk saka aksara dewanagari
d. Dijupuk saka aksara jawa

43. Guru lagune tembanga gambuh yaiku .
a. U, i, u, i, o
b. U, u, i, u, o
c. I, a, i, a
d. U, a, i, a

44. Anik metu saka kelas katon suntrut jalaran biji rapoteala. Dasanamane tembung suntrut yaiku.
a. Seneng
b. Susah
c. Sumringah
d. Bungah

45. Dasanamane tembung omah, kaya ing ngisor iki kajaba.
a. Wisma
b. Pawiyatan
c. Graha
d. Bale

46. Yen ing sakngarepe aksara swara ana aksara sigeg, mula aksara mau kudu.
a. Dadi pasangan
b. Dipangku
c. Digandheng
d. Ditumpuk

47. Cekap semanten atur kawula, mugi-mugi ingkang kula aturaken saged migunani dumateng sederek
sedaya. Ukara mau perangane pidhato sing diarani .
a. Pambuka
b. Panutup
c. Pangarep
d. Pamburi

48. Pesisir Karanggongso Trenggalek

Pesisir Karanggongso Kabupaten Trenggalek akhire kepilih minangka obyek wisata kategori The Most
Outstanding Award (Obyek wisata kang paling onjo ing babagan anggone mbangun lan ngatur)
kelompok obyek wisata alam,nyisihake nominatur liyane, yaiku: Pesisir Jumiang (Pamekasan), lan Ranu
Segaran (Probolinggo), Prestasi iki bakal ngangkat Trenggalek minangka salah sijine jujugan wisata sing
ora kalah karo wisata pesisir segara liyane.
Apa irah-irahan wacan ing dhuwur?
a. Pesisir Karanggongso Trenggalek
b. Pesisir nyisihake nominator liyane
c. Trenggalek Obyek wisata
d. Prestasi duweke kutha Trenggalek

49. Obyek wisata Pesisir Karanggongso Trenggalek bisa nyisihake pesisir apa?
a. Jumiang,Ratu Segaran
b. Jumiang lan Ranu Segaran
c. slopeng lan Ranu Segaran
d. Ranu Segaran lan teleng Ria

50. Aksara kang sengaja direka utawa digawe kanggo njangkepi cacahe aksara kang bisa katulis nganggo
aksara jawa diarani
a. Aksara swara
b. Aksara Legena
c. Aksara Rekan
d. Aksara Murda

51. Urut-urutane prastawa sakjeronng drama wiwit saka prolog, klimaks lan nganti tumekane pungkasan
cerita diarani .
a. Sutradara
b. Epilog
c. Mimic
d. Alur

52. Panggonan lan wektu dumadine crita drama diaranai .
a. Dialog
b. Setting
c. Plot
d. Antagonis

53. Panajenengan kalawau punapa sapun .. saestu. Tembung sing cocok gawe ngisi ceceg-ceceg ing
dhuwur yaiku.
a. Mangan
b. Maem
c. Nedha
d. Dhahar

54. Dadi uwong aja sak kumuwat amarga sugihe. Kumuwat duweni teges pada karo ukara ing ngisor iki
yaiku .
a. Kahanan
b. Gumedhe
c. Ke;uwen
d. Tresnani

55. Klambine Bu Warsito kae arupane ijo royo-royo kaya wit-witan sing lagu tumukul, sing dimaksud ijo
royo-royo yaiku .
a. Sifate
b. Rupane
c. Sikape
d. Wujudte

56. Anake Pak Markun sing isih cilik kae nduweni polah kaya gabah diinteri,nganti angel aturane. Unen
unen iki kalebu
a. Paribasan
b. Pepindhan
c. Parikan
d. Wangsalan

57. Sing duweni teges kaya matang wesi gligen iku sing dikarepake
a. Polahe
b. Swarane
c. Sumbare
d. Tekade

58. Andhi dedege dhuwur kencur, nganti gak ketog yen ngadek bareng kanca-kancane.. Tembung sing
kacithak miring tegese
a. Gedhe dhuwur
b. Gedhe cilik
c. Endhek banget
d. Dhuwur banget

59. Kali cilik ing tengahing kutha iku banyune bening leri. Tembung sing kacithak miring tegese
a. Butheg banget
b. Asin banget
c. Bening banget
d. Putih banget

60. Ing ngisor iki sing dudu tembung lingga yaiku
a. Sepeda
b. Cilik
c. Kesusah
d. Kabegjan

61. Irah-irahan cerito ing ngisor sing dudu kalebu cerito rakyat, yaiku
a. Asal usule Banyuwangi
b. Andhe Andhe lumut
c. Rara Kembang Sore
d. Surabaya Kutha Pahlawan

62. Pralambange tumrap bocah sing durung dunung, utawa during ngerti diwedharake ing tembang
a. Mijil
b. Sinom
c. Kinanthi
d. Gambuh

63. Tetembungan kang trep gawe guneman nalika matur marang Bapa lan Ibu yaiku.
a. Barang iki duweke sapa Bu
b. Pak kula kula badhe amang
c. Bu iki titipan simbah gawe kowe
d. Bu meniko barang kagem Bapak

64. Ukara sing trep gawe pacelaton marang wong kang saumuran nanging durung kenal yaiku
a. Sampeyan daleme ten pundi
b. Kowe omahe endi
c. Kowe omahmu nang endi
d. Omahe jenengan endi

65. Pralambange bocah sing duwe salah gede marang wong tuwa bakal ngalami..
a. Kabegjan
b. Kuwalat
c. Kasengsem
d. Kadonyan

You might also like