You are on page 1of 7

NASKAH DRAMA

“ANDHE-ANDHE IMUT”

Ing sawijining negara (embuh negara apa), ana desa kang arane desa Tak Dung-dung Tak dung-dung. Desa
kuwi subur, makmur, gemah ripah loh jinawi. Ing desa kuwi, ana kulawarga kang isine simbok lan anak-anake,
bapake ora ana, embuh ngilang mengendi, jare wis ninggal dicaplok baya.

SCENE 1
(Panggung kosong, katon dekorasi kanthi swasana pradesan. Krungu lagu gendhing Jawa. Mbok Menah mlebu
nggawa tampah isi beras, ngenalke awakke marang pamirsa.)

Mbok Menah: “Hei Pamirsa… kenalna, jenengku Mbok Menah. Aku iki simboke para klenting. Aku iki
bombonge pol duwe anak sing ayu-ayu, pinter-pinter, sehat-sehat, bekti marang wong tuwa.
Pokoke ora ana tandingane ing desa iki. Wis akeh para pemudha kang padha nglamar. Eh, wis
ya pamirsa. Aku arep masak dhisik, anak-anakku durung padha sarapan. Daaaaa….”

(Mbok Menah metu saka panggung. Krungu lagu Campursari. Ngiringi mlebune para klenting. Para klenting
mlaku jejer-jejer kaya model miss universe. Banjur para klenting ngenalke awakke marang pamirsa)

K. Abang : (Ngipat-ngipatke slendang, kemayu)”Assalamu’alaikum…Para pamirsa…kenalke…dhewe iki


para klenting, anak-anake Mbok Menah. Aku sing ayu dhewe iki Klenting Abang, aku sing paling
tuwa lho… Nanging paling oke dhewe..”

K. Biru : ”Jenengku Klenting Biru. Body-ku sing paling yahud dhewe. Hehe..”

K. Ungu : ”Nak aku Klenting Ungu”

K. Ijo : ”Aku Klenting Ijo.”

K. Abang : ”Para pamirsa, dhewe iki tresna banget marang simbok. Simbokku kuwi wong kang paling apik
sakdonya. Tetep bisa ngrumati anak-anake senadyan ora duwe wakil. Bapakku wis suwe ninggal,
amarga dicaplok baya nalika nembe mancing.”

K. Ungu : ”Iya, bener. Simbok ya maringi dhewe kebebasan kanggo ngapa wae. Kuwi berarti simbok percaya
karo dhewe.”

K. Ijo : ”Bener banget. Dhewe iki kan isih enom. Urip mung sepisan, dadi kudu bener-bener dimanfaatke,
aja disia-siakake. Hi… hi… hi…”

K. Biru : ”Eh, wis-wis..! Ayo padha mlebu, ngrewangi simbok masak.”

SCENE 2

(Klenting-klenting arep metu saka panggung, nanging ujug-ujug teka Klenting Kuning).

K. Kuning : ”Kulanuwun… Assalamu’alaikum…”

(Para klenting banjur noleh ing sumbere swara. Klenting Abang marani Klenting Kuning)
K. Abang : (nada swara galak) ”Ana apa? Arep ketemu sapa?”

K. Kuning : (keweden) ”A… Ak… Aku iki wis ngumbara tekan endi-endi. Aku ora duwe omah. Ora duwe
wong tuwa. Dadi aku pengen bisa dadi sedulurmu kabeh. Moga wae mbak-mbak sing ayu-ayu iki
gelem nampa aku dadi sedulur.. Mesakke aku mbakyu..”

K. Ijo : (rupa ora seneng) ”Apa? Arep nunut nang kene??? Sorry..!! Wis ora ana panggon..”

K. Ungu : ”Iya! Luwih apik Kowe golek panggonan liya wae. Ning kene wis seseg. Wis kana lunga..!!”

K. Kuning : ” Nyuwun tulung… Mbakyu… Aku gelem dikongkon apa wae…”

K. Biru : (nyekeli roti) ”Ah, bentuke wae wis aneh. Wis kana lunga!”

(Klenting Kuning tetep Meksa. Amarga swarane rame banget, Mbok Menah metu saka jero omah.)

Mbok Menah: (ngamuk) “Eh eh eh… Ana apa iki kok ribute pol… Ngganggu wong nonton gosip wae.. Ana
apa?!”

K. Ijo : (nyedaki Mbok Menah) “ Niki lho Mbok.. Ana cah aneh arep nunut nang omahe dhewe. Mbuh
sapa kuwi.”

K. Ungu : “Inggih Mbok… Mpun, mboten usah diladeni Mbok. Marakke sepet wae.”

Mbok Menah: “Kowe sapa? Ana prelu apa nang omahku”

K. Kuning : (kanthi rupa dimesak-mesakke)“Ngeten Mbok.. Kula Klenting Kuning. Kula mboten gadhah
omah.. badhe nunut ing mriki.. kula purun di utus napa mawon.”

Mbok Menah: “O.. Ngono.. Mengko dhisik, aku tak rembugan karo anak-anakku”

(Mbok Menah lan para Klenting padha ngumpul adoh saka Klenting Kuning.)

Mbok Menah: “Wis, cah kuwi ditampa wae ing omahe dhewe. Mengko bisa dikongkon-kongkon. Dadi dhewe
kepenak. Piye?”

Para Klenting: “Wah, inggih Mbok. Sarujuk.”

(Mbok Menah lan para Klenting marani Klenting Kuning.)

Mbok Menah : “Yo wis.. Kowe entuk manggon ing kene. Nanging kowe kudu nurut karo aku lan anak-
anakku.”

K. Kuning : (mesam mesem seneng, ngambungi tangane Mbok Menah) ”Saestu Mbok.. Maturnuwun
Mbok.”

Mbok Menah : (Ngipatke tangane) “Ya ya.. wis kana ndang ngresiki omah. Aku arep nutugge nonton gosip.”

(Mbok menah mudhun panggung, ditutke para Klenting lan Klenting Kuning)
SCENE 3

(Ing sawijining dina, wektu Klenting Kuning lagi nyapu lan Mbok Menah lagi nonton gosip, ujug-ujug disela
“sekilas info”)

Penyiar tipi : (Ning buri tipi )“Nuwun sewu Mbok Menah, gosipe disela sedhela. Ana inpo saka kerajaan kang
wigati buwanget.”

Mbok Menah : “Lho… Kok kowe weruh nak aku sing nonton tipi? Iki penyiar kok aneh.”

Penyiar tipi : “Lha piye maneh. Sutradara ngutuse ngene jal. Wis tah ora usah rewel. Dirungokke dhisik no
piye.”

Mbok Menah : “O… iya iya.. manut manut…”

Penyiar tipi : “Oke.. Tak baleni.. Sugeng siyang pamirsa.. Wara-wara.. Diumumke kanggo kabeh cewek-
cewek kang isih single. Raden Andhe-andhe Imut nganakake sayembara kanggo golek wakil
supaya bisa didadekake ketua PKK ndampingi Raden Andhe-andhe Imut kang nembe dilantik
dadi raja anyar. Sing rumangsa cah wedok, ayo ndang cepet ndaftar. Cukup semene sekilas
inpo…”

(Klenting Kuning melu ngrungokna)

Mbok Menah : Cihuy… Kesempatan iki… Anak-anakku tak kongkone ndaptar…

Penyiar tipi : (nggawa properti tipi) “Sedhela Mbok.. Tak liwat dhisik.. Maturnuwun..”

Mbok Menah : (kaget lan bingung) “Lho.. Iki penyiar kok anehe pol.. Bingung aku…”

Penyiar tipi : (rada kemayu) “Wis tah, senenge kok rewel. Sutradara ngutuse ngene. Nak ora manut mengko
ora entuk konsumsi. Manut wae no piye… Wis ah… yuk da da bye bye…”

Mbok Menah : “Ah mbuh sembarang. Sing penting aku kudu ngandani anak-anakku dhisik”

(bengok-bengok) “Para Klenting…!!! Cepet mrene… Ora nganggo suwe…!!!”

(Para Klenting kesusu munggah panggung. Ana sing isih nganggo rol. Ana sing isih nggawa pakanan. Ana sing
isih gawa anduk, lsp.)

K. Ungu : “Wonten napa to Mbok? Kaget ki lho..”

Mbok Menah : “Iki mau ana sekilas inpo nak tipi. Raden Andhe-andhe Imut nembe golek calon wakil. Wis
saiki padha siyap-siyap. Langsung ndang lunga menyang kerajaan. Cepet cepet cepet..!!!”

K. Biru : “Wah… yahuuud ki… hahaa….”

Mbok Menah : “Wis cepet cepet…!!!!”

(Mbok Menah lan para Klenting metu saka panggung)


SCENE 4

Ing sawijining panggonan desa Tak Dung-dung Tak Dung-dung, persise ing kali Bengawan Pala, ana makhluk
kang ora jelas bentuke. Kaya wong, tapi ya kaya yuyu, arane Yuyu Kang Kang.

(Yuyu Kang Kang mlebu panggung karo njogat njoget diiringi lagu campursari. Wektu njoget, supite nyapit
bokonge)

Yuyu : (laranen) “Aduh aduh… Lha dalah.. Iki tangan kok ora isa dijak kompromi. Nyopat nyapit
karepe dhewe.” (yuyu clingak clinguk) “Kok sepi ya.. Ora kaya biasane, ket sekisuk durung ana
penglaris.”

(Para klenting mlebu panggung)

K. Ijo : “Wah, kok sepi nemen ya. Endi praune?”

K. Ungu : “Wah iya, piye carane nyabrang kali nak ngene. Manawa muter pinggir ya suwe banget.”

(Yuyu marani para klenting)

Yuyu : “Eh eh, cah ayu-ayu arep padha mengendi iki? Nyabrang ya? Wis tak sabrangke wae. Murah
kok.” (karo pringas-pringis)

K. Abang : “Bayare pira Yu?”

Yuyu : “Wis, ora usah larang-larang. Wong siji sejuta wae. Hehe…”

K. Biru : “Lho.. larange pol.. Ora bisa murah? Manawa bisa malah gratis. Hehe...”

Yuyu : “Woo.. Jaman saiki ora ana sing gratis. Ya wis, ora bayar ora apa-apa.. Nanging kowe-kowe
kabeh kudu gelem tak gandheng nyabrang kali. Piye?”

K. Abang : “Oke. Sarujuk.”

(Yuyu nggandheng siji-siji para klenting)

Ora antara suwe, Klenting Kuning tekan ing panggonane Yuyu Kang Kang. Jebule, Klenting Kuning ya arep
melu sayembara, ananging dheweke ora pamitan Mbok Menah. Wedi manawa diamuk.

(Klenting Kuning mlebu panggung, Yuyu ngampiri.)

Yuyu : “Wah, ana cah ayu maneh. Arep nyabrang cah ayu? Ayo tak sabrangke wae. Kapale ora ana.”

K. Kuning : “Ah emoh.. kowe Yuyu Kang Kang mesti ana karepe nak gelem nulungi. Aku milih muter wae
liwat pinggir.” (Klenting Kuning metu saka panggung)

Yuyu : “Woo… jual mahal… Ya wis karepmu Ndhuk..”

(Yuyu metu panggung)


SCENE 5

Ing kerajaan lagi padha nyiapke sayembara. Raden Andhe-andhe Imut wis ora sabar weruh calon-calon sing
bakal dipilih dadi wakilne.

(Andhe-andhe Imut mlebu panggung, ditutke Mbok Randha lan asistene kang nggawa map lan potlot gedhe)

Andhe-andhe : “Mbok, pripun? Sampun pinten ingkang ndaftar?”

Mbok Randha: “Aduh Le, simbok ya ora weruh.. Coba takon karo asisten. Kuwi wis tak bayar larang-larang
sejuta setengah mben semester, kudune weruh.”

Asisten : “Mbok.. Ampun korupsi. Bayaran mung satus ewu kok diomong sejuta setengah. Supaya dikira
sugih ya. Babagan pendaftar sampun wonten 999 Raden. Menika nengga rumiyin.”

(Mbok Randha mesam-mesem diuneni asisten.)

(Para tumenggung mlebu panggung)

Asisten : “Lha, niki Raden.. Para Tumenggung ingkang mangke nyeleksi calon wakile Raden.”

Andhe-andhe : “Wah… Apik nak ngono… Ya wis, kabeh tak pasrahke kuwe ten, aku percaya.”

Asisten : “Ingging Raden… Siap…!!!”

(Andhe-andhe Imut lan Mbok Randha metu saka panggung)

(Krungu lagu campursari, para Klenting teka)

K. Abang : “Kulonuwun… Spada…”

Asisten : “Mangga… Wah, cah ayu-ayu mesti arep melu sayembara ya?”

K. Ungu : “Inggih Asisten.

Asisten : “Oke.. nanging ana sarat-sarate.”

K. Ijo : “Wah.. Napa kemawon sarate ten?”

Asisten : “Sarate, 1. Kudu ayu lan lulus PPL siji, iki bakal di tes dening Tumenggung Kasep.

2. Swarane kudu apik lan bisa nyanyi, iki bakal di tes dening Tumenggung Trisno.

3. Kudu melu test kasarasan lan bisa mlayu maraton, iki bakal di tes dening Tumenggung
Lambang. Piye? Sanggup?”

Para Klenting: (bareng) “Sanggup..!!!”

(Asisten, T. Trisno, T. Lambang metu saka panggung.)

T. Kasep : “Ayo, saiki maju siji-siji”


Para Klenting maju siji-siji di tes Tumenggung Kasep.

T. Kasep : “Ya wis, bar iki ganti di tes Tumenggung Trisno. Kowe padha nang kono dhisik.”

K. Biru : “Siap Tumenggung.”

(T. Kasep metu saka panggung. T. Trisno mlebu panggung)

T. Trisno : “Piye? Wis padha siyap? Saiki maju siji-siji ya.”

K. Abang : (nembang campursari) “………………”

(Para Klenting banjur nembang siji-siji)

T. Trisno : “Ya wis cukup, saiki ngenteni Tumenggung Lambang. Kuwi tes pungkasan kanggo kowe-kowe
kabeh.”

(T. Trisno metu saka panggung. T. Lambang mlebu panggung)

T. Lambang : “Kowe mau kabeh wis padha dites dening Tumenggung Kasep lan Tumenggung Trisno, saiki
tes pungkasan. Tes kasarasan, utawa basa Indonesiane tes kesehatan. Saiki kabeh melu aku nang
lapangan. Ayoo ayoo cah ayu…”

(T. Lambang metu panggung ditutke para Klenting)

SCENE 6

(Andhe-andhe Imut mlebu panggung, ditutke Mbok Randha, asisten lan para Tumenggung. Andhe-andhe Imut
lan mbok Randha padha lenggah.)

Andhe-andhe : “Kepriye ten asile?”

Asisten : “Sampun wonten sekawan calon finalis Raden.”

T. Trisno : “Inggih Raden. Asil pungkasan Raden ingkang milih.”

(T. Kasep ngundang para Klenting)

T. Kasep : “Para finalis… ayo padha mlebu.”

(Para Klenting mlebu)

T. Lambang : “Dhalem nyuwun pamit Raden”

(Para Tumenggung metu saka panggung ora antara suwe Klenting Kuning teka.)

K. Kuning : “Kulonuwun…”

(Kabeh padha noleh. Para Klenting kaget.)


K. Abang : “Heh cah elek.. Ngapa kowe mrene? Bali kana..!!! Tak wadulke simbok kowe.”

K. Biru : “E e e.. Mesti ora pamit simbok. Nak pamit ora bakal kowe entuk mrene. Kana lunga..”

Mbok Randha : (menyat saka kursi) “Ana apa iki? Kowe sapa Nduk cah ayu? Arep ngapa?

K. Kuning : “Kula Klenting Kuning Mbok. Kula badhe ndherek sayembara.”

Asisten : “Nanging sayembarane wis rampung Nduk. Iki arep pengumuman. Pripun Raden?”

Andhe-andhe : “Ya wis ora apa-apa. Mrenea, aku kang bakal ngetes.” (ndelengi Klenting siji-siji) “Wah
Simbok, aku emoh karo sing papat iki. Ambune ora enak, mesti tilase Yuyu Kang Kang. Aku
milih sing iki wae Mbok.”

Mbok Randha : “Kabeh asil kuwi pilihanmu Le, simbok mung bisa ngiyani.” (mesem)

Andhe-andhe : “Nimas kang ayu, sapa mau aranmu? Apa kowe gelem dadi wakilku lan ketua PKK ing desa
iki?”

K. Kuning : “Inggih Raden. Kula Klenting Kuning.”

Akhire, Raden Andhe-andhe Imut bisa entuk wakil kang bakal didadekake ketua PKK kanggo mbimbing ibu-
ibu lan para pemudhi ing desa Tak Dung-dung Tak Dung-dung supaya bisa mandiri. Desa Tak Dung-dung Tak
Dung-dung dadi san saya makmur lan kawentar ing desa-desa liyane. RAMPUNG….

You might also like