05. Hamedhar Pangandikan Ingkang Sipatipun Hiburan
Hamedhar pangandikan ingkang sipatipun hiburan punika kanthi tujuan mratelakakeninformasi utawi hamilut pamyarsa dhumateng gagasan kita, nanging tujuwanipun asipatmirunggan upaminipun medhar pangandikan wonten salebeting tata upacara pahargyan prasaja mantu / ambal warsa lan sanes-sanesipun.Hamedhar pangandikan ingkang sipatipun hiburan punika padatan badhe katingal wontening Panatacara (MC) ingkang angendhaleni lampahing tatacara ing pahargyan manten,ambal warsa, tatacara hiburan ing ambal warsa 17 Agustus lan sanesipun.Dados ingkang asipat mirunggan utawi mboten resmi.
06. Hamedhar Pangandikan Ingkang AsipatAmilut Dhumateng Para Pamyarsa
Hamedhar pangandikan punika benten kaliyan medhar pangandikan ingkang asipat atur pratelan (informasi) utawi ingkang asipat atur panglipur.Medhar pangandikan ingkang asipat amilut tiyang sanes kanthi tujuan inggih punikasupados pamyarsa saged kapilut panggalihipun amargi wedharing pangandikan kita.Kangge amujudaken tujuan punika, kabetahaken cara hamedhar pangandikan ingkangsae, antawisipun nguwaosi ingkang badhe dipun andharaken, lan wasising pamicarakangge amilut para pamyarsa.Kathah piyantun ingkang ngadeg wonten sangajenging microphone kanthi pangandikaningkang sereng, nanging para pamyarsa mboten nggatosaken pangandikan kasebat malah- malah wonten saperangan sami ngantuk.Bab punika nedahaken bilih pamedhar pangandikan kirang mampu amilut dhumateng para pamyarsa ingkang sampun lebda, bangkit hamemilut para pamyarsa kanthi raosingkang saged hanuju prana lan kebak ing raos greget.Wonten gambaran kados pundi para pamyarsa nalika haningali Zainudin MZ amedhar pangandikan, tartamtu panjenenganipun katut larut wonten ing raos greget.
07. Sintenta Ingkang MiyarsakakenWedharing Pangandikan Panjenengan
Kanthi hambudidaya mangertosi sintenta ingkang dados pamyarsa wedharing pangandikan kita, utawi kita medhar pangandikan wonten sangajenging sinten, inggihwigati sanget, kangge mangertosi sintenta para pamyarsa ingkang badhe dipun pilut, kasillan mbotenipun wedharing pangandikan kita.Upaminipun kita medhar pangandikan wonten sangajenging tiyang-tiyang padhusunaningkang saben dinten makarya ing pasabinan, mila sampun kasamektakaken kaliyanmedhar pangandikan wonten sangajenging para siswa lan mahasiswa.Medhar pangandikan wonten sangajenging para pejabat kedah dipun bentenaken kaliyanmedhar pangandikan wonten ing sangajenging para santri temtunipun boten badhe leres
http://localhost/kidemang1515/index.php?option=com_content&view=article&id=850&Itemid=749
3