Welcome to Scribd, the world's digital library. Read, publish, and share books and documents. See more
Download
Standard view
Full view
of .
Save to My Library
Look up keyword or section
Like this
15Activity
0 of .
Results for:
No results containing your search query
P. 1
Puspa Warna

Puspa Warna

Ratings: (0)|Views: 1,022 |Likes:
Published by Ki Demang Sokowaten
menu puspawarna
menu puspawarna

More info:

Published by: Ki Demang Sokowaten on Feb 27, 2010
Copyright:Attribution Non-commercial

Availability:

Read on Scribd mobile: iPhone, iPad and Android.
download as PDF, TXT or read online from Scribd
See more
See less

11/09/2012

pdf

text

original

 
 01. Jagad Jåwå
 
Akèh bangêt têmbúng utåwå têtêmbúngan síng biså digandhèngaké karo têmbúngJåwå.Têmbúng wóng digandhèngaké karo têmbúng Jåwå dadi wóng Jåwå, têmbúngmanungså digandhèngaké karo têmbúng Jåwå dadi manungså Jåwå, têmbúngkulåwargå dadi kulåwargå Jåwå, têmbúng budåyå dadi budåyå Jåwå, têmbúng jagaddadi jagad Jåwå.Istilah jagad Jåwå pancèn cêdhak karo istilah budåyå Jåwå.Ånå síng ngarani lan nggêrbå mênåwå jagad Jåwå kuwi mêngku budåyå Jåwå.Jagad Jåwå luwíh jêmbar têbané tinimbang budåyå Jåwå. Bab budåyå mliginé budåyåJåwå ugå jêmbar têbané.Ruang lingkúp lan kabèh kang kacakúp akèh bangêt.Prof Dr Koentjaraningrat ånå ing bukuné síng sêsirah Kêbudayaan Jawa njlèntrèhakékanthi komplít bab kabudayan Jåwå.Kabudayan Jåwå ora bisa pisah karo wóng Jåwå, síng ånå ing pulo Jåwå wiwít såkådumadiné têkan jaman saiki. Panjênêngané ngrujúk tulisané Th Pigeaud, BJO Schriekelan WF Wertheim ngênani “variasi régional” kabudayan Jåwå. “Variasi régional” duwétêgês síng mèh pådhå karo bab tlatah, lingkungan, wilayah utåwå kawasan budåyå.Lingkungan budåyå Jåwå nyakúp ranah lan tlatah, yåkuwi: Bantên, Sundhå, Pêsisír Kulón, Banyumasan, Bagêlèn, Pêsisír Wétan, Nêgari Gúng (Suråkartå lan Ngayogyåkartå), Måncånêgari, Mêdurå lan Sabrang Wétan). Kêjåbå variasi régionalkasêbút, Prof Dr Koentjaraningrat ugå njlèntrèhaké pérangan síng diarani kabudayanunivêrsal (cultural univêrsals).Cacahé ånå pitu yåkuwi babagan: båså, sistêm tèknologi, sistêm panguripan utåwåékonomi, organisasi sosial, sistêm pêngêtahuan, réligi lan kêsênian.Wêwatón bab-bab iku tinêmu mênåwå kabudayan Jåwå iku isiné, wujudé, pérangané,siji lan sijiné ora pådhå, tinêmu rupå-rupå lan manéka warnå síng jumbúh karo “subkultur”-é utåwå wilayahé. Nyinau, naliti utåwå njingglêngi bab jagad Jåwå lan kabudayan Jåwå, bisa lan prayogånganggo pratélan cacah pitu utåwå variasi régional mau.Ana ing babagan båså lan sastrå ånå síng diarani Sundhå, Jåwå lan Mêdurå.Isiné wêrnå-wêrnå ora múng bab dialèk, nanging kabèh síng kacakúp ånå ing båså lansastrå Jåwå síng nglingkúpi tlatah Bantên, Pasundhan, Banyumasan, Pêsisiran,Suråkartan, Ngayogyåkartan, Sêmarangan, Jawa Timuran, Mêduran lan liya-liyané.Ing babagan sastrå ånå sastrå síng tinulis utåwå sastrå síng ora tinulís.Têbå lan isiné akèh bangêt kayåtå babad, riwayat, caritå gancaran, caritå cêkak, caritaginurit, saloka, novèl, ésèi, aksårå Jåwå (hå nå cå rå kå då tå så wå lå på dhå jå yå nyåmå gå bå tå ngå) lan spituruté síng ånå lan tinêmu ing pulo Jåwå.Gêgandhèngan karo bab iki, Råmå Sudi Yatmånå ånå ing andaran Mbah Sétrå mènèhitulådhå síng akèh bangêt. Kajåbå bab båså lan sastrå, kabudayan Jåwå ngêmót,mêngku, mêngkoni lan nyakúp ilmu (ngèlmu) Jåwå, kayåtå filsafat Jåwå, ngèlmu
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753
 
1
 
sangkan paraníng dumadi, kêbatinan (ngèlmu kêjawèn), ngèlmu patitisíng pati, ngèlmukasampurnan, kawaskithan, kalantipan, ngèlmu mistík utåwå tasawuf, kajiwan(ngèlmu jiwå), kanuragan, ngèlmu karang, guna kasantikan, pawukón, pétúng, pasatuwan, katuranggan, palintangan (horoscope), ramalan (jångkå), pralambang,ngèlmu kalang, ngèlmu wêwangunan (arsitèktúr), lan liyå-liyané síng cacahé akèh bangêt.Bab ngèlmu Jåwå akèh síng ditulis ånå ing kapustakan Jåwå (kuno, têngahan, anyar),naskah-naskah, manuskrip, primbón-primbón, wulangan, wêjangan, wêdharan,andaran, pitutúr, pêpali, sulúk, kidungan, têmbang (gêdhé,cilík) lan liyå-liyané. Ånåsíng ditulís nangíng ugå ånå síng ora tinulís arupå tradisi lisan.Wulangan, ngèlmu lan “laku” Jåwå mênåwå dipilah-pilah, dipilíh-pilíh, dipånthå- pånthå lan digånthå-gånthå, diothak-athík (dadi gathúk), dinalar lan dianalisís nganggocårå (métodê, tèknik) sing “ilmiyah”, biså awujúd blêgêríng ngèlmu Jåwå utåwå “the body of Javaness sciences”.Såkå kabèh ilmu, ngèlmu utåwå pangawikan mau bisa ditimba sakèhíng bab, “asèt”utåwå “hartå-kåyå” kabudayan Jåwå síng cacahé, gunggungé, têbané jêmbar lanngédab-édabi.Saupåmå banyu utåwå tirtå (bêníng, wêníng) kang ånå ing sumúr yèn ditimbå ora bakalêntèk, yå babagan kalahiran yå babagan kajiwan, yå lahiriyah yå batiniyah.Akèh síng lungíd, rumít, ngrawít, éndah, édi lan adi (luhúr, luhúng).Ånå ing babagan tèknologi, rékådåyå rékåyåså akèh tinêmu ånå ing ngèlmu kalang lanngèlmu arsitèktúr Jåwå.Mulå ånå wangunan rupå Karatón lan lingkungané síng ngêmót akèhíng pérangan síngnduwèni lambang lan filosofi síng dhuwúr.Ånå síng diarani Alún-alún, Waringín (kurúng), Pagêlaran, Sitihinggil, PanggúngSånggå Buwånå, pérangan Bangsal, lawang utawa Kori (Mangu, Gapít,Kêmandhungan, Srimanganti, Bråjånålå lan sapituruté), Gêdhóng, utåwå Dalêm Agênglan satêrusé nganti têkan plataran Alún-alún sisíh kidúl.Wêwangunan síng ciri-ciriné khas Jåwå uga tinêmu ing njåbå Karatón pérangan lan jinisé akèh bangêt.Kabudayan Jåwå uga akèh ngêmót babagan sistêm ékonomi.Wulangan Jåwå ånå ing ékonomi mliginé ing bêbakulan lan dêdagangan luwíhnêngênaké bêbrayan, sêsrawungan, kêkancan, pasêduluran lan liyå-liyané, mula ånåtêtêmbungan tuna satak bathi sanak.Ånå ing babagan sêni lan budåyå manungså Jåwå nduwèni pérangan sêni cacahé akèh bangêt, nglimputi sêni swårå: karawitan, gamêlan, géróngan, gêndhíng, lêlagón,sêndhón lêlangên swårå, sulúk, têmbang, måcåpat, musik lan instrumèn Jåwå liyané.Ånå ing babagan tari ånå tari bêdåyå, srimpi, bêksan, lênggót båwå, gambyóng, wayangwóng, bambangan cakíl, wirèng lan tari pêthilan, kêthoprak, srandhúl, ludrúk lan liyå-liyané.Babagan sêni rupå tinêmu akèh bangêt ing candhi-candhi Båråbudhúr, Prambanan,Plaósan, Sèwu, Bókó, Pênataran, Bajang Ratu lan liyå-liyané ånå síng rupå kålåmakårå, pradhaksinå, rêcå, patúng lan sapituruté.Pérangan sêni ugå akèh tinêmu ing pêwayangan lan pêdhalangan. Akèh bangêtlambang lan wulangan ånå ing pêwayangan lan pêdhalangan.Bab-bab síng magêpókan karo sêni, akèh bangêt paédah lan manfaaté, kayåtå:
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753
 
2
 
nguripaké bab råså kaéndahan, ngalusaké tingkah laku lan kapribadhèn, nyurúng kréasilan aprésiasi, biså mujúdaké kahanan síng timbang antarané intêlèktual (rasio) lanémosi.Durúng paédah lan manfaat síng arupå lêlagón, hiburan, tuntunan lan tóntónan singngrêsêpaké ati.Sêni budåyå Jåwå bisa nuwúhaké råså lan jiwå Jåwå, jatidhiri, kapribadhèn síngnduwèni ciri unik lan khas.Ånå ing Jagad Jåwå lan kabudayan Jåwå digêlar akèhing babagan kang rupå-rupå lanmanékå warnå.Jagad Jåwå ngêmót éwóníng bab ånå ing jagadé manungså Jåwå síng uríp ånå ingtlatah Jåwå.Déníng : Ki SutadiPangarsa Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah.
02. L a k u
Kétóké gampang túr prasåjå. Níng såpå síng biså nglakóni såkå wiwitan têkan pungkasan kanthi santoså, ajêg, tansah mbudi dåyå, sêtyå anggóné nanggulangitumindak ålå. Nêtêpi wêdharané Mangku Nagårå IV:“ngèlmu iku, kalakóné kanthi laku, lêkasé lawan kas, têgêsé kas nyantósani, sêtyå budyå, pangêkêsé dúr angkårå”. Têmbúng laku kêsampar kêsandhúng ing båså lésan sartå tulís. Têbané jêro, åmbå lanmurakabi (vèrtikal, horizontal lan intêgral).Tuladhané:1. Lagi nglakóni, aja dibédå;2. Åjå laku jinå, laku sèdhèng, laku cidrå;3. Modhèl kåyå kuwi ora laku ing dhaérahku;4. Têmbang gêdhé Kusumastuti kuwi laku 13 ;5. Prayogå pådhå ngrêti laku-lakuné wóng amóng dagang;6. Jumurúng pandóngå jêmbarå kuburé lêpaså parané kanggo kang lagilêlaku;7. Pagawéané nglakókaké dhokar;8. Dhuwít sêthithík dilakókaké kalayan gêmi nastiti ngati-ati banjúr dadiakèh;9. Ora prayogå tumindak sumúr lumaku tinimbå.Cêkak aósé, têmbúng laku kuwi mratah, gumléthak, cêdhak gampang dicandhak,gumléthak mlètrèk gampang diêmèk-êmèk.Kamångkå sêjatiné têmbúng kuwi dadi punjêr lajêr tumrap wigatining uríp kanggo bêbrayan Jåwå. Paku Buwånå IV mrêtèlakaké :“Dadiå lakunirèku, cêgah dhahar lawan gulíng, lan åjåasukå-sukå, ålå wataké wóng sukå, nyudå prayitnaning batín”. Prayitnå ing batín iku minångkå lambaraníng pangudi. Nganggo sawêtårå, orakêbablasên.
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753
 
3

Activity (15)

You've already reviewed this. Edit your review.
1 hundred reads
1 thousand reads
Frenky Irawan liked this
Dr supriyanto liked this
Suharto Bae liked this
AGUSTINO liked this
Nik Rakib liked this
rumahbianglala liked this
Nik Rakib liked this

You're Reading a Free Preview

Download
/*********** DO NOT ALTER ANYTHING BELOW THIS LINE ! ************/ var s_code=s.t();if(s_code)document.write(s_code)//-->