You are on page 1of 2

Landi Landak Sing Kasepen

Ning alas, ana landak sing kasepen. Jenenge Landi. Ora ono kewan sing gelem
dadi koncone.
Cici kelinci : “Aku lan konco – konco njaluk ngapuro ora iso dolanan karo kowe”
Landi landak : “Opo sebab’e cici ?”
Cici : “Aku lan konco – konco wedi keno ri mu”
Landi : “Oh yo wis, aku tak dolanan dewe”
Kanthi ati susah Landi terus lunga ninggalake Cici lan konco – koncone. Landi
ngelamun ing pinggir kali. Njedul Kuku kura sing mlakune alon banget.
Kuku kura : “Opo sing dadi lamunnanmu Landi ?”
Landi : “Ah, ora ono kok.”
Kuku : “Nek kowe nduwe masalah, aku saguh ngrungokke, percoyo karo aku”
Landi : “Yo wis Kuku, aku arep takon. Batokmu kuwi ketok’e abot banget. Opo
kowe ora kesiksa ?”
Kuku : “Oh ora kok. Malah batokku iki akeh gunane”
Landi : “Gunane kanggo opo ?”
Kuku : “Akeh Ndi. Salah sijine iso nglindungi aku nek ono beboyo”
Landi : “Yo pancen bener omonganmu. Tak pikir batokmu ngabot-aboti
awakmu”
Kuku : “Aku nyukuri banget opo sing ana ning awakku”
Teko Sam kodok
Sam kodok : “Hey Kuku lan Landi. Sesuk podo teko yo ning pesta ulang tahunku”
Landi : “Aku ora gelem. Konco – konco mesthi ngadoh seko aku”
Sam : “Ora sah kuatir. Kowe engko tak kancani”
Landi : “Emm….Yo wis. Aku engko teko ning pesta ulang tahun mu bareng
Kuku”
Pestane rame banget. Dumadakan, pesta sing nyenengke kuwi mandeg amarga
Cici njerit.
Cici : “Awas! Serigala ala teko!Tulung…!Tulung…!
Serigala ala : “Wah….Ning kene rupane akeh panganan sing enak. Tak pangan kabeh
wae”
Landi : “Lunga cepet Serigala ala. Aja ngganggu konco – koncoku”
Serigala : “Sopo kowe ? Wani – wani mu nantang aku. Kene tak pangan kowe”
Landi : “Aku tak nggulung awakku wae”
Serigala : “Adoh…adoh…Opo iki ? Akeh ri sing nempel ning awakku”
Landi : “Rasakno kowe serigala ala. Ojo wani balik mrene maneh”
Sam : “Hore…!Hore..! Landi…!Landi..!
Cici : “Aku nyuwun ngapuro Landi. Aku tansah ngadohi seko kowe. Sak
benere kowe arang nglarani aku”
Landi : “Ora popo Cici. Saiki awak dewe wis dadi konco”
Kuku : “Landi opo kowe isih rumangsa gelo ri ning gegermu ?”
Landi : “Ah, wis lah Kuku. Saiki aku seneng karo awakku. Mung bangsa landak
sing nduwe ri koyo ngene”

You might also like