You are on page 1of 15

SRIAMI, KUWI JAGAD SEJE

NALIKA ujian semester lagi wae rampung aku merlokake sowan simbah ing Panggul.
Preian kang suwene mung rong minggu kuwi kudu takgunakake kanthi becik. Kanggo
ngedhem pikir. Tenan kok, dadi mahasiswa kuwi kesele manggon ana sirah!

Ing surat aku wis matur simbah yen saka Surabaya aku bakal langsung menyang Panggul,
ora kathik nganggo mampir Ponorogo luwih dhisik. Wong menyang omahe dhewe wae
kok, mengko yen wis tekan Panggul rak ketemu gampang. Sebabe, nggonku kedereng
kesusu-susu ben ndang tekan Panggul kuwi sejene merga pancen kangen simbah, uga
karana kangen sembadraku, kuwi lho: Sriami! Sriami kuwi kanggoku jan ora kurang ora
luwih ora keri ora kliwat saka Sembadra; ireng manis, gandes, luwes, merak ati. Nanging
repote aku dhewe durung yakin tenan, aku iki sapa: Arjuna apa Burisrawa!

Biyen, telung taunan kepungkur, kang ngenalke aku karo Sriami kuwi ya simbah. Wektu
kuwi aku dhong sowan simbah, kebeneran Sriami kang saiki dadi sembadraku kuwi
diutus ibune ngeterake jajan malem selikuran.
“Kenalna iki lho ndhuk, putuku kang nate takcritakake kae,” ngono dhawuhe simbah.
Nanging, Sriami malah katon mengkeret. Sidane aku kang ora sranta, dheweke tak
cedhaki, lan tanganku karo tangane banjur padha salaman sawise aku nyebutakejenengku.

Dina riayane luwih akeh nggonku dolan karo Sriami. Aku dhewe ya gumun, kok jroning
wektu ora nganti rong minggu wae aku wis raket banget karo dheweke. Sedina muput
dheweke takjak dolan neng Konang ya gelem wae. Dolanan prau tambang ana pancer
ngelingake aku marang lakon Sembadra Larung. Batinku, ya iki Sembadra kang kudu
enggal taklarung jironing atiku, ben kentir dening katresnanku, ben dadi Sembadraku!
Wayah tengange Sriami ngejak bali. Mesthi was aku ora gelem, lha wong durung katog.

’’Panas banget Mas, ayo bali wae?!’’ dheweke setengah ngajak setengah taren.

’’Panas ya ngiyup ta? Ning aja bali dhisik. Mengko yen jaringe wis mentas awake dhewe
lagi bali, nggawa iwak, ben katon kang bisa kanggo alasan yen dianggep kesuwen.’’

’’Apa yen ora nggawa iwak ora katon yen ana kang dipurih?’’

’’Katon wae. Lha, ya kuwi kang ora kena ana kang weruh; njur iwak kuwi mengko rak
kena nggo nutupi.’’
Sidane mulih sore tenan. Tekan daleme simbah wis surup. Kamangka aku kudu banjur
ngeterake Sriami. Omahe kira-kira setengahan kilo saka daleme simbah. Ora adoh. Ya,
amarga anggone ora adoh kuwi, mula gampang rakete!

Sajake simbah ya tanggap ing sasmita. Ngerti yen aku saya raket karo Sriami, bola-bali
aku apadene Sriami disemoni. Nganti ing sawijining wektu terang dhawuhe, ’’Le, kowe
kuwi wis gedhe. Simbah ngerti yen jaman saiki ngono jamane kebo nusu gudel. Simbah
mung bisa mangestoni, yen kowe wis seneng tenan. Dhasare Sri kuwi bibite ya apik,
bobote ya abot, bebetane kowe ya wis weruh dhewe. Terusna Le, terusna. Nanging aja
lali matur ibu bapakmu. Mengko tiwas kadhung, yen ibu bapakmu ora sarujuk rak ya ra
kepenak.’’

’’Rak lucu ta Mbah, bilih kula mothah nyuwun rabi? Tiyang kuliah mawon dereng cekap
ngaten kok.’’

’’Lha, kowe seneng tenan ora?’’

’’Duka penjenengan, Mbah.’’

’’Woo, rupamu!’’

Simbah katon seneng nalika aku teka. Ora maido, jalaran sawise ditilar Mbah Kakung
karo tengah taun kepungkur, mesthi wae mbah putri kuwi rumangsa kesepen. Yu Nisroh,
pembantune simbah kuwi jan keladuk temen. Wonge mueneng banget, angel dijak
guyonan. Kamangka simbah kuwi karemane guyon lan sembranan, senajan wis sepuh.
Ing omah gedhe magrong-magrong kuwi ora ana wong liya kejaba Yu Nisroh lan simbah.
Arang kadhing ketambahan aku.

Dina candhake kaya kang wis takrencana, aku menyang omahe Sriami. Dinane Minggu.
Lan saka keparenge bapak lan ibune, Sriami takjak dolan, kaya biasane, golek iwak
nyang pesisir Konang, nunggu mentase jaring. Kang takgumuni, Sriami sajake ora karep
ing ati. Nanging uga ura wegah nalika takkandha ni yen dheweke arep tak jak nyang
Konang. Sajak lagi ana bob kang wigati, kang penting, kang lagi dipikirake. Dheweke
malih ora akeh omonge, ora akeh guyune kaya padatane. Iki mesthi ana masalah kang
kudu enggal bisa dirampungake, batinku.
Sidane aku budhal menyang Konang karo Sembadraku. Sadawane dalan ora ana kang
mbukaki rembug. Ora apa kang dikandhakake, kejaba mung gremeng-gremeng neng
njero atine dhewe-dhewe. Dadine kaya lagi jothakan.
Ing pesisir wis rada rame uwong. Pancen usume metu tongkol; kathik sedhela maneh,
kandhane salah sijine bakul iwak kang taktakoni, jaringe bakal mentas. Aku banjur
lungguh, lendheh-lendheh watu marmer saanak gajah kang mesthing dierah saka
Sanggung. Taklirik, Sriami niru apa kang tak tindakake, lungguh ing sisihku karo
mbukaki majalah kesayangane.

Aku nyawang segara, ombak, lan watu karang. Nanging angen-angenku tekan ngendi-
endi.
’’Ayo Sri, nyedhaki wong njaring kae?’’ Ujug-ujug aku ajak-ajak. Rasane pancen ora ana
ukara kang luwib becik, kang kena tak gawe ngrubah suwasana.

’’Mengko woe, yen jaringe wis mentas.’’ Ngono wangsulane Sembadraku kuwi tanpa
nganggo nyawang aku. Dheweke isih menthelengi majalahe, kamangka aku dhewe yakin
yen dheweke ora maca majalah kuwi kanthi becik.
’’Apa sampeyan kang nulis iki?’’ pitakone karo numpangake majalah kuwi ing pang-
konku. Ana kang krasa aneh jroning pitakone kuwi. Nyatane wong aku iki ora mung
pisan pindho nulis neng majalah kang disenengi kuwi, lan dheweke ya wis ngerti yen aku
iki seneng crita. Biasane yen karanganku dimuat dheweke mung alok, ’’Mas, critamu
dhek wingi kae jan rame tenan.’’ Utawa, ’’Mas, critamu iki kurang muyeg, kang iki
cengeng,’’ lan sapiturute, ora kathik nganggo neges-neges sapa kang nulis sapa kang nga-
rang. Nyatane kang ditulis sadurunge crita kuwi diwiwiti ya jenengku, kathik takkira
jenengku iki saindonesia ora ana kang madhani. Mulane aku ora banjur mangsuli
pitakone kuwi kanthi tembung: iya utawa dudu, malah wangsulanku arupa pitakon, ’’Ana
apa ta, kok ndadak neges-neges?’’

Majalah kuwi isih medhag-medhag ing pangkonku. Kang dikarepake Sembadraku kuwi
sawijining crita cekak kanthi irah-irahan Sawijining Wengi Sangisore Wulan Ndadari.
Kang nulis pancen aku! Isine crita, yakuwi sawijining pawongan, aku, kang ing sawi-
jining wengi lagi sengsem andon tresna karo kenya aran Dartik.
’’Ngono wae kok dikandhak-kandhakake wong akeh.’’

Sriami nutuh aku, nanging ukara kuwi kaya-kaya ditujokake marang awake dhewe. Aku
rada kaget, senajan yakin yen dheweke durung bisa milah-milahake antarane kanyatan
ing alam gumelar iki lan kanyatan ing jagading crita.

’’Kuwi rak mung crita ta Sri! Lha, apa kowe ora melu seneng yen aku isa crita ngono
kuwi? Apa kowe ora seneng yen mbesuk kowe klakon nduwe bojo pengarang peng-
pengan?’’ pangarih-arihku, ngedhem-dhemi atine.

’’Halah! Pancen sampeyan arep pamer yen nate duwe putri ayu, ya Dartik kuwi! Aku
ngerti jenenge tenan ngono Windarti. Kang ngandhani kancaku neng sekolahan, adhine
kanca sampeyan. Dheweke ya wis maca crita iki. Sampeyan kuwi, yen trah arep rabi
kenya Surabaya mbok uwis, ndang, ra sah game ontran-ontran. Aku ya ra apa-apa kok.’’
’’Sareh, Sri! Beningna dhisik pikirmu. Aku ora nate tepungan karo wong kang jenenge
Windarti, Sri! Yen ngonoa, kuwi mung crita. Crita Srii…! Crita karanganku wae.’’

’’Aku ngerti. Aku ngerti, kuwi mung crita. Nadyan kang dikandhakake dening kancaku
kuwi kanggone aku ya mung crita. Nanging kanggone wong-wong kang nyipati dhewe
nalika sampeyan lagi sengsem-sengseme karo Windarti kuwi, kang mesthi ora akeh
bedane karo kang sampeyan critakake ing Sawijining Wengi Sangisore WuIan Ndadari
iki, mesthi kuwi kabeh dudu crita sawantah. Aku ngerti kuwi mung crita, crita sejarah!’’

’’Tenan Sri, kuwi mung crita. Apa kowe ora percaya?’’

’’Aku ngerti, Mas, kuwi mung crita. Lan aku percaya. Ning ya karana nggonku percaya
kuwi, kang njalari aku dadi keranta-rania.’’

’’Lho, yen wis genah manawa kuwi kabeh mung crita rak njur ora sah dipikir ta?’’

’’Dhawuhe guruku, Mas, pengarang kuwi, kang gawehane nulis crita, senengane pancen
ndadekake siji antarane angen-angen lan kasunyatan. Aku mbayangake kang lucu-lucu
nalika kuwi kabeh diterangake dening gnruku. Nanging saiki aku nemoni contone neng
sampeyan, lan nyatane pait yen dirasakake. Blas ora ana lucune. Sampeyan aja
mbayangake yen aku ora ngerti apa-apa ngenani Windarti kuwi. Data-datane lengkap,
wiwit asal-usul nganti biografine, klebu kang nyritakake hubungane karo sampeyan. Aku
ngerti uga, ning nuwun sewu lho Mas, nalika ditinggal Windarti kuwi meh wae sampeyan
setres, ta? Njur sampeyan dhek semana terus ketemu aku. Wektu kuwi, aku kanggone
sampeyan mung ora luwih saka kanca kang kena kanggo ngilangi rasa sepi. Aku ngerti
kuwi kabeh, Mas. Nanging karana nggonku isih mambu pupuk lempuyang, manawa ora
karana gedhene tresnaku karo sampeyan, aku ora nate nyujanani kahanan. Kanthi crita
sampeyan kuwi aku malih ngerti yen sampeyan luwih isa jujur, isa terus terang karo liyan
tinimbang karo aku. Embuh yen sejatine sampeyan kepengin crita karo aku, nanging arep
terus terang ora mentala. Iku lho, Mas, kang marahi aku keranta-ranta.’’

Aku bingung, kaya jaka klanthung kelangan lurung. Piye nggonku bakal bisa
njlentrehake nganti dheweke bisa nampa yen kabeh kang takgambarake ing Sawijining
Wengi Sangisore Wulan Ndadari mung sawijihing impen? Kamangka kuwi kabeh mung
impenku, ya impene wong kang lagi ngimpi dadi pengarang! Aku ora wedi kelangan
dheweke jalaran ing antarane aku lan dheweke ana tali kang luwih dene kuwat, kang ora
kena dipedhot manawa salah siji ana kang kepingin mbandhang sakepenake awit yen
manut pikirane aku iki ora nresnani dheweke kanthi sawutuhe tresnaku. Dheweke mesthi
nganggep yen tresnaku marang dheweke mung turahane kang wis nate takpasrahake ma-
rang Windarti.

Aku pancen nate andon tresna karo kenya aran Dartik, dudu Windarti. Nanging kang
andon tresna kuwi dudu aku kang crita iki, nanging aku kang nate tak critakake kuwi.
Kamangka antarane aku kang crita lan aku kang takcritakake, urip ing jagad kang beda.
Jagadku iki seje karo jagade aku kang takcritakake, seje karo jagade Dartik. Kanthi
mangkono mesthine ora ana alasan kanggo nyujanani sesambungan tresna antarane aku
lan Dartik kuwi, anggere isa milaih-milahake jagad kang beda-beda. Nanging piye
anggonku nggamblangake iki kabeh marang Sembadraku kuwi?

’’Apa kowe weruh dhewe Sri, karo kang kandhamu jenenge Windarti kuwi?’’

’’Durung. Ning, kapan-kapan aku mesthi bakal ketemu dheweke.’’

’’Lan kowe nganggep yen crita Sawijining Wengi Sangisore Wulan Ndadari kuwi nyata-
nvata nate kedadeyan?’’

’’Mesthine, kasunyatane malah luwih saka kuwi!’’

’’Kowe yakin tenan?’’

’’Yakin!’’

’’Yen ngonoa, kang kok yakini kuwi ora beda karo kang takcritakake kuwi. Kabeh mung
alelandhesan angen-angen. Saiki timbang angel-angel, ngenge wae Sri: bayangna, wulan
ndadari kuwi ana ngendi panggonane. Upamane awake dhewe iki duwe gegayuhan bakal
padha dene ngesok katresnan ana sangisore wulan ndadari kuwi, apa bisa klakon? Mokal
Sri, kuwi sawijining bab kang mokal banget kelakone. Ya kaya kang takcritakake kuwi.
Ora bakal klakon, kejaba yen mung jroning crita!’’ []

sumber: JB
JAKA DURUNG DUWE SIM

PAS surup ana pit montor mbandhang liwat ngarep omahe Simul. Swarane seru
mbengung, ngumandhang ngratani kampung. Bantere kaya disawatake. Pas neng ngarep
omahe Simul gas-gasane disendhal-sendhal, sajak digawe-gawe. Digawe ngece. Kupinge
Simul kang wis sumriwing brebegen swarane dadi tansaya panas. Atine Simul luwih
panas maneh. Dhadhane kemrungsung. Jalaran, kang ngebut kuwi pancen Jaka. Pit
montore isih gres, anyar klenyar-klenyar. Dhasare Jaka pancen anake wong sugih, wong
gedhe sekentol; seje karo wong tuwane Simul kang gedhene mung sajenthike wong
gering.

Nanging Simul ora dadi panas atine merga Jaka duwe pit montor anyar. Uga ora merga
Jaka seneng ngebut liwat dalan ngarep omahe. Yen tiba nganti benjut rak ya disangga-
sangga dhewe. Lha. Kang marakake dhadhane Simul dadi kemrungsung ora ana liya
kejaba kembang pepujaning atine: Nunik, kang katut kebandhang kegiwang Jaka.
Mangka wis karotengah taun Simul lan Nunik bebarengan nglaras tembang-tembang ing
sumilire angin mbabar arum gandaning katresnan. Tresnane Simul marang Nunik
prasasat wis katali sutra jingga; mung kutahe getihe kang bisa misahake. Mung kari
ngenteni dadine kembar mayang; kari ngenteni tibaning mangsakala. Simul ora nate ngira
ora nate ngimpi yen kedadeyane bakal kaya ngono.

’’Piye Mul, yen ngono iku?’’ pitakone Nuryanto, kanca rakete Simul, sawijining wektu
ngemu panyurung, setengah nantang ati lanange.

’’Upama kowe piye?’’

’’Sikat wae! Apa wedi karo bapake?’’

’’Ya ora ngono. Aku ya isih eling yen aku iki lanang, lan ya ora wedi getih. Ning rak
kabeh iku saranane dipikir luwih dhisik.’’

’’Yen dadak dipikir, iku jenenge ya isih mamang!’’

’’Ya ora. Saiki coba ta, takbelanana nganti bundhas wong Nunik dhewe ya seneng, kok.
Arep piye? Apa ora malah bakal ngeler wirang? Wong aku karo Nunik kuwi ya durung
dikembarmayangi. Aku duwe hak apa?’’
’’Dadi kowe wis trima dienyek kaya ngono kuwi?’’

’’Ya ditrimak-trimakake. Jane ya panas rasane ati iki. Nanging arep piye maneh? Rak ora
ana kang bisa disalahake. Nyatane Nunik seneng diboncengake pit montor, kok. Mangka
wedhus gudhigen wae aku ora duwe. Karodene yen Nunik dhewe pengin pindhah tangan
kuwi rak ya hake, wong aku ya paribasane durung nyekel es-te-en-ka-ne.’’
Simul pancen mung lagi bisa ngelus dhadha; ngelus-elus dhadhane kang selot
kemrungsung. Luwih-Luwih yen wis tiba wayah bengi, nalika dheweke niba-tangi ing
sepi-sepine dhewe.
Lan bengi kuwi, rembulan sesigar medhangkrang neng tengah langit dikepung abyore
lintang-lintang. Angin sumilir dlusupan ing sela-selane gegodhongan. Jaka mban-
dhangake pit montore nasak sepi-sepine wengi ing padesan. Hawa wengi saya adhem;
marakake Nunik tambah kangset olehe ngethapel ing boncengan.

’’Aja banter-banter Mas. Adhem ki lho!’’

’’Adhem pa wedi?’’

’’Ya adhem ya wedi. Sampeyan mau kok ya ra nggawa helem ta?’’

’’Lali.’’

’’Sampeyan kuwi kok ya le sembrana. Sampeyan rak durung duwe SIM ta? Yen nganti
ketangkep piye, hayo!’’
’’Mandhak bengi-bengi wae kok.’’

’’Kok bengine. Yen ana apa-apane? Yen awake dhewe nganti tiba, nganti nemen; apa ore
banjur konangan yen awake dhewe ora nganggo helem? Mangka sampeyan durung duwe
SIM. Tinimbang dhuwit nggo mbayar dhendhan apa ora angur nggo ragad temantenan?
Iku yen mung didhendha. Yen sampeyan nganti mlebu pakunjaran apa ra ya aku melu
kelangan?’’

’’Ya pendongane aja nganti tiba. Aja nganti konangan.’’

’’Mulane aja banter-banter. Wedi tenan aku, Mas!’’

Dielingake kaya ngono, Jaka malah saya ndadra. Pit montore malah saya dibanterake.
Mangka saya mlebu kampung dalane saya nggronjal. Nunik saya wedi. Rumangsa
panyaruwene ora direwes, Nunik saya ngethapel sambi nyiwel dhadhane Jaka. Nanging
Jaka malah saya seneng. Ora saya seneng merga ciwelane, ning saya seneng merga
kethapelane.

’’Mas!’’

’’Hm.’’

’’Wedi ki lho, aku!’’

’’Ora usah wedi. Wis ta, percayaa karo aku.’’

’’Wis percaya. Ning panggah wedi kok!’’

’’Yen alon-alon ora ndang teka.’’


’’Ayo bali mulih wae, Mas!’’

’’Lho, kok bali, isih yah mene wae lho!’’

’’Hhhh...’’

Pit montor saka jinis paling mutakhir kuwi saya mberung; saya ninggalake kampung.
Tujuwane: Sendhang Tirtarasa; watara selawe kilo saka desa Pagermanglung. Sendhang
iku wis kondhang, lan saya kesuwur pinangka papan wisata. Kok bengi-bengi? Bengi-
bengi ya rame, senajan mapane ing tengah alas gung linang-liwung. Malah luwih akeh
kang mara ing wayah bengi; sababe yen awan padha megawe. Lan maneh, banyune
sendhang kang dianggep marakake awet enom iku ora pati duwe khasiyat yen wayah
awan.

Wengi saya nggremet. Adhem saya ngeket. Lintang-lintang lan rembulan sesigar
kungkum neng jero sendhang. Angin sumilir mbabar arum gandane kembang. Kembang
mbarang-mbarang.

’’Nik?’’

’’Hm.’’

’’Wis teka!’’

Jaka milang-miling nggolek papan kanggo markirake pit montore. Dumadakan ana luwak
liwat nyabrang dalan. Jaka dadi kaget gedandapan. Sikile midak rem, ning tangane malah
nyendhal gas-gasan. Pit montor mberung sanalika, monting, lan banjur nyasak grumbul
sawise nglumpati kalenan sapinggire dalan. Wong loro bareng tiba cekakaran. Rembulan
sesigar mesem. Lintang-lintang uga mesem. Nunik prembik-prembik nangis kelaran. Lara
merga nandhang tatu. Getih seger netes-netes saka tatune. Jaka mung kebarut-barut.

’’Wis, ora usah nangis. Mung tatu ngono wae kok,’’ kandhane Jaka karo nyoba
nangekake Nunik. Rembulan sesigar lan lintang-lintang saya mesem. Nunik bisa ngadeg,
nanging mlakune sajak angel.

’’Mas, ayo bali wae!’’

’’Lara banget, Dhik?’’

’’Perih!” surnaure Nunik sambi mringis, mrecing nyangga rasa.

Nunik lungguh neng watu nalika Jaka nangekake pit montore. Pit montor diuripi, njut
wong loro bareng bali nyasak tintrime wengi. Teka omah wis wengi banget. Lawang wis
kancingan. Sadurunge pamitan Jaka mbisiki Nunik supaya ora ngetarak-ngetarakake
olehe mentas gulung-koming neng grumbulan.
Tatune Nunik kang wiwitane dianggep sepele nyatane saya suwe ora malah saya mari.
Kanthi sesidheman Nunik mertamba nyang dhokteran. Sejene iku uga pijet. Ora mung
pisan pindho. Kerep. Nanging sajak panggah ora ana asile. Rasane awake saya ora karu-
karuwan. Nganti wusanane dheweke pasrah, ora bisa maneh nutup-nutupi olehe saya ora
sigrak kaya biasane. Lan, ora bisa ora blaka nalika dheweke didhedhes wong tuwane.

’’Ngono kok ya ra kandha dhek anu dhek anu. Ya yen mung tatu biasa wae. Yen nganti
gegar otak piye, coba!’’ Bapake Nunik nutuh.

Sedhela wae kabar ngenani kahanane Nunik iku wis sumebar warata saindenging
kampung. Simul uga wis krungu, dikandhani Nuryanto.

’’Mul, wis krungu kabar?’’

’’Kabar apa?’’

’’Kacilakan. Nunik kacilakan!’’

’’He!! Lha, wingi aku ketok dheweke neng pasar. Kapan?’’

’’Wis suwe. Mung, maune isih digawe wadi.”

’’Lho. Kok…’’

’’Kira-kira wiwitane ora pati dirasakake. Mangka sajake gegar otak.’’

’’Sepedhah montor? Karo Jaka?”

’’Ya.’’

’’Gegar otak tenan?’’

’’Kang iku durung dipesthekake. Isih ngenteni katrangan resmi saka dhokter. Kang wis
cetha, dhukun kang nate mijeti kandha --wonge dhewe wingenane kandha nyang aku--
yen wetenge Nunik kengser lan angel dibenakake. Ning, kang luwih bahaya maneh yen
gegar otak tenan.’’

’’Apa ora nggawe helem?’’

’’Kira-kira ora. Ning puluh nggawea helem, wong Jaka kuwi durung duwe SIM kok.
Harak ya panggah gedhe redanane!’’

’’Ya ngono iku oleh-olehe yen mung mburu penake. Durung duwe SIM kok wis wani-
wanine nimpaki pit montore!’’
’’Kathik, ora heleman pisan!’’
Simul lan Nuryanto ngguyu bebarengan. Ngguyu-ngguyu welas. Welas marang kang lagi
kebulet buntute kacilakan. []

Sumber: JB

WONG LORO PADHA NGANGGO KLAMBI IJO

LATIHAN njoged kang dianakake saben dina: Senen, Rebo, lan Setu, nyata wis
ngraketake Ayu Mawarsari karo Bayu Argantana. Raket sesambungan pasrawungane.
Raket jalaran kerep ketemu, jalaran kerep bebarengan budhal menyang lan bali saka
papan latihan. Sesambungan antarane kang nglatih lan kang dilatih kang maune kaku,
Saki, wis ora. Ora kaku maneh.

Nyata bab kuwi ndadekake kemerene kanca-kancane Ayu. Tenan. Emane, ngetung siji-
siji kang dadi runtik atine kuwi mung bakal nglanturake crita iki. Ora! Karodene ya
kanggo apa ngenalake kang padha ngingu uler neng njero ati kuwi. Eman-eman. Tenan.

’’Mas Bayu dereng kondur teng Yoja?’’

’’Yen aku bali apa arep melu?’’ batine Bayu, ’’O, upama gelem melu, mesthi wae banjur
dadi tambah seneng atiku. Yen ora, malah rasane kok aras-arasen bali, ngono! O, bocah
kok ayune, hm, ayu kathik sajeneng-jenenge pisan. Ayu jenenge, ayu rupane, ayu atine.
O, irunge, hm, mbok aku disilihi sedhela wae!’’

Sepisan maneh, tembung-tembung kuwi mau mung kandheg neng pambatinane Bayu
wae. Yen ana kang banjur kelair, kuwi tembung-tembung seje.

’’Ah, kok panggah krama wae ta? Coba, yen aku banjur mangsuli nganggo krama inggil,
kepriye ... hara!’’
Ayu dhewe sajak isih katon rada kikuk. Bocah Panggul kang nyata ayu manis kuwi
ngrumangsani yen tembung-tembung kramane wae isih kalah alus karo tembung--
tembung ngokone Bayu.

’’Iya, Mas. Ning, anu lho, ya ngene iki. Kaku! O, iya, jare anu Mas, neng Yoja kuwi,
wong misuh wae kudu nganggo tembung krama, malah krama inggil. Beda banget ya
Mas, karo basane wong kene, basane wong adoh kampus cedhak kakus. Neng Yoja ora
ana Mas ya, kakus kang paling dawa sangalam donya kaya neng kene?’’

’’Hehehehe…! Hm, ya ana! Mung, luwih arang apa luwih kerep digunakake, kuwi seje
perkarane.’’

’’O, iya Mas. Pitakonku mau durung diwangsuli. Kapan sampeyan bali nyang Yoja?’’

’’Ya, yen ka-ka-en-e wis rampung.’’


’’Ngenteni rampunge, mangka telung wulan. Apa ora selak kangen?’’

’’Wingenane, bapak, ibu, lan adhiku wis mrene. Mau esuk lagi bali.’’

’’Lha, adhik sampeyan kang sijine maneh?’’

’’Lho, kok ngerti yen adhiku ana loro? Enjang kuliah neng Jakarta, dadi ora bisa melu
dolan mrene.’’

’’Dudu kang kuwi, Mas?’’

’’Lha, kang endi?’’

’’Kang sijine maneh.’’

Bayu lagi sambung karo kang dikarepake Ayu.

’’O, yen kang kuwi, malah aku mesthi banjur kangen yen bali menyang Yoja.’’

’’????’’

’’Bocahe malah neng esem-a kene jare!’’

’’O, sampeyan pindhahake mrene ta. Sampeyan apa, mm, utawa si adhi kuwi mau, apa
duwe sedulur neng kene? Pokoke pindhah satutuge wae. Yen mung telung wulan, ee, kok
ya olehe kebacut!’’

’’Lho. Ora. Ora pindhah kok.’’

’’O, lagi nerusake, mm, dhaptar lebonan wingi kuwi?’’

’’Dakkandhani ya? Ning ja kaget. Tenan. Kaget mono njalari lara. Neng njero dhadha.
Angel tambanane.’’

’’Mung kuwi?’’

’’Apane?’’

’’Kang bakal sampeyan kandhakake mau.’’

’’Ora. Kuwi lagi ancang-ancang. Ngene: adhiku kang siji iki, kang sekolah neng es-em-a
Panggul, pancen adhiku kang ayu dhewe. Ayu sembarange. Tenan. Wong jenenge wae
ya….. Ayu!’’

Sakala lambene Ayu gemeter, kaprebawan dening jejantunge kang mesthi wae luwih
gemeter. Ora ana perlune dheweke nyalahake bledheg kang mentas nyamber. Nyabet
pipine kang dumadakan katon semburat. Abang tomat. Legine? Wooo, manis!

Kuwi kabeh mung jalaran. Wiwitan. Pambuka. Lan, mesthi dudu Bagus Argantana kang
anggota Senat neng Fakultase yen banjur mbutuhake wektu suwe kanggo ngajak Ayu
ambyur nyang intine lelakon. Ya, lelakone wong sakloron kang sengsem lelumban neng
telenging katresnan.

’’Mas Bagus, sesuk dina Minggu. Dolan nyang Pelang ya?’’

Saiki Ayu wis wani ajak-ajak. Malah, kandhane Siti Kamsiah --kancane Bagus kang saka
jurusan Sandiwara kuwi-- wis wani ngalem barang. Wah!

’’Lho, sesuk rak latihan ta?’’

’’Ya, bubare aja wengi-wengi!’’

’’Yen wiwite wae wis jam telu?’’

’’Gampang, Mas. Sesuk wiwit jam siji. Mengko aku kang ngandhani kanca-kanca.
Pokoke tanggung beres!’’

’’Yen ngono tenan, bakal seneng banget, aku!’’

Lho, rak tenan. Ayu wis wani nyiwel mas Baguse!

’’Wis ping pira Mas, sampeyan dolan menyang Pelang?’’

’’Ping pindho. Arep ping telu iki.’’

’’Wis mlebu guwa Kere?’’

’’Durung. Mm ... uwis??’’

’’Uwis. Hmm, njerone, huapiik banget.’’

’’Ora wedi?’’

’’Ora.’’

’’Ana kancane?’’

’’Ya, ana, ta!’’

’’Lha, kuwi apa!!’’

’’Apane, Mas?’’
’’Kancane kuwi! Kang marahi wani. Ora wedi. Malah seneng!’’

’’Mesthi wae. Nggo apa susah digawa mrana?’’

’’Lho, kok!’’

’’Iya.’’

’’Ora ana kang medeni?’’

’’Ana.’’

’’Apa?’’

’’Ombak.’’

’’He!’’

’’Wis ta, Mas. Pokoke sesuk wae!’’

’’Apane?’’

’’Bola-bali kok, apa, apane!’’

’’Lho, lha, iya.Terus apa? Liyane apa lan apane? Hee?’’

’’Embuh, ah!’’

’’Lho, kok embuh!’’

’’Hhhhhh……!’’

’’?????’’

’’Mmmm!’’

’’Ah.’’

’’Hhhh!’’

’’Sesuk, ya?’’

’’Wedi, Mas!’’

’’Senajan ana kancane?’’


’’Embuh, ah!’’

’’Bola-bali kok: embuh ah!’’

’’Ya ben. Kae lho, kanca-kanca wis padha teka!’’

Latihan njoged diwiwiti, neng latar Kadhikbudan kecamatan Panggul. Kang nglatih Bayu
Argantana, mahasiswa ka-ka-en saka sawijining pawiyatan luhur ing Ngayogyakarta,
dibantu dening Siti Kamsiah, kancane. Kang latihan akeh. Ana yen mung selawe wae.
Kathik, embuh pancen dijarag apa piye, kabeh prawan kemambung kanthi prejengan
--rata-rata-- saka klas bintang iklan televisi utawa aktris sinetron. Tenan. Lan, ing
antarane kang huayu-huayu kuwi; Ayu Mawarsari pancen kang huayu dhewe.

Ayu wiwit ngipatake sampure kang banjur nyempyok wiramaning gamelan. Nyempyok
ati loro kang wis dhepleng dadi siji. Ayu ngigel. Ngigel saati-atine, ya atine kang lagi
ketaman sengsem. Nyawang egolane, wo, jantunge sapa kang ora kaya gogrog? Tenan,
kok!

Dina Minggu. Bubar latihan, Ayu sida ngethapel ing boncengan, diplayokake Bayu
menyang pesisir Pelang nganggo sepedha montor bebek wetonan paling anyar. Kang
luwih pas: Ayu lan Bayu mlayokake ati loro kang wis dhepleng dadi siji. Ah, emane, kok
ora ana kang ngelikake manawa kekarone budhal nganggo klambi ijo. Mangka kuwi
klebu walerane gisik Pelang, walerane jagad.

Crita ngenani nom-noman kaya Ayu lan Bayu kuwi --kang dolan menyang Pelang
nganggo klambi ijo njur nemahi kacilakan-- dudu crita ngayawara. Ya, kacilakan cilik,
ya, kacilakan gedhe. Tenan. Hm, gek piye yen bocah loro kuwi wis tekan puthuk ing
sandhinge sungapan Pelang. Gek piye yen sekarone ilang ing antarane ijone suket, ijone
gegrumbulan, ijone langit, ijone banyu segara? Piye yen sekarone kerem ing telenging ati
loro kang wis dhepleng dadi siji, dadi ijo royo-royo kuwi?

Lho, rak tenan! Lagi ungak-ungak guwa Kere, sekarone dipapagake macan samontor
tengki gedhene. Nyritakake lelakon sabanjure, jan mesakake. Mung, bareng wis surup
durung padha bali, desa Bodhag dadi geger. Dudu gegere wong ngoyak macan, ning
gegere nggoleki kang wayahe wis neng ngomah kok durung teka-teka. Bareng ana kang
kandha yen lungane bareng lan padha nganggo klambi ijo, gegere tambah rame. Kanca--
kancane Bayu, kanca-kancane Ayu, kabeh padha bingung pating bilulung. Pak Lurah
saandhahane katut melu kontrang-kantring. Ya, saora-orane pikirane. Ana kang marani
Mbah Dhukun, ana kang nyusul menyang Konang, ana kang nyusul menyang Pelang.
Nampa kabar yen bocah sakloron ngidul parane kanthi klambi ijo, akeh kang banjur dadi
pupus pengarep-arepe.

Yen wayah ngisak ana bocah loro teka nganggo klambi ijo, kuwi pancen ya Bayu karo
Ayu. Dudu arwahe. Bocah nom-noman kang isih padha cupet nalare alok, ’’Huuu, malati
gombale mukiya! Genah Mas Bayu nganggo klambi ijo, ya, bisa bali wutuh ngono kok!’’
e, ya ora kena dipaido.

Njur kepriye crita sanyatane ngenani macan kang mapagake bocah loro neng Guwa Kere
kuwi? Lha, ya kuwi! Untunge, ya, untunge kok macan kuwi wis ompong. Jan, ompong.
Saking tuwane kira-kira wae. Ning, bocah loro kuwi kadhung diameti. Mula saka kuwi,
sadurunge Bayu bali menyang Ngayogya, saka pamrayogane Pak Lurah, wong tuwane
Ayu merlokake nanggap wayang kulit saperlu murwakala kang padha nate kumpul neng
njero cangkeme macan. []

Sumber; JB

You might also like