You are on page 1of 6

Sèwu Kutha.

 Sèwu kutha wis tak liwati, sèwu abdi tak takoni


 Nanging kabèh padha ra ngertèni, lungamu ning endi
 Pirang taun anggonku nggolèki, seméné durung bisa nemoni

o Wis tak coba.. nglalèkaké


o Jenengmu saka atiku
o Sak tenané aku ora ngapusi
o Isih tresna sliramu

 Umpamané kowé uwis mulya, lila aku lila


 Iyo mung siji dadi panyuwunku, aku péngin ketemu
 Senajan sak kedhèping mata, kanggo tamba kangen jroning dhadha

o Wis tak coba.. nglalèkaké


o Jenengmu saka atiku
o Sak tenané aku ora ngapusi
o Isih tresna sliramu

 Umpamané kowé uwis mulya, lila aku lila


 Iyo mung siji dadi panyuwunku, aku péngin ketemu
 Senajan wektu mung sedhéla, kanggo tamba kangen jroning dhadha..
 Senajan sak kedhèping mata, tak nggo tamba.. kangen jroning dhadha.

Minggat

 Sri, kapan kowe bali, kowe lungo ora pamit aku


 Jarene ning pasar, pamit tuku trasi, nganti saiki kowe durung bali
 Sri opo kowe lali, janjine sehidup semati
 Aku ora nyono, kowe arep lungo, loro atiku, atiku loro

 nDang baliyo Sri, nDang baliyo, aku loro mikir kowe ..


 nDang baliyo Sri, nDang baliyo, tego temen kowe minggat ninggalake aku
 Yen pancene Sri, kowe eling aku
 Ndang baliyo, aku kangen setengah mati

 Sri, kapan kowe bali, kowe lungo ora pamit aku


 Jarene ning pasar, pamit tuku trasi, nganti saiki kowe durung bali
 Sri opo kowe lali, janjine sehidup semati
 Aku ora nyono kowe arep lungo, loro atiku, atiku loro

 nDang baliyo Sri, nDang baliyo, aku loro mikir kowe


 nDang baliyo Sri, nDang baliyo, tego temen kowe minggat ninggalake aku
 Yen pancene Sri, kowe eling aku
 Ndang baliyo, aku kangen setengah mati 2X
Stasiun Balapan.

 Ning stasiun Balapan, kutha Sala sing dadi kenangan,


 Kowé karo aku.. nalika ngeterké lungamu
 Ning stasiun Balapan, rasané kaya wong kélangan,
 Kowé ninggal aku.. orak krasa nètès eluh ning pipiku

o Dah.. dadah sayang


o Dah.. slamat jalan

 Janji lunga mung sedhéla, jaré sewulan rak ana


 Pamitmu nalika semana, ning stasiun Balapan Sala
 Jaré lunga mung sedhéla, malah tanpa kirim warta
 Lali apa pancèn nglali, yèn éling mbok énggal bali

 Ning stasiun Balapan, kutha Sala sing dadi kenangan..

Sekonyong-konyong Kodher

 Cintaku sekonyong konyong koder


 karo kowe cah ayu sing bakul lemper
 lempermu pancen super
 resik tur anti laler
 ra kepethuk sedelo ning sirah nggliyer

 cintaku sekonyong konyong koder


 paribasan durung ndemek wani panjer
 modal bensin seliter
 motorku tak stater
 tak ampiri ayo tak jak muter muter

 tiwas aku dandan mlipit


 rambutku lengane pomit
 jebul kowe lungo plencit
 ora pamit mit.. mit.... mit...mit...

 bir.......... temulawak...
 ngonku mikir neng awak nganti rusak..
 rusak.......njobo njero...
 sing tak pikir jebule koyo ngono
Parangtritis

 Rasane kepengin nangis yen kelingan parangtritis


 Rasane koyo diiris
 Naliko udah gerimis rebo wengi malem kemis
 Ra nyono ra ngiro janjimu jebul mung lamis

 Parangtritis
 Neng kono ono wong manis
 Yen eling kowe reneo gelis
 Parangtritis
 Neng kono ono wong manis
 Yen eling aku kepengin nangis

 Ombak gede katon ngawe-awe


 Nelongso neng ati rasane
 Ombak gede sing dadi seksine
 Isih kelingan tekan seprene

PAMITAN

ilanono pamit muleh,


pesti kulo yen didi jodone,
mugo enggal antuk sulih,
wong sing biso ngladeni slirane,

pancen abot jroning ati,


ninggal ndiko wong sing dak tresnani,
nanging bade kados pundi,
yen kawulo....
sadremo nglampahi....

mung semene... atur puji kario raharjo,


sak pungkure... ojo lali, asring kirim warto,

eman-eman benjang ndiko,


yen to nganti digawe kuciwo,
batin kulo mboten lilo,
yen to nganti mung disiyo-siyo..
TRESNO SUDRO

Aboting wong nandang tresno


Tak belani nganti tekan pati
Tresnaku mung kanggo siro
Kusumo ayu sing merak ati

Awan bengi ra biso lali


tansah eling esem mu
Nganti kapan aku rangerti
biso nyanding sliramu

Abote dadi wong sudro


tresno tulus ora dipercoyo
Wong tuwo ngumbar sujono
tansah ngiro aku wong durjono..

Pancen dalan sing tak liwati..


ngalor ngidul mung dengkul..
paribasan turu kelesetan
uripku tansah cedhak pancoban..

Cah ayu..cah ayu tak enteni…


Lilane wong tuwamu maringke kowe..
Sing sabar…sing sabar yo tresnaku…
Ing tembe mburi bakal dadi duwekku

Duh..Gusti… sing tak Puji..


Paringono dalan..kanggo tresnaku..

BENGAWAN SORE
Ning pinggiring bengawan
Tansah setyo ngenteni sliramu
Eling eling jamane semono
Wis ndungkap petung ketigo

Ning pinggiring bengawan


Saben saben mung tansah kelingan
Wus prasetyo ing janji kang suci
Ing lahir terusing ati
Sanadyan koyo ngopo manungso
Mung biso ngreko lan njongko
Gusti kang paring idi lan pesti
Kito sak dermo nglampahi

Ning pinggiring bengawan


Wayah sore tan soyo kelingan..
Gawang gawang esemu cah ayu..
Gawe sedihing atiku..

BALEN
Jan jane dik aku wis rindu
Wis rong tahun lawase ora ketemu
Eling eling dik jamane semono
Runtang runtung anane ra ono liyo..

Jan jane mas.. aku wis lali..


Gelang alit bebasan kang mungguh ing driji..
Nora gampang nambani cuwaning ati
Ra semoyo mas aku ra janji..

Horotoyoh.. nganggo teklek kecemplung kalen


Timbang golek dik sing apik luwung balen..
Sabar mas.. mbok sabar ora kesusu..
Yen kesusu tundone wis mesti kleru..

Estu dik wis dadi antebing kalbu..


Tak belani jiwa raga tulusing ati
Sabar bola bal iwis tak aturi
Yen kuciwa njur getun tibane mburi..

NGIMPI
Sripat sripit lembehane mrak kasimping
Gandhes luwes wiragane anglamlami..
Sedhet singset besus angadi busono
Dasar ayu maksih kenyo tan kuciwo..

Dak caketi.. aduh mesem sepet madu..


Nora sronto tak gandeng malah gumuyu..
Katon bungah kenyo kang pindo hapsari..
Kuciwane kabeh mau.. among ngimpii….

NALONGSO

Banget ora ngira nalangsa atiku


Sarawunge kang adoh papane..
Pancen di pisahke
Dening panggawene..
Kang tansah sarju
Mungtansah adu adu..
Memanismu..
Kang nyata dadi atiku..
Jo kuwatir nora kendat
Nggonku tansah mikir…

Aja hanalongso
Uriping manungso…
Pasrah pasti
Mring kersaning Ywang Widhi….

You might also like