You are on page 1of 11

Prosesi Pernikahan Adat 

Jawa

Indonesia yang kaya akan berbagai ragam budaya, adat istiadat dan tradisi yang dimiliki
merupakan karya budaya pendahulu kita. Kebanyakan orang hanya mengenal prosesi
pernikahan yaitu siraman dan midodareni, padahal ada beberapa rangkaian prosesi lain yang
tak kalah pentingnya, walaupun terkesan ribet dan njelimet. Namun tidak ada salahnya untuk
mengenal lebih jauh dari pada prosesi pernikahan adat jawa.

Prosesi pernikahan adat jawa dimulai dengan acara siraman, yang dilakukan sebagai proses
pembersihan jiwa dan raga yang dilakukan sehari-hari sebelum ijab kobul.

Ada 7 (tujuh) pitulungan (penolong) yang melakukan proses siraman, artinya merupakan
campuran dari kembang setaman atau yang disebut Banyu Purwitosari yang diambilkan dari
7 sumber mata air (sumur). Dimulai dari siraman oleh orang tua calon mempelai, kemudian
siraman oleh pemaes (penghias) yang dilanjutkan dengan memecahkan kendi. Menginjak
malam acara dilanjutkan dengan midodareni, yaitu malam kedua mempelai melepas masa
lajang. Dalam acara yang dilakukan dirumah kediaman perempuan ini diadakan acara
nyantrik untuk memastikan pengantin laki-laki akan hadir pada ijab kobul dan kepastian
bahwa keluarga mempelai perempuan siap melaksanakan perkawinan dan upacara panggih.

Upacara Panggih

Selesai acara akad nikah dilakukan upacara Panggih, dimana kembang mayang dibawa keluar
rumah dan diletakkan dipenyimpanan dekat rumah yang tujuannya untuk mengusir roh jahat.
Setelah itu pengantin perempuan yang bertemua dengan pengantin laki-laki akan melanjutkan
upacara dengan melakukan rangkaian kegiatan :

1. Balangan Suruh, yaitu melempar daun sirih yang melambangkan cinta kasih akan
kestiaannya berdua.

2. Wiji Dadi, mempelai laki-laki menginjak telor ayam hingga pecah, kemudian mempelai
perempuan membasahi kaki sang suami dengan air bunga. Proses seperti ini melambangkan
seorang suami dan ayah yang bertanggung jawab terhadap keluarganya.

3. Pupuk, Ibu mempelai perempuan mengusap mempelai mantu laki-laki sebagai pertanda
ikhlas menerimanya sebagai bagian dari keluarganya.

4. Sinduran, artinya disini berjalan perlahan-lahan dengan menyampirkan kain sindur


sebagai tanda bahwa kedua mempelai sudah diterima sebagai keluarganya.

5. Timbang, kedua mempelai di pangkuan bapak mempelai perempuan sebagai tanda kasih
sayang orang tua terhadap anak dan menantu sama besarnya.

6. Kacar-kucur, yang dituangkan ke pangkuan perempuan sebagai simbol pemberian


nafkah.

7. Dahar Klimah, saling menyuapi satu sama lain yang melambangkan kedua mempelai
akan hidup bersama dalam susah maun senang.
8. Mertui, orang tua mempelai perempuan menjemput orang tua mempelai laki-laki di depan
rumah untuk berjalan bersama menuju tempat upacara.

9. Sungkeman, kedua mempelai memohon doa restu dari kedua orang tua.

Upacara Siraman

Ini adalah panduan ataupun tuntunan untuk acara pernikahan dengan adat jawa (yang cukup
rumit), sebelum acara pahargyan. Pada malam midodareni disana ada upacara siraman yang
dilakukan oleh Bapak dan Ibu kepada kedua calon mempelai. Berikut cara melakukan
siraman yang dikemas dalam bahasa jawa.

Upacara siraman, tinarbuka kanthi sowanipun putra calon penganten putri mjil saking sasana
busana, manjing ing madyaning sasana upacara
Kalajengaken adicara pangabekten atur bektinipun putra calon penganten putri kakanthi
dening rama lan ibu, tumuju dhumateng papan pasiraman, ingkang kawiwitan saking para
pinisepuh, lajeng dipun pungkasi dening keng ramanipun putra calon penganten putrid.
Wekasing sedya, tinengeran pamecahing Kendhisari.
Rapal mecah kendhi : Ora pati-pati mecah kendhi, nanging mecah Kendhisari, mecah
pamore anakku jabang bayine Dyah …………………………….. (naminipun putra calon
penganten putri), kadya mas sinangling, saking karsaning Allah.

 
Sabidaripun siraman, putra calon penganten putrid kapobong dening ingkang rama, tumuju
dhumateng sasana busana, saperlu nindakaken upacara potong/pagas rikma. Sasampunipun
rikma kapotong dening ingkang rama, tinampi dening ingkang ibu lajeng katanem wonten
sangajenging dalem.
Rapal potong rikma : Ora ngguwang-ngguwang rambut, nanging angguwang sesukering
anakku, kariya beja mulya, rahayu uripe.
Sasampunipun pegas rikma, kalajengaken adicara sadean dhawet. Kang rama saha ibunipun
putra calon penganten putrid tumuju dhateng sasana sadean dhawet. Ingkang ibu anggendong
senik wadah arta. Wondene ingkang rama hamuyungi. Sade dhawet kawiwitan dening
ingkang ibu, dene ingkang rama hanampi arta sinambi mayungi. Pikantukipun arta kabuntel
lajeng kaparingaken dhateng putra calon penganten putrid. Wondene pangandikanipun ibu
dhumateng putranipun mekaten :
Ibu : Anakku ngger Dyah ……………………………… tampanana dhuwit, oleh-
olehane dodol dhawet, muga-muga kena kanggo pawitane uripmu, lan iki jajan pasar maneka
warna, pinangka pralampita Manawa ing bebrayan agung kuwi isine maneka warna, sing bisa
anggonmu leladi ing bebrayan ya ngger.
Putra : Inggih Ibu, ngestokaken dhawuh.
Wondene minangka paripurnaning upacara siraman, inggih punika dhahar sekul tumpeng.
Keng ramanipun putra calon penganten putri motong tumpeng sajen siraman, kaparingaken
dhateng keng ibunipun putra calon penganten putri, lajeng diparingi lawuh, tumunten
kaparingaken dhumateng ingkang putra calon penganten putri. Mekaten pangandikanipun ibu
dhumateng putranipun.
Ibu : Anakku ngger, sing tak tresnani, tampanana rejeki peparinging Gusti lumantar
rama lan ibu, muga-muga sega salawuhe iki murakabi sarandhuning badan lan ndadekake
seger bagas waras jiwa lan ragamu.
Putra : Inggih Ibu.

Secatur (sarupa, sajiwa, sawanda lan saekapraya)

Sarupa : kekalihipun rumaos menawi garwanipun punika bagus/ayu piyambak


Sajiwa : kedah saged momong watak satunggal-satunggalipun
Sawanda : adeging bebrayan pamonging gesang kekalih
Saekapraya : kedah jumurung dhateng karsa, cipta tuwin sedya ingkang sae lan utami

Tepa ing rasa, Dana ing tepa, Temen tobating rila


Tepa ing rasa : tepa menika ukuran, rasa punika pangraos. Samukawis patrap lan makarti
punika kedah manut raosipun piyambak. Menawi tumrap raosipin boten sekeca ing prayogi,
sampun dipun cakaken dhateng tiyang sanes
Dana ing tepa : rasa pangraosbmakaten punika, kula aturi ngecakaken ing bebrayan agung,
adatipun saged sumingkir saking watak srei drengki, jahil methakil, dahwen, panasthen,
kamiopen
Temen tobating rila : tumrap kakung, kanthi temen tresna garwa, martobat sampun tuman
rabi malih, rila legawa narima trusing batos garwa satunggal boten telas salaminipun,
adatipun saged nyaketaken tresna bektinipun garwa. Tumrap putrid semanten ugi, adatipun
nyaketaken sih tresnanipun kakung

Guna, Kaya lan Sura


Guna : sugih kabisan
Kaya : saged ngendalekaken asil
Sura : pun wani utawi kendel
Sadaya gegayuhan saged kaleksanan, jer linambaran kuwanen, kados piwulangipun Prabu
Rama dhateng Wanara Seta Anoman “Sapa wani ing gampang, wedi ing kewuh, samubarang
nora bakal bisa kelakon”

Gemi, Nastiti, Ngati-ati


Gemi : ora gelem ngetokake waragat kang ora perlu
Nastiti : weruh ing petung, ora gampang keblithuk
Ngati-ati : bias ngormati marang guna kayaning laki

Rigen, Mugen, Tengen


Rigen : bias nata amrih tata lan prayoga
Mugen : manut sapakon, nora rongeh
Tengen : teteg utawi tawakal

Kabrayan, Kahartan, Kayuswan, Kawibawan (Panca utamaning gesang balewisma)


Kabrayan : sugi anak
Kahartan : sugih dhuwit/rejeki
Kayuswan : dawa umure
Kawibawan : hanggadhahi watak budi luhur

Sasana, Busana, Baksana


Sasana : mbudidaya papan manut sakuwasanipun, dhedhasar sarujukan
Busana : ngagem busana manut sakuwasanipun, dhedhasar narima
Baksana : dhedhaharan ingkang jumbuh kaliyan wulu, wedalipun

Sama, Beda, Dana, Dhendha


Sama : pengrengkuhipun sami-sami ahli waris sami
Beda : nadyan darajat padha, reh kawajibanipun tetep beda
Dana : saged jagi asmanipun satunggal-satunggalipun
Dhendha : adiling ukum, boten wigah-wigih, elik-elik dhumateng sasaring tumindak
satunggal-satunggalipun

Malima (Momong, Momot, Momor, Mursid, Murakabi)


Momong : sage ding ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani.
Kajwi dhawuh ugi saged nuladhani
Momot : ing atasipun kakung sasaged-saged kedah asipat bebasan weteng segara gulu
bengaan. Tegesipun sarwa saged hamadhani awon lan sae, tan gampil serik lamun cinacat,
ugi boten gampil bombing menawi kaalembana
Momor : gampil ing pasrawungan, ingkang esthinipun mamrih jembaring pasrawungan,
miwah ngrembakaning karukunan, kanthi boten mbenten-mbentenaken derajat lan pangkat
Mursid : landep ing panggrahita, boten cengkah kaliyan tegesipun kautaman, ing idhep
hamung mamrih saya indhaking darajat brayat lan kulawarga, ingkang pungkasanipun
migunani tumrap bebrayan
Murakabi : boten among kangge kabetahaning brayat kemawon

Secatur (sarupa, sajiwa, sawanda lan saekapraya)

Sarupa : kekalihipun rumaos menawi garwanipun punika bagus/ayu piyambak


Sajiwa : kedah saged momong watak satunggal-satunggalipun
Sawanda : adeging bebrayan pamonging gesang kekalih
Saekapraya : kedah jumurung dhateng karsa, cipta tuwin sedya ingkang sae lan utami

Tepa ing rasa, Dana ing tepa, Temen tobating rila


Tepa ing rasa : tepa menika ukuran, rasa punika pangraos. Samukawis patrap lan makarti
punika kedah manut raosipun piyambak. Menawi tumrap raosipin boten sekeca ing prayogi,
sampun dipun cakaken dhateng tiyang sanes
Dana ing tepa : rasa pangraosbmakaten punika, kula aturi ngecakaken ing bebrayan agung,
adatipun saged sumingkir saking watak srei drengki, jahil methakil, dahwen, panasthen,
kamiopen
Temen tobating rila : tumrap kakung, kanthi temen tresna garwa, martobat sampun tuman
rabi malih, rila legawa narima trusing batos garwa satunggal boten telas salaminipun,
adatipun saged nyaketaken tresna bektinipun garwa. Tumrap putrid semanten ugi, adatipun
nyaketaken sih tresnanipun kakung

Guna, Kaya lan Sura


Guna : sugih kabisan
Kaya : saged ngendalekaken asil
Sura : pun wani utawi kendel
Sadaya gegayuhan saged kaleksanan, jer linambaran kuwanen, kados piwulangipun Prabu
Rama dhateng Wanara Seta Anoman “Sapa wani ing gampang, wedi ing kewuh, samubarang
nora bakal bisa kelakon”

Gemi, Nastiti, Ngati-ati


Gemi : ora gelem ngetokake waragat kang ora perlu
Nastiti : weruh ing petung, ora gampang keblithuk
Ngati-ati : bias ngormati marang guna kayaning laki

Rigen, Mugen, Tengen


Rigen : bias nata amrih tata lan prayoga
Mugen : manut sapakon, nora rongeh
Tengen : teteg utawi tawakal

Kabrayan, Kahartan, Kayuswan, Kawibawan (Panca utamaning gesang balewisma)


Kabrayan : sugi anak
Kahartan : sugih dhuwit/rejeki
Kayuswan : dawa umure
Kawibawan : hanggadhahi watak budi luhur

Sasana, Busana, Baksana


Sasana : mbudidaya papan manut sakuwasanipun, dhedhasar sarujukan
Busana : ngagem busana manut sakuwasanipun, dhedhasar narima
Baksana : dhedhaharan ingkang jumbuh kaliyan wulu, wedalipun

Sama, Beda, Dana, Dhendha


Sama : pengrengkuhipun sami-sami ahli waris sami
Beda : nadyan darajat padha, reh kawajibanipun tetep beda
Dana : saged jagi asmanipun satunggal-satunggalipun
Dhendha : adiling ukum, boten wigah-wigih, elik-elik dhumateng sasaring tumindak
satunggal-satunggalipun

Malima (Momong, Momot, Momor, Mursid, Murakabi)


Momong : sage ding ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani.
Kajwi dhawuh ugi saged nuladhani
Momot : ing atasipun kakung sasaged-saged kedah asipat bebasan weteng segara gulu
bengaan. Tegesipun sarwa saged hamadhani awon lan sae, tan gampil serik lamun cinacat,
ugi boten gampil bombing menawi kaalembana
Momor : gampil ing pasrawungan, ingkang esthinipun mamrih jembaring pasrawungan,
miwah ngrembakaning karukunan, kanthi boten mbenten-mbentenaken derajat lan pangkat
Mursid : landep ing panggrahita, boten cengkah kaliyan tegesipun kautaman, ing idhep
hamung mamrih saya indhaking darajat brayat lan kulawarga, ingkang pungkasanipun
migunani tumrap bebrayan
Murakabi : boten among kangge kabetahaning brayat kemawon

Gending iringan resepsi pernikahan


Gending-gending iringan pawiwahan ini disusun dalam satu paket untuk acara resepsi
pernikahan yang diadakan dirumah/gedung. Rangkaian dalam paket ini dimulai dari :

1. Gending yang diperdengarkan sebelum tamu undangan datang memasuki tempat


pawiwahan, antara lain :

 Geger Sekutha Pl.6


 Okrak-Okrak Sl.My
 Tukung Pl.5

2. Pada saat tamu sudah mulai berdatangan, dapat diisi dengan alunan gending-gending yang
ringan yaitu ladrang dan ketawang, seperti halnya :

 Ktw. Mijil Sulastri Pl.Br


 Ldr. Wilujeng
 Ldr. Sriwidodo

3. Persiapan untuk acara prosesi kirab, biasanya didahului dengan Ayak-Ayakan, yang
kemudian untuk mengiringi kirab temanten diiringi dengan Ktw. Langengita Srinarendra
Pl.Br :

 Ktw. Langengita Srinarendra Pl.Br

4. Pertunjukan tarian (apabila ada) antara lain Tari Karonsih, Tari Gambyong Pareanom dan
tarian lainnya.

 Beksan Gambyong Pareanom

5. Selesai acara sambutan dan do’a, langsung dialunkan gending-gending yang dipilih
seperti :

 Gd. Lobong minggah Kembang Pepe Sl.My


 Gd. Pujangga Anom Sl.My
 Gd. Bandhilori minggah Ldr. Eling-eling Kasmaran Pl.Br
 Bawa Sekar Mocopat Sinom dawah Lgm. Aja Lamis Pl.6

6. Sambil para tamu memberikan ucapan selamat, dapat diisi dengan aneka langgam atau
gendingan yang bersnuasakan suka ria seperti :

 Lgm Kenya Desa Pl.5


 Rujak Jeruk Sl.My
 Lanc. Prahulayar

7. Gending penutup, biasanya dapat dipilih :

 Lanc. Udan Mas


 Ldr. Pamungkas
 Lanc. Runtung

8. Acara resepsi selesai.

Panatacara Badhe Paripurnaning Gati

Wahyaning mangsa kala wus ndungkap paripurnaning adicara jumbuh kaliyan urut
reroncening adicara purwa, madya, wasana sampun kalampahan kaleksanan dening
kulawangsa, kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambekala.

Minangka pratandha paripurnaning adicara, kasuwun panjenenganipun Bapa/Ibu


………………………………….., keparenga hanjengkaraken putra temanten sarimbit,
tumuju wiwaraning wisma pawiwahan, ingkang saperlu anguntapaken konduring para tamu
saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Kanthi mekaten pratandha pawiwahan prasaja ing
siyang/dalu puniko sampun paripurna, sinartan sesanti jaya-jaya wijayanti, mugi rahayu
ingkang samya ginayuh. Jengkaring putra temanten sarimbit sinawang gegleyongan lampahe
( Binarung : Ldr. Gleyong laras pelog pathet nem )

Panutup Pawiwahan Temanten

Sampun paripurna pahargyan prasaja ing siyang/dalu punika, lumantar pangendhaliwara


sepindhah malih panjenenganipun Bapa/Ibu ………………………, ngaturaken gunging
panuwun saha hambok bilih anggenipun hanampi menggah karawuhan panjenengan sami,
wonten kuciwaning bojakrami, wonten anuh ingkang kirang wanuh, lungguh ingkang kirang
mungguh, miwah suguh ingkang kirang lawuh, mawantu-wantu ingkang hamengku gati,
nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

Semanten ugi kula minangka pangendhaliwara, hambok bilih wonten gonyak-ganyuking


wicara, cawuh kliruning basa, kisruhing paramasastra, miwah kiranging suba sita ingkang
singlar ing reh tata krama, jenang sela wader kali sesondheran, apuranen menawi lepat atur
kawula. Sepindhah malih tahu kecap Purwasari, menawi wonten keladuking patrap lan
pangucap nyuwun pangaksami.

Matur nuwun, mboten langkung kawula handherekaken sugeng kondur, mugi wilujeng
dumugi ing ndalem.

Akhirul kalam, billahi taufik wal hidayah, Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

BASA RINENGGA KANGGE ING PAHARGYAN/PAWIWAHAN MANTU


1. Binarung swaraning pradangga hangrangin hambabar Ketawang Puspawarna, ana ganda
hanggambar arum katiyub ing samirana manda, kawistara jengkaring Sri Atmaja Temanten
putri mijil saking tepas wangi, tepas mengku werdi “papan”, wangi wus hangarani.

2. Tindakira Sri Atmaja temanten putri hamucang kanginan, lengkeh-lengkeh pindha singa
lupa, sapecak mangu satindak kendel, pangudasmaraning driya ingkang dereng kawijil ing
lesan, hangrantu praptaning mudha taruna minangka gegantilaning nala.

3. Kawistara Sri Atmaja penganten putri sampun lenggah hanggana raras wonten sasana adi,
inggih sasana rinengga.

4. Binarung swaraning gangsa ingkang hambabar Ladrang Wilujeng, kawistara jengkaring


putra temanten kakung saking wisma palereman, ing pangajab mugi tansah manggih
kawilujengan kali sing sambekala. Gumebyar busananing putra temanten kakung, hangagem
busana ingkang tinaretes benang sotya, ngagem kuluk kanigara hememba busananing Nata.

5. Wus tinata titi tataning gati, nuninggih putra temanten kakung sampun jumeneng wonten
sangajenging wiwara kepareng badhe hanetepi upacara pasrah.

6. Hangemban dhawuh wigatosing sedya, kepareng hing mangke penganten kakung kula
pasrahaken tuwin kula sumanggakaken dhumateng pinangka sulih salira Bp.
………………………………………. Cundhuk kaliyan lampahing upacara ingkang sampun
rinantam.

7. Saya caket tindakira putra temanten kekalih, gya temanten kekalih samya apagut tingal,
tempuking catur netra handyani pangaribawa ingkang hambabar manunggaling nala ingkang
tumanem ing sanubari.

8. Mila winastan “Suruh” lamun dinulu beda lumah lawan kurebe yen ginigit tunggal rasane,
mengku pralampita dhumateng putra temanten mugi tansah manunggal cipta, rasa miwah
karsane. “Suruh” asung pituduh “Samurupa nganti weruh” bisoa nganti tekan “Rosing rasa”
inggih rasa sejati.

9. Paripurnaning titi laksitaning upacara panggih, putra temanten sekalian gya sinegeban
sindur dening ingkang rama, asung pralampita putra temnaten tansah tinuntuna ing reh
kautaman anggenipun ngancik ing alam madya, tansah pinaringan karaharjan, kamulyan
hanjayeng bawana salaminya.

REREPEN PENGANTEN ADAT JAWA

REREPEN KIRAB KASATRIYAN

Untuk mengiringi kirab kasatriyan pada upacara penganten adat jawa, biasanya
dikumandangan kidungan atau rerepan. Berikut ini salah satu rerepan dengan tembang sekar
sinom.

Rerepan Kangge Nyarengi Kirab Kasatriyan


Sekar Sinom

Mijil kang pindha narendra,


den garubyuk para cethi,
mancorong ponang wadana,
pindha Komajaya Ratih,
rinengga-rengga peni,
gawok ngungun kang handulu,
sinung prabawa maya,
hangadhang mulya sejati,
jroning driya asung pamuji Hyang Suksma.

Pamujine mengku brata,


meminta sihing Hyang Widhi,
satindak lan tandukira,
mugyantuk berkahing Gusti,
uga muna lan muni,
tinebihna salah dudu,
tinuntun budi tama,
pantes tinulad para janmi,
pindha nata gya salin agem satriya.

Hageman satriya tama,


pinhane sang Gunungsari,
iku kang temanten priya,
kang putri lir ragil kuning,
prasetya trus nyawiji,
mrih lestari runtut-atut,
ngesti mengkoni putra,
tali tresna jaman mangkin,
dwi kang putra wus cukup rengganing karma.

Tindake sang sinatriya,


kairing puji hastuti,
wiraga mengku prabawa,
mrabawani kang mriksani,
hamemayu sesame,
mahambeg satriya tuhu,
yeku trah Pancasila,
ngudi mulya lahir batin,
tansah eling waspada bakti mring praja.

Widada manggih yuwana,


sari kang pindha Narpati,
rineksa pra wredha mudha,
sumunar lir Dewa-Dewi,
kongsi kaki lan nini,
paminta kapranan kalbu,
amrih bisa sembada,
ing akhir manggih Swarga di,
wiji mulya kinarya ngrengga Nagara.

Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, sampun handungkap prapteng unggyan
ingkang tinuju, subamanggala gya sung sasmita mring sri temanten nulya kalenggahaken
wonten sasana adi, sang suba manggala sumawana para kadang Wandawa binger jroning
wardaya karana wus bangkit hangentasi karya mulya wangsul mring papanira sowang-
sowang nedya lerem salira kanthi suka pari suka sumangga nun nuwun.

REREPEN JENGKARING SUBA MANGGALA

Rerepan Dhandhanggula
Kangge Nyarengi Jengkaring Suba Manggala

Hanyarkara sinanggit memanis,


hangrumpaka pahargyan prasaja,
dahat edi sanyatane,
sinten kang nembe mantu,
hamiwaha atmajaneki,
mahargya marang putra,
ingkang sampun dhaup,
bapak ………………………….
sekalian kang hanggung tulus marsudi,
budayaning priyangga.

Wus manunggal keblat hanyawiji,


amrih bisa lestari widada,
Sri penganten sakarone,
jinangkung ing Hyang Agung,
saniskara ingkang kaesthi,
sembada kang sinedya,
jumbuh kang ginayuh,
guyub rukun ing bebrayan,
runtut atut tumekaning kaki lan nini,
manggiha bagya mulya.

REREPEN UPACARA SUNGKEMAN

Pada acara sungkeman oleh kedua calon mempelai kepada orang tua, biasanya dialunkan
rerepan atau kidungan dhandhanggula.

Rerepan Dhandhanggula
Kangge Nyarengi Upacara Sungkem
Rama ibu kang luhuring budi,
Ingkang hangukir jiwa lan raga,
Kang agung pangurbanane,
Paring pituduh luhur,
Rina wengi tansah hangesthi,
Mrih rahayuning putra,
Lulus kang ginayuh,
Sadaya ribet rubeda,
Linambaran kanthi sabarang penggalih,
Tuhu pantes sinembah.

Kadya sinendhal rasaning ati,


Panyungkeme kang putra sayuga,
Tumetes deres waspane,
Tan kanawa jroning kalbu,
Ngondhok-ondhok rasaning galih,
Alon ngandikanira,
Dhuh angger putraku,
Sun tampa panyungkemira,
Muga-muga antuk barkahing hyang Widi,
Nggonira jejodhohan.

Piwelingku aja nganti lali,


Anggonira mbangun bale wisma,
Runtut atut sakarone,
Adohna tukar padu,
Tansah eling sabarang ati,
Kuwat nampa panandhang,
Tan gampang amutung,
Dadiya tepa tuladha,
Uripira migunani mring sesame,
Hayu-hayu pinanggya.

You might also like